Paedah Media Jinising Media

2. Paedah Media

Wonten ing sajroning pamulangan, media minangka sarana kangge guru paring seserepan tumrap siswa kanthi cara ingkang mboten konvensional. Media gadhah manekawarna paedah saengga wonten ing sajroning pasinaon mboten boseni saengga saged narik kawigatosan siswa. Wondene paedahipun media piwulangan miturut Sudjana lumantar Djamarah 1997: 154 kados mekaten: a. ngirangi verbalisme; b. narik minat saha kawigatosan siswa supados sinau; c. minangka dhasar kangge pemekaran kagiatan piwulangan; d. maringi pengalaman ingkang saestu saha saged nuwuhaken kreativitas tumrap saben siswa; e. nuwuhaken penggalihan ingkang sistematis saha imbang; f. mbiyantu nuwuhaken penggalihan saha kasagedan berbahasa; g. maringi pengalaman sarta mbiyantu pemekaranipun efisiensi saha pengalaman sinau h. nambahi cethanipun makna materi utawi piwulangan i. nambahi variabel metode nalika ngasta satemah siswa boten bosen; j. ngindhakaken aktivitas pasinaon siswa. Ngginakaken media menika saged dipunraosaken mumpangatipun menawi guru saged ngginakaken media menika jumbuh kalihan ancas saha ginanipun. Cara ngginakaken media menika kedah jumbuh kalihan jinis saha karakteristik media menika. Menawi guru boten saged ngginakaken media jumbuh kalihan ancasipun, mila medianipun boten wonten paedahipun.

3. Jinising Media

Media menika minangka piranti ingkang saged mbiyantu wonten ing sajroning piwulangan. Media ugi saged maringi motivasi siswa kangge sinau. Jinisipun media menika manekawarni miturut sipat-sipat media kasebut. Kanthi menika para ahli damel klasifikasi perangan jinising media pamulangan. Miturut pamanggihipun Suleiman 1988: 26-27, media pamulangan kaperang dados saperangan jinis kados kasebut ing ngandhap menika. a. Piranti audio, inggih menika sedaya piranti ingkang saged ngasilaken suwanten. Tuladhanipun kaset saha radio. b. Piranti visual, inggih menika sedaya piranti ingkang saged nedahaken wujudipun utawi asring winastan alat peraga. Piranti visual menika wonten kalih jinis, inggih menika: 1 Piranti visual kalih dimensi a Piranti visual kalih dimensi wonten ing bidang ingkang boten transparan. Tuladhanipun gambar wonten ing kertas, grafik, diagram, bagan, poster, lan sapanunggalinipun. b Piranti visual kalih dimensi wonten ing bidang ingkang transparan. Tuladhanipun slide. 2 Piranti visual tiga dimensi, tuladhanipun samubarang ingkang ketingal asli saha mawi model. 1 Piranti audio-visual inggih menika piranti ingkang saged nedahaken wujud saha ngasilaken suwanten dados setunggal, tuladhanipun film ingkang wonten suwantenipun saha tv. Saking kathahing jinis media menika guru saged milah salah satunggal menapa pinten media ingkang saged dipunginakaken kangge maringi materi piwulangan tumrap proses piwulangan kanthi ancas supados siswa boten ngraosaken bosen dhumateng materi piwulangan.

4. Adobe Flash Creative Suite 5