Underaning Perkawis Wosing Perkawis Ancasing Panaliten

panganggening media menika, para siswa saged pikantuk motivasi anggenipun sinau nyekar tembang macapat ugi saged damel raos kepengin mangertos materi nyekar macapat amargi media menika saged dipunginakaken kanthi mandiri boten winates wekdal saha papanipun.

B. Underaning Perkawis

Saking andharan dhasaring panaliten wonten ing nginggil, saged dipunpendhet perkawis-perkawis, inggih menika. 1. Kaprigelan nyekar macapat Gambuh kelas IV tumrap siswa SD minangka materi ingkang ewot. 2. Teknik piwulangan namung ngginakaken komunikasi verbal utawi ceramah ingkang damel siswa ngraos bosen. 3. Model piwulangan ing salebeting kegiatan belajar mengajar, mliginipun piwulangan nyekar macapat Gambuh taksih ngginakaken model piwulangan konvensional. 4. Prelunipun media ingkang ndadosaken siswa sinau kanthi mandiri, 5. Panganggening media ingkang langkung variatif saged mindhakaken kualitas asiling sinau materi nyekar macapat Gambuh. C. Watesaning Perkawis Perkawis ingkang wonten ing underaning perkawis menika kathah. Supados saged langkung fokus, perkawis ingkang dipunrembag ing panaliten menika ing antawisipun. 1. Materi ingkang badhe dipundamel kanthi Adobe Flash Creative Suite 5 namung badhe ngrembag babagan materi nyekar macapat Gambuh, paugeranipun nyekar macapat, saha gladhenipun. 2. Media piwulangan nyekar macapat Gambuh ingkang dipundamel Adobe Flash Creative Suite 5 awujud CD Compact Disk kanthi pamanggihipun guru kaliyan siswa minangka pangangge media.

D. Wosing Perkawis

Adhedasar saking watesaning perkawis ingkang sampun dipunandharaken, lajeng wosing perkawis panaliten kados kasebut ing ngandhap menika. 1. Kados pundi damel media piwulangan nyekar macapat Gambuh kanthi Adobe Flash Creative Suite 5 awujud CD Compact Disk? 2. Kados pundi kualitas media piwulangan ingkang dipundamel kanthi aplikasi Adobe Flash Creative Suite 5 awujud CD Compact Disk? 3. Kados pundi pamanggihipun guru kaliyan siswa minangka pangangge media piwulangan nyekar macapat Gambuh ingkang dipundamel kanthi Adobe Flash Creative Suite 5 awujud CD Compact Disk?

E. Ancasing Panaliten

Ancasipun panaliten inggih menika kangge ngrantam damel media piwulangan kanthi Adobe Flash Creative Suite 5 awujud CD Compact Disk saha nguji menapa panganggening media menika saged mbiyantu piwulangan nyekar macapat Gambuh tumrap siswa kelas IV SD, sarta mangertosi pamanggihipun guru kaliyan siswa wontenipun media piwulangan nyekar macapat Gambuh kanthi aplikasi Adobe Flash Creative Suite 5 awujud CD Compact Disk.

F. Paedahing Panaliten