Asiling Pungkasan Produk Media Pasinaon Interaktif Tembang Macapat

komputer badhe paring pambiji otomatis satemah siswa saged mangertosi kaprigelanipun saksampunipun mangsuli sedaya soal wonten ing gladhen menika. 7. Media menika saged nggampilaken guru anggenipun paring materi saha informasi tumrap siswa. 8. Gladhen ingkang wonten salebeting media menika saged kangge ngukur kaprigelanipun siswa, amargi sasampunipun nggarap gladhen menika bijinipun langsung saged dipunmangertosi.

4. Asiling Pungkasan Produk Media Pasinaon Interaktif Tembang Macapat

Gambuh Asiling validasi deing dosen ahli materi, dosen ahli media, biji saking guru basa Jawi, sarta pamanggih siswa saged dipunpikantuk asiling tampilan produk media pasinaon interaktif tembang macapat Gambuh. Tampilan media pasinaon punika dipunpikantuk kanthi revisi utawi ndandosi media jumbuh kaliyan pamrayogi saking dosen ahli materi, dosen ahli media, guru basa Jawi sarta pamanggih siswa. Sedaya pamrayogi saking dosen ahli materi, dosen ahli media, sarta guru basa Jawi menika ginanipun kangge revisi supados saged ngasilaken media pasinaon ingkang sae. Wonten ngandhap menika revisi media adhedhasar pamrayogi dosen ahli materi, dosen ahli media , saha guru basa Jawi. Tabel 33: Revisi Media Pasinaon Interaktif Tembang Macapat Gambuh Pamrayogi Dosen Ahli Materi Pamrayogi Dosen Ahli Media Pamrayogi Guru Basa Jawi Titi laras wonten ing materi dipungantos supados saged dipunwaos dening siswa. Swanten ingkang ngiringi lngkung sae ingkang jumbuh kaliyan kahananing siswa SD. Panganggening basa ing media kajumbuhaken kaliyan panganggening basa siswa, saengga para siswa langkung gampil anggenipun mangertosi teges tembung Tabel salejengipun: Gladhen wonten ing sajroning media pasinaon supados dipundamel langkung inovatif saha kreatif satemah saged paring seserepan enggal tumrap siswa. Tombol menu dipunpapanaken wonten ing saben layer saengga tombol menu langkung efektif dipunginakaken. Aksara wonten ing salebeting materi dereng trep saha dereng jangkep Dereng wonten evaluasi wonten ing salebeting galdhen, langkung sae dipunparingi satunggal layer malih kangge layer evaluasi. Jumbuh kaliyan pamrayogi dosen ahli materi, dosen ahli media saha guru basa Jawi pramila media pasinaon menika dipundandosi satemah ngasilaken media pasinaon ingkang interaktif. Tampilan pungkasan media pasinaon saged dipuntingali wonten ing lampiran. 123

BAB V PANUTUP

A. Dudutan

Panaliten ingkang dipuntindakaken menika kalebet jinis panaliten Research and Development RD. Panaliten Research and Development RD inggih menika satunggaling panaliten ingkang dipuntindakaken kanthi cara tartamtu kangge ngasilaken produk tartamtu saha miji keefektifan produk kasebut. Produk ingkang dipunasilaken inggih menika media pamulangan tembang macapat Gambuh kanthi sofware Adobe Flash CS 5 ingkang awujud Compact DiskCD. Materinipun inggih menika tembang macapat Gambuh wonten ing Sekolah Dasar kelas IV. Wondene anggenipun damel media pamulangan menika ngginakaken sofware Adobe Flash CS 5 kados ing ngandhap menika. 1. Caranipun damel media pamulangan tembang macapat kanthi sofware Adobe Flash CS 5 tumrap siswa SD inggih menika kanthi tataran analisis kabetahan pamulangan tembang macapat Gambuh, ngrancang media, nyamaptakaken materi salajengipun dipundamel flowchart, damel media pamulangan tembang macapat Gambuh, validasi saha ujicoba winates tumrap siswa SD Budi Utama kelas IV, sarta revisi saha damel produk ingkang pungkasan. 2. Validasi kualitas media pamulangan tembang macapat Gambuh kanthi sofware Adobe Flash CS 5 katindakaken dening dosen ahli materi saha dosen ahli media. Pambijining kualitas media pamulangan tembang macapat Gambuh dening dosen ahli materi pikantuk persentase 83,52 ingkang kagolong sae sanget. Pambiji saking dosen ahli media pikantuk persentase 80 ingkang kagolong sae.