Tataran Ngrancang Media Tataran Damel Media

pembelajaran menika saged narik kawigatosaning siswa saha saged dipunginakaken minangka sumber alternatif sinau para siswa. Media menika ugi saged dipunginakaken wonten ing pamulangan ing sekolahan menapadene sinau piyambak wonten ing griya.

b. Tataran Ngrancang Media

Tataran ngrancang media menika kangge nemtokaken media menapa ingkang badhe dipundamel adhedhasar saking analisis kabetahan. Wonten ing tahap menkika panaliti nemtokaken desain produk kangge nemtokaken isinipun media pasinaon. Produk media pasinaon ingkang dipunrancang inggih menika arupi media pasinaon tutorial. Guru minangka kontrol kendali saha minangka informan wonten ing pasinaon ing sajroning kelas. Salajengipun, panaliti nemtokaken materi saha evaluasi. Materi dipunperang dados 3tiga sub materi, inggih menika pangertosan tembang macapat, tembang macapat Gambuh, saha wosing tembnag macapat Gambuh. Saha wujudipun evaluasi inggih menika dipundamel pilihan ganda kanthi 20 kalihdasa soal. Salajengipun nindakaken studi pustaka gegayutan kaliyan media ingkang badhe dipundamel. Wonten ing tataran menika dipunsameptakaken menapa ingkang dipunbetahaken kangge damel produk salajengipun dipundamel dados materi tembang macapat Gambuh saha dipundamel flowchart. Flowchart inggih menika diagram alur kangge nggampilaken nalika damel rancangan program media pembelajaran menika. Wosing flowchart menika ngandhut konsep penyajian media piwulangan. Flowchart lajeng dipunwujudaken dados naskah media pasinaon ingkang ngemot wedharan pambuka media, pitedah ngginakaken media, kompetensi, materi tembang Gambuh, gladhen, kawruh basa, kapustakan, profil, saha panutup media. Kejawi menika, instrument panaliten ingkang badhe dipunginakeken kangge uji validasi ugi kedah dipunsameptakaken wonten ing tataran menika.

c. Tataran Damel Media

Salajengipun inggih menika tataran damel media. Adhedasar naskah media menika salajengipun dipundamel media pasinaon tembang macapat Gambuh kanthi sofware Adobe Flash CS 5. Tahap damel media dipunwiwiti kanthi cara damel layout saha background kanthi konsep gambar animasi. Gambar animasi ingkang sampun dipunwarna salajengipun dipunproses wonten ing program Adobe Flash CS 5 supados saged dipundamel media pasinaon. Media pasinaon ingkang sampun dados kasebut salajengipun dipunlebetaken wonten ing sajroning CD Compact Disk.

d. Tataran Validasi saha Ujicoba