Teori Semiotik Peirce Pendekatan Struktural Semiotik
sopan, gapyak kaliyan sinten kemawon, sedaya ingkang dipuntindakaken tiyang menika sae saha nguaosi tata krama ingkang wonten. Kasar menika ateges boten
sopan, boten beradab, sedaya ingkang dipuntindakaken boten jumbuh kaliyan tata krama ingkang wonten. Antawis kalih konsep menika priyayi mapanaken saben
tiyang saking petani dumugi raja. Dados saking andharan wonten ing nginggil saged dipuntemtokaken bilih
pandangan dunia para priyayi menika gumantung saking kalih konsep kala wau, inggih menika konsep alus saha konsep kasar. Kalih konsep kala wau
dipunginakaken dening para priyayi kangge nemtokaken saben tiyang miturut tindak tandukipun, menapa tiyang menika petani, dhokter, dumugi raja.
Priyayi menika dipunperang dados 3, inggih menika abangan, santri, saha priyayi menika piyambak. Antawis abangan, santri, saha priyayi kasebut gadhah
titikanipun piyambak-piyambak. Priyayi boten sami kaliyan abangan saha santri, utawi sakosokwangsulipun. Bedanipun antawis priyayi, abangan, saha santri
kasebut saged dipuntingali saking gaya hidupipun, pandangan hidup, ageman, tindak tandukipun utawi sikap, lan sapanunggalanipun.
Miturut Palmier Kartodirdjo dkk, 1987: 7 wonten kalih warni priyayi, inggih menika priyayi luhur saha priyayi alit. Priyayi luhur inggih menika priyayi
ingkang sajatosipun priyayi, saged dipuntingali saking jabatan bapakipun, asal keturunan ibunipun, saha asal keturunan garwanipun. Priyayi alit inggih menika
priyayi ingkang adhedhasar jabatan wonten ing administrasi pemerintahan. Miturut Savitri Scherer Kartodirdjo dkk, 1987: 8, wonten kalih warni
golongan priyayi, inggih menika priyayi birokrasi saha priyayi profesional.
Priyayi birokrasi inggih menika golongan priyayi ingkang gadhah jabatan-jabatan pangrehpraja saha nglajengaken tradhisi priyayi ingkang sakderengipun.
Golongan priyayi profesional, inggih menika golongan priyayi ingkang gadhah jabatan-jabatan pemerintahan ingkang merlokaken pangertosan saha kaprigelan
tartamtu. Miturut Kuntjaraningrat Kartodirdjo, 1987: 9 priyayi dipunperang dados
kalih, inggih menika priyayi pangrehpraja saha priyayi sanes pangrehpraja. Priyayi golongan pangrehpraja inggih menika pejabat-pejabat Pemerintah
Daerah, inggih menika tiyang-tiyang ingkang wigati saha paling inggil
gesangipun antawis priyayi sanesipun. Golongan priyayi ingkang angka kalih inggih menika golongan tiyang-tiyang terpelajar, ingkang asalipun saking
dhaerah padhusunan utawi dhaerah golongan tiyang alit wonten ing kitha ingkang sampun kasil anggenipun nggayuh kedudukan pegawai negeri mawi
pendhidhikan. Minangka salah satunggaling kelompok sosial ingkang beda kaliyan rakyat
biyasa, priyayi gadhah titikan tartamtu ingkang bedakaken piyambakipun kaliyan rakyat biyasa. Titikan kasebut boten namung awujud tata krama, sopan santun,
basanipun, ananging ugi titikan ingkang asipat nyata. Nalika jaman rumiyin, saking wujud dalemipun priyayi kemawon saged dipuntingali derajat
kapriyayianipun priyayi kasebut. Kanthi makaten tingkat kapriyayian tetiyang menika saged dipuntingali saking dalemipun.
Faktor ingkang saklajengipun inggih menika saking unsur sikap. Sikap ugi saged nedahaken mingka salah satunggaling lambang kepriyayian salah
satunggaling priyayi Geertz, 1983: 327. Perkawis menika dipundhasari saking pamanggih bilih wonten ing pagesangan padintenan salah satunggaling priyayi
biyasanipun wonten cara-cara formal ingkang kaku wonten ing nindakaken salah satunggaling pakaryan. Cara formal kasebut ingkang dipunwastani etiket. Etiket
menika ngatur solah bawa diri pribadi saha tiyang sanes kanthi pangajab supados boten andadosaken tindakan ingkang boten sae.
Etiket priyayi menika gadhah ancas kangge damel pribadi ingkang alus. Priyayi dipuntingali gadhah sikap ingkang alus saha saged nahan pangraosipun
ingkang ndadosaken priyayi menika gadhah solah bawa ingkang sae ugi Geertz, 1983: 311. Miturut Magnis-Suseno wonten ing Endraswara, 2010: 13 etika
inggih menika sedaya norma saha penilaian ingkang dipunginakaken dening masarakat ingkang bersangkutan kangge mangertosi kados pundi manungsa
kedahipun nglampahaken gesangipun: dados wonten pundi piyambakipun manggihaken wangsulan pitakenan: kados pundi kula kedah mbeta dhiri, sikap-
sikap, saha tumindak-tumindak pundi ingkang kedah kula ngrembakaaken supados gesang kula minangka manungsa saged kasil.