Sudut Pandang Unsur-Unsur Struktural ingkang wonten ing Novel Kirti Njunjung Drajat.

Saklajengipun ukara ingkang nedahaken ikon topologis ingkang nyebataken paraga cariyos kaliyan sikap saha kahanan fisikipun. Wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat dipunpanggihaken data ingkang kados makaten. Satunggaling tiyang nènèman kados pun Darbaˏ jembar sawanganipunˏ sampun saged nandhing milihˏ panimbangipun ing samubarang prakawis mawi nalar- nalar ingkang prematiˏ punika pancènipun sampun kénging dipun eculakenˏ kados pundi pamilihipun lampah badhé gesangipun. KND: 51 Ukara ing nginggil menika ngandharaken babagan sikap saha kahananipun paraga Darba. Dipunandharaken bilih Darba menika satunggaling tiyang ingkang taksih enem ingkang jembar sawanganipun, panimbangipun babagan samubarang prekawis mawi nalar-nalar ingkang premati, nedahaken bilih Darba menika tiyang enem ingkang sampun saged mandiri saha sampun mangertos lampah gesangipun badhe kados pundi. Ukara menika kanthi cetha ngandharaken babagan paraga Darba satemah saged dipungolongaken bilih pethikan data kala wau kalebet ikon topologis ingkang adhedhasar nyebataken paraga cariyos kaliyan sikap saha kahanan fisikipun. Ingkang angka kalih wonten ing pirembagan menika, badhe dipunrembag babagan ikon diagramatik. Ikon diagramatik menika dipunperang dados kalih, inggih menika nedahaken papan, palenggahan utawi jabatan mawi dhasaripun, saha nyebataken kahanan saha sikap paraga gayutanipun kaliyan perkawis ingkang dipunlampahi. Wonten ing novel Kirti Njunjung Drajat menika dipunpanggihaken data ingkang kalebet ikon diagramatik adhedhasar saking nedahaken papan, palenggahan utawi jabatan mawi dhasaripun. Pethikan data nipun kados makaten. Tetiyang wau wonten ingkang manganggé paméranˏ asinjang carik latar cemengˏ rasukanipun sikepan cemeng cekakˏ sabukipun dringinˏ èpèk bludru cemeng. Dhuwungipun ladrang pendhok suwasa. Sawanganipun prasajaˏ namung saben-saben ketingal timangipun satléraman gebyar- gebyar mawi mripat intenˏ tetéla ingkang nganggé punika kecekapan. Kejawi punika tiyang wau nganggé kuluk pethakˏ kénging dipun grayangi bilih abdidalem apangkat drajat. KND: 11-12 Ukara ing nginggil menika ngandharaken babagan jabatan satunggaling tiyang mawi dhasaripun. Wonten ing ukara kasebut dipunandharaken bilih wonten satunggaling tiyang ingkang mangangge pame ranˏ asinjang carik latar cemengˏ rasukanipun sikepan ce meng cekakˏ sabukipun dringinˏ epek bludru cemeng. Dhuwungipun ladrang pendhok suwasa. Tiyang wau ngangge kuluk pethakˏ kenging dipun grayangi bilih abdidalem apangkat drajat. Saking andharan menika saged dipuntingali bilih tiyang kala wau kalebet satunggaling priyayi. Saged dipunsebat priyayi amargi menawi dipuntingali saking agemanipun ingkang kados dipunsebataken ing nginggil kala wau, tiyang menika kalebet priyayi. Wonten ing jaman rumiyin tiyang ingkang agemanipun kados makaten saged dipunsebat priyayi. Pramila pethikan data menika kagolong ikon diagramatik adhedhasar saking jabatan satunggaling tiyang mawi dhasaripun. Saklajengipun inggih menika data ingkang kalebet ikon diagramatik adhedhasar saking nyebataken kahanan saha sikap paraga gayutanipun kaliyan perkawis ingkang dipunlampahi. Pethikan datanipun kados makaten. Mas Bèi Mangunripta nepsuˏ lajeng ngungel-ungeli tiyang dusun wauˏ …Hehˏ apa ora weruh yén aku priyayi. KND: 16 Saking ukara ing nginggil menika dipuncariyosaken bilih paraga Mas Bei Mangunripta nalika wonten ing lebeting sepur dipunbruki kaliyan tiyang dhusun ingkang mbekta pikulan. Anggenipun ngebruki menika boten sengaja amargi