Novel minangka Karya Sastra

Wonten ing pendekatan struktural menika saged dipuntingali bilih strukturalisme menika langkung migatosaken objek saha panganggit boten dipunwontenaken, pramila asring pendekatan menika dipunwastani minangka antihumanis. Supados pendekatan menika boten dipunwastani minangka pendekatan ingkang antihumanis, pramila analisis struktural menika langkung sae bilih dipunjangkepi kaliyan analisis sanesipun. Analisis ingkang dipunmaksud inggih menika semiotik ingkang wonten gayutanipun kaliyan panaliten menika kajawi menika analisis struktural boten saged dipunicali saking analisis semiotik. Satemah analisis menika dados analisis struktural-semiotik, analisis struktural ingkang dipungayutaken kaliyan kawontenan sosial-budaya ingkang langkung wiyar saha kajian intertekstual. Wonten ing ngandhap menika badhe dipunandharaken unsur-unsur struktural wonten ing karya sastra. 1 Tema Tema minangka salah satunggaling unsur karya sastra. Miturut Stanton 1965: 20 saha Kenny 1966: 88 wonten ing Nurgiyantoro, 2013: 114 ngandharaken bilih tema theme inggih menika makna ingkang dipunkandhut dening salah satunggaling cariyos. Nurgiyantoro 2013: 115 damel dudutan bilih tema inggih menika gagasan makna dhasar umum ingkang menopang salah satunggaling karya sastra minangka struktur semantis saha asipat abstrak ingkang kanthi berulang-ulang dipunmedalaken mawi motif-motif saha biyasanipun dipunlampahi kanthi implisit. Tema wonten ing karya sastra dipunperang dados kalih, inggih menika tema utama saha tema tambahan. Tema utama utawi ugi dipunsebat tema mayor inggih menika makna pokok cariyos ingkang dados dhasaripun utawi gagasan dhasar umum karya sastra menika. Kangge nemtokaken tema utama cariyos ngginakaken cara ngidentifikasiaken, milih, mempertimbangkan, saha mbiji. Tema tambahan utawi ugi dipunsebat tema minor, inggih menika makna ingkang namung wonten ing perangan-perangan tartamtu kemawon wonten ing cariyos ingkang saged dipunidentifikasi minangka makna tambahan. Makna-makna tambahan menika boten ngadeg piyambak, ananging nyengkuyung wontenipun makna pokok. 2 Plot Plot minangka unsur ingkang wigati sanget wonten ing karya sastra. Plot utawi alur menika dados unsur ingkang ndadosaken cariyos menika wonten saha saged dipunmangertos dening pamaos. Miturut Stanton wonten ing Nurgiyantoro, 2013: 167, plot inggih menika cariyos ingkang isinipun urutanipun salah satunggaling prastawa, ananging saben prastawa menika namung dipungayutaken kaliyan sebab akibat, prastawa ingkang setunggal dipunsebabaken utawi ndadosaken prastawa sanesipun. Plot miturut Forster wonten ing Nurgiyantoro, 2013: 167 inggih menika prastawa-prastawa ingkang gadhah penekanan wonten ing gayutan kausalitas. Dados, plot menika prastawa ingkang gadhah gayutan sebab akibat ingkang ndadosaken prastawa setunggal gayut kaliyan prastawa sanesipun. Miturut Nurgiyantoro 2013: 212-213, plot dipunklompokaken wonten ing pinten-pinten jinis ingkang beda adhedhasar sudut-sudut tinjauan utawi kriteria ingkang beda ugi. Pambedanipun plot adhedhasar kriteria urutanipun