37
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGAN
A. Asiling Panaliten
1. Caranipun Damel Media Pamulangan Tembang Macapat
Damel  media  pamulangan  tembang  macapat  Gambuh  kanthi  sofware Adobe  Flash  CS  5  menika  wonten  tataranipun.  Tataran-tataran  menika
katindakaken  supados  ngasilaken  media  pamulangan  tembang  macapat  Gambuh ingkang layak tumrap siswa kelas IV SD saengga saged minangka sumber belajar
alternatif  kangge  sinau  kanthi  mandhiri.  Tataran  damel  media  pamulangan tembang macapat Gambuh kaandharaken kados mekaten.
a. Tataran Nganalisis
Tataran analisis inggih menika tataran purwaka kangge nemtokaken media kados  menapa  ingkang  badhe  dipundamel.  Wonten  ing  tataran  menika
dipuntindakaken  kanthi  nganalisis  data  observasi.  Analisis  kurikulum  saha analisis pamulangan tembang macapat Gambuh lan kahananing siswa wonten ing
sajroning  kelas  menika  dipuntindakaken  kangge  nganalisis  kabetahan  saha mekaraken  media  pamulangan.  Wonten  ing  panaliten  menika,  analisis  ingkang
dipuntindakaken  rumiyin  dening  panaliti  inggih  menika  nganalisis  kurikulum pamulangan  basa,  sastra  lan  budaya  Jawi  wonten  ing  wilayah  Yogyakarta.
Sasampunipun  nganalisis  kurikulum  dipunpanggihaken  Kompetensi  inti, Kompetensi  dasar,  Indikator  saha  materi  pamulangan.  indikator  saha  materi
pamulangan dipunjumbuhaken kaliyan kahanan siswa.
Adhedhasar  saking  nganalisis  kurikulum  muatan  lokal  mata  pelajaran Basa, Sastra lan Budaya Jawi berbasis Kurikulum 2013 D. I. Yogyakarta, pratelan
pamulangan  tembang  macapat  Gambuh  kangge  siswa  SD  inggih  menika  kados mekaten.
Tabel 14: KI, KD saha Indikator pamulangan tembang macapat Gambuh SD No
Kelas Semester
Kompetensi inti Kompetensi
dasar Indikator
1. IV  Ganjil  3.Memahami
pengetahuan  faktual dengan
cara mengamatimendeng
ar,melihat, membaca
dan menanya
berdasar rasa
ingin tahu
tentang dirinya,
makhluk ciptaan
Tuhan dan
kegiatannya, dan
benda-benda yang
dijumpainya di
rumah dan
di sekolah
3.2 Memahami
tembnag macapat
Gambuh dan
geguritan -
Melagukan tembang Gambuh
- Menjelaskan
aturan tembang
Gambuh -
Menjelaskan kandungan isi yang
terdapat dalam
syair tembnag
Gambuh -
Menguraikan pendididkan
karakter yang
terdapat dalam
tembnag Gambuh
Nalika nganalisis kurikulum ingkang kedah dipungatosaken inggih menika ningali  kahananing  siswa  anggenipun  mangertosi  materi  tembang  macapat
mliginipun tembang Gambuh. Siswa SD Budi Utama menika nalika pamulangan Basa  Jawi  mliginipun  tembang  macapat  Gambuh  kirang  nggatosaken  guru
ingkang  mulang.  Siswa  ugi  angel  nalika  dipungladhi  nembang  macapat.  Siswa kirang gregetipun nalika ndherek pamulangan basa Jawi.
Adhedasar  kahanan  kala  wau  panaliti  rembakan  kaliyan  guru  basa  Jawi bilih badhe damel media pembelajaran tembang macapat Gambuh kanthi sofware
Adobe  Flash  CS  5  ingkang  awujud  CDCompact  Disk.  Satemah  kanthi  media
pembelajaran  menika  saged  narik  kawigatosaning  siswa  saha  saged dipunginakaken  minangka  sumber  alternatif  sinau  para  siswa.  Media  menika  ugi
saged  dipunginakaken  wonten  ing  pamulangan  ing  sekolahan  menapadene  sinau piyambak wonten ing griya.
b. Tataran Ngrancang Media