Tataran Analisis Kabetahan Caranipun Damel Media Pamulangan Tembang Macapat

Adhedasar tabel asiling ketuntasan siswa anggenipun nggarap gladhen wonten ing salebeting media pamulangan saged dipunmangertosi bilih siswa ingkang sampun nggayuh KKM inggih menika 16 siswa kanthi presentase 80 saha siswa ingkang dereng saged nggayuh KKM inggih menika 4 siswa kanthi presentase 20. Saking asling biji kasebut saged katingal kaprigelaning siswa anggenipun mangertosi materi pamulangan tembang macapat Gambuh ingkang dipunandharaken kanthi media pamulangan interaktif kanthi sofware Adobe Flash CS 5. Kaprigelaning siswa anggenipun mangertosi materi tembang macapat Gambuh kagolong kategori sae sanget. Gladhen menika dipunginakaken kangge mangertosi panguwaosipun materi ingkang wonten ing media pamulangan. Presentase ketuntasan siswa anggenipun nggarap gladhen inggih menika 80. Kanthi mekaten nedahaken bilih media ingkang dipundamel menika saged narik kawigatosan siswa sarta saged dipunginakaken kangge maringi motivasi supados siswa menika remen nyinau tembang macapat Gambuh.

B. Pirembagan

1. Caranipun Damel Media Pamulangan Tembang Macapat

a. Tataran Analisis Kabetahan

tataran analisis kabetahan dipunindakaken sakderengipun tataran ngrancang media. Tataran analisis kabetahan minangka tataran purwaka ingkang dipuntindakaken. Wonten ing tataran menika panaliti nganalisis kurikulum saha nganlisis pamulangan tembang macapat Gambuh wonten ing kelas. Tataran menika dipuntindakaken kangge nganalisis kabetahan damel media pamulangan. Analisis kurikulum nedahaken bilih pamulangan basa Jawi berbasis Kurikulum 2103 Daerah Istimewa Yogyakarta DIY kangge siswa kelas IV SD inggih menika. Kompetensi inti KI ingkang dipunginakaken “Memahami pengetahuan faktual dengan cara mengamati mendengar, melihat membaca dan menanya berdasarkan rasa ingin tahu tentang dirinya, makhluk ciptaan Tuhan dan kegiatannya, dan benda-benda yang dijumpainya dirumah dan disekolah” saha Kompetensi dasar ipun KD “Memahami embang macapat Gambuh da geguritan ”. Wondene Indikator ingkang wonten kompetensi inggih menika. 1 Melagukan tembang Gambuh. 2 Menjelaskan aturan tembang Gambuh. 3 Menjelaskan kandungan isi yang terdapat dalam syair tembang Gambuh. 4 Menguraikan pendidikan karakter yang terdapat dalam tembang Gambuh. Salajengipun inggih menika nganalisis data saking observasi ingkang sampun dipuntindakaken dening panaliti tumrap pamulangan tembang macapat Gambuh woten ing kelas saha kahananing siswa. Adhedhasar saking observasi menika, kaprigelan saben siswa anggenipun mangertosi materi pamulangan menika boten sami. Supados saged nggayuh ancas ingkang dipunkajengaken, panaliti kedah ningali kaprigelan siswa ingkang beda-beda sarta ningali bab-bab sanesipun ingkang nyengkuyung mindhakipun kaprigelan siswa anggenipun mangertosi materi. Ing SD Budi Utama menika siswa asring boten nggatosaken guru nalika ngandharaken materi pamulangan tembang macapat Gambuh. Kirangipun greget siswa wonten ing pamulangan ing tembang macapat Gambuh amargi boten wonten media pamulangan ingkang saged narik kawigatosaning siswa supados nyinau tembang macapat Gambuh. Awit saking menika saha panjurunging guru, panaliti ngrantam damel media tembang macapat Gambuh awujud Compact Disk CD supados saged dipunginakaken minangka media pamulangan ingkang interaktif saha saged dipunginakaken wonten wekdal saha papan pundi kemawon. Media pamulangan menika dipunajab saged dipunginakaken minangka sarana ingkang saged mbiyantu guru saha siswa wonten ing salebeting proses pamulangan, sarta saged narik kawigatosan siswa anggenipun nyinau materi tembang macapat kanthi mandhiri.

b. Tataran Ngrancang Media