Pamanggih saking Guru Basa Jawi

3. Kualitas Media Interaktif miturut Guru Basa Jawi saha Siswa kelas IV

SD Saksampunipun media pamulangan sampun dipunvalidasi dening dosen ahli materi saha dosen ahli media, salajengipun nyuwun pemanggih dening guru basa Jawi saha siswa SD Budi Utama mliginipun kelas IV. Guru basa Jawi paring biji kualitas media saha pemanggih tumrap media pamulangan tembang macapat Gambuh kanthi ngisi angket. Wondene pemanggih para siswa tumrap media pamulangan tembang macapat Gambuh dipuntindakaken kanthi ngisi lembar evaluasi pemanggih siswa. Evaluasi kualitas media dening guru basa Jawi wonten 2 perangan inggih menika perangan leresipun konsep saha kompetensi kaliyan perangan kualitas tampilan.

a. Pamanggih saking Guru Basa Jawi

Pemanggih saking guru basa Jawi dipuntindakaken kanthi paring lembar angket kangge mbiji lerseipun konsep saha kompetensi lan kualitas tampilaning media pamulangan tembang macapat. Angket pambiji dipunparingaken nalika ujicoba produk saengga guru saged mangertos media pamulangan ingkang dipunujicobakaken. Asiling pambiji saking guru basa Jawi inggih menika kados mekaten. Tabel 31: Asiling pambiji pungkasaning guru basa Jawi tumrap media pamulangan tembang macapat Gambuh No. Indikator Kategori Skor 1 Pambiji perangan konsep saha kompetensi SS 5 a Jumbuhipun materi kaliyan kompetensi dasar ingkang wonten ing Kurikulum 2013 S 4 b Urutanipun materi sampun trep C 3 c Cethanipun evaluasi utawi gladhen S 4 Tabel salajengipun: d Jumbuhipun media ingkang dipunginakaken kaliyan kompetensi dhasar S 4 e Cethanipun basa kaliyan ejaan ingkang dipunginakaken 2 Pambiji perangan Kualitas tampilan SS 5 a Cethanipun pitedah ngginakaken media tembang macapat Gambuh S 4 b Trepipun tatanan warni S 4 c Tampilan menu S 4 d Jinis saha ukuran teks S 4 e Kualitas gamar saha video Rata-rata presentase biji kualitas media dening guru basa Jawi perangan Kualitas Tampilan 82 Sae Sanget Pambijining validasi dening guru basa Jawi wonten 2 perangan, inggih menika perangan konsep saha kompetensi lan perangan kualitas tampilan. Perangan konsep saha kompetensi dipunperang dados 5 inggih menika: Jumbuhipun materi kaliyan kompetensi dasar ingkang wonten ing Kurikulum 2013, urutanipun materi sampun trep, cethanipun evaluasi utawi gladhen, Jumbuhipun media ingkang dipunginakaken kaliyan kompetensi dhasar, Cethanipun basa kaliyan ejaan ingkang dipunginakaken. Perangan ingkang kaping kalih inggih menika perangan kualitas tampilan ingkang kaperang dados 5 inggih menika: Cethanipun pitedah ngginakaken media tembang macapat Gambuh, trepipun tatanan warni, tampilan menu, tampilan menu, jinis saha ukuran teks saha kualitas gamar saha video. Adhedasar asiling pambiji dening guru basa Jawi menika sedayanipun pikantuk presentase rata-rata 82 kagolong kategori sae sanget. Kategori sae sanget menika nedahaken bilih materi media pamulangan menika sampun jumbuh kaliyan kompetensi dasar ingkang wonten ing Kurikulum 2013. Salajengipun nedahaken sae sanget babagan kualitasing tampilan media pamulangan saha tampilan menu ingkang wonten ing salebeting media menika saged narik kawigatosaning siswa anggenipun ngginakaken media pamulangan tembang macapat Gambuh. Miturut pamanggih guru basa Jawi, media menika saged dipunginakaken wonten ing pamulangan tembang macapat. Saged dipunginakaken katiti saking perangan materi saha tampilanipun sampun sae, materinipun ugi sampun dipunandharaken kanthi jangkep. Tampilanipun media saking tatanan warni, gambar, saha animasinipun saged narik kawigatosan siswa. Salajengipun guru basa Jawi ugi paring pamrayogi antawisipun kados mekaten. 1 Tampilan pandom kirang jangkep kangge paring pitedah tumrap panganggening media Guru basa Jawi paring pamrayogi bilih media menika sampun sae, ananging wonten ing menu pandom dereng jangkep anggenipun paring pitedah tumrap panganggening media menika. Langkung sae menawi dipunparingi ukara- ukara ingkang langkung paring pitedah tumrap siswa saengga saged ngginakaken media menika. a Tampilan menu pandom sakderengipun revisi Sakderengipun dipunrevisi dereng wonten ukara-ukara ingkang nedahaken panganggening tombol-tombol wonten ing media pamulangan menika. Gambar 33: Tampilan menu pandom sakderengipun revisi b Tampilan menu pandom saksampunipun revisi Saksampunipun dipundandosi menu pandom dipunparingi ukara-ukara kangge nedahaken panganggening tombol-tombol ing media menika. Saengga siswa saged langkung mangertos caranipun ngangge media pamulangan tembang macapat Gambuh saha saged langkung paring pitedah ingkang jelas tumrap siswa. Gambar 34: Tampilan menu pandom saksampunipun dipunrevisi 2 Panyerating layer kangge medal saking media pamulangan tembang macapat Gambuh Tata panyerating layer kangge medal saking media pamulangan taksih lepat. Boten jumbuh kaliyan tata panyerating ejaan basa ingkang leres. Saengga guru basa Jawi paring pamrayogi supados dipundandosi satemah langkung sae malih. a Tampilan layer kangge medal sakderengipun revisi Sakderengipun dipunrevisi dening guru basa Jawi tata panyerating ukara saha tembung ing layer medal taksih lepat. Saengga prelu dipundandosi supados terp kaliyan tata panyerat ejaan basa ingkanag leres. Gambar 35: Tampilan layer medal sakderengipun dipunrevisi b Tampilan layer medal saksampunipun dipunrevisi Saksampunipun guru basa Jawi paring pamrayogi, panaliti ndandosi media menika satemah media menika layak diunujicoba dening siswa. Saksampunipun dipundandosi tata panyerating wonten ing layer menika sampun jumbuh kaiyan tata panyerating ejaan ingkang trep. Gambar 36: Tampilan saksampunipun dipunrevisi

b. Pamanggih saking Siswa SD