Nalaring Panaliten GEGARAN TEORI

Menawi panaliten menika ngginakaken sofware Adobe Flash CS 5 ingkang langkung sae saha langkung enggal saking versi sakderengipunh. Panaliten ingkang dipuntindakaken dening Tri Ari Hardi Hardiyanti jumbuh kaliyan panaliten menika amargi sami-sami ngrembag babagan damel media pasinaon kanthi sotfware Adobe Flash. Bedanipun inggi menika panaliten anggitanipun Tri Ari Hardiyanti, media dipundamel kangge pamulangan lagu dolanan tumrap siswa SMP, wondene panaliten menika kangge pamulangan tembang macapat Gambuh tumrap siswa SD. Panaliten ingkang dipuntindakaken dening Tri Ari Hardiyanti menawi dipuntingali saking kualitas tampilan media pikantuk biji 86 kalebet kategori sae sanget. Saking aspek ketepatan materi pikantuk biji 90 kalebet kategori sae sanget. Asiling tanggapan siswa pikantuk biji 89 kalebet kategori sarujuk sanget.

C. Nalaring Panaliten

Pamulangan inggih menika satunggaling kadadosan ingkang saged mangaribawani siswa saengga proses pasinaon saged kaleksanan kanthi gampil. Pamulangan minangka proses gunem rembug antawisipun guru kaliyan siswa gegayutan kaliyan satunggaling usaha kangge nggayuh ancas ingkang sampun dipuntemtokaken ananging, wonten praktekipun gunem rembug menika asring manggihi perkawis, supados pamulangan saget lancar lan variatif dipunbetahaken piranti utawi sarana ingkang saged biyantu proses pamulangan ingkang awujud media pamulangan interaktif. Media menika saged nggampilaken siswa anggenipun sinau, sarta saged biyantu guru anggenipun ngandharaken materi pamulangan saengga saged mujudaken proses gunem rembug ingkang efektif. Gunem rembug menika saged dipunsebut efektif menawi materi ingkang dipunandharaken saged dipuntampi kanthi persepsi ingkang sami dening siswa. Mawi media pamulangan interaktif kanthi Adobe Flash, proses pamulangan langkung nengsemaken, interaktif, efektif saged narik kawigatosan siswa. Saengga saged nuwuhaken motivasi sinau, saha proses pamulangan saged dipuntindakaken ing pundi kemawon, saengga saged mindhakaken prestasi siswa. Media pamulangan interaktif menika saged dipundamel kanthi pemrograman flash ngginakaken Adobe Flash CS 5. Kanthi menika wonten ing panaliten menika dipunkembangaken media pamulangan interaktif, mliginipun kangge tembang macapat kanthi Adobe Flash CS 5 saha kados pundi cak-cakanipun wonten ing pamulangan SD. Media dipundamel kanthi sae, jumbuh kaliyan karakteristik siswa SD, saged narik kawigatosan siswa, sarta saged nggampilaken anggenipun mangertosi materi lan tuladha-tuladha tembang macapat. 23

BAB III METODE PANALITEN

A. Desain Panaliten

Panaliten menika ngginakaken metode panaliten pengembangan utawi Research and Development RD. Panaliten menika satunggaling panaliten kangge ngasilaken produk tartamtu saha miji keefektifan produk kasebut. Sugiyono 2012: 407 ngandharaken bilih ngasilaken produk pamulangan menika dipunginakaken panaliten ingkang gadhah sipat analisis kabetahan saha panaliten kangge miji keefektifan produk kasebut supados saged mumpangat tumrap masyarakat kathah. Miturut Gall, P. Gall, Borg 2007: 589 ngandharaken bilih research and development inggih menika model pengembangan ingkang dipundamel kanthi cara panaliten supados ngasilaken produk enggal mawi kefektifitasan, kualitas saha standar tartamtu. Panaliten menika dipunlampahai kanthi ngempalaken data utawi seserepan kangge damel media interaktif tembang macapat kanthi Adobe Flash CS 5 ingkang samangke awujud Compact Disk CD. Produk media pamulangan menika dipundamel saha dipunrembag kaliyan dosen pembimbing ahli materi saha dosen pembimbing ahli media, saengga media saged dipunginakaken kange pamulangan Basa Jawi sarta sinten kemawon ingkang badhe sinau tembang macapat Gambuh.

B. Tata Cara Damel Media

Ing salebeting panaliten damel media menika kedah nggatosaken cara-cara damelipun. Padmo 2004: 418-423 ngandharaken bilih wonten gangsal tataran ingkang kedah dipuntindakaken, inggih menika: