antawisipun simile, metafora, personifikasi, ugi wonten tembung pepindhan saha bebasan.
4. Wujud Gayutanipun Antawis Tandha kaliyan Acuanipun Ikon, Indeks,
Simbol wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.
Wonten ing salah satunggaling teks wonten kemungkinan wontenipun salah satunggaling jinising wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan acuanipun
ingkang awujud ikon, indeks, utawi simbol. Ikon, indeks, saha simbol kasebut ageng perananipun wonten ing salah satunggaling cariyos. Babagan wujud ikon,
wonten tiga jinisipun, inggih menika ikon topologis, ikon diagramatik, saha ikon metaforis
. Saben jinising ikon menika gadhah titikanipun piyambak-piyambak satemah saged dipunklasifikasiaken. Antawis ikon, indeks, saha simbol wonten ing
wujudipun dipungayutaken kaliyan prastawa-prastawa ingkang wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat.
a. Wujud Gayutanipun Antawis Tandha kaliyan Acuanipun ingkang
Awujud Ikon wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat
Ingkang sapisan dipunandharaken saking asiling panaliten inggih menika wujud gayutanipun antawis tandha kaliyan acuanipun ingkang awujud ikon.
Wujud ingkang arupi ikon menika kasusun saking tigang warni, inggih menika ikon topologis, ikon diagramatik,
saha ikon metaforis. Ing ngandhap menika dipunandharaken wujud ikon ingkang arupi ikon topologis, ikon diagramatik, saha
ikon metaforis ingkang trep kaliyan prastawa ingkang wonten ing Novel Kirti
Njunjung Drajat.
Tabel 2: Deskripsi Wujud Ikon Topologis, Ikon Diagramatik, saha Ikon Metaforis wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.
No. Wujud Ikon
Indikator Kutipan Data
No. Data
1 Ikon Topologis
a. Nyebataken salah
satunggaling papan,
wilayah tartamtu
saha kahananipun.
Kahananipun wonten
ing setatsiyun
Balapan Surakarta
Tetiyang Surakarta ingkang badhé kekésahan mangilèn
minggahipun dhateng sepur arebat jucung, usek-usekan
kaliyan
ingkang saweg
mandhap; dipun
bengoki déning kondhèkturˏ supados
ngentosi satelasipun ingkang mandhapˏ boten dipun rèwèsˏ
amargi sumelang manawi boten uman papanˏ agengipun
ngantos katilar ing sepur. 1
Kahananipun nagari
Surakarta Sukunipun
redi Merapi
ingkang sisih kidul wétanˏ toyanipun gumpangˏ tulus
ingkang sarwa
tinanem. Pasitèn wau kathah ingkang
dados kabudidayanˏ
katanenam rosanˏ
tomˏ pantun.
Kedhungipun satunggaling lèpènˏ toyanipun
beningˏ dados kaluruganipun laré padhusunanˏ sami adus
aceciblon. 7
b. Nyebataken
paraga cariyos
kaliyan sikap saha kahanan fisik.
Kahananipun paraga
saha sikapipun
Bandara Panji Puspawicara
Panuju wonten ing kantorˏ Dèn Bèi Prajasusastra dipun
sanjani priyantun nènèman bregasˏ misuwur ahli dhateng
kasusastranˏ punapadéné
sugih pangertosan. 14
Kahananipun paraga
saha sikapipun
Darba Satunggaling tiyang nènèman
kados pun Darbaˏ jembar sawanganipunˏ sampun saged
nandhing milihˏ
panimbangipun ing
samubarang prakawis mawi nalar-
nalar ingkang prematiˏ punika pancènipun sampun
kénging dipun eculakenˏ kados pundi pamilihipun
…. 15