Tataran Analisis Kabetahan Tataran Ngrancang Media Tataran Damel Media Tataran Validasi saha Ujicoba

1. Tataran Analisis Kabetahan

Analisis menika kalebet tataran ingkang wiwitan. Nalika panaliti nganalisis kabetahan, panaliti nindakaken analisis kadospundi kahanan siswa lan pamulangan basa Jawi wonten ing sekolahan. Analisis menika kangge mangertosi kakirangan saha kabetahan wonten ing pamulangan basa Jawi. Analisis kabetahan ugi nindakaken analisis kurikulum wonten ing SD kangge pados materi menapa ingkang trep lan efektif wonten ing produk ingkang badhe dipundamel.

2. Tataran Ngrancang Media

Sasampunipun nyameptakaken menapa kabetahanipun, salajengipun tataran ngrancang media. Saking analisis kabetahan ing SD, panaliti nemtokaken media menapa ingkang sae saha trep kangge narik kawigatosan siswa SD kangge nyinau tembang macapat Gambuh. Sasampunipun dipuntemtokaken badhe damel media kanthi aplikasi Adobe Flash CS 5, salajengipun dipuntindakaken studi pustaka. Inggih menika ngempalaken materi babagan tembang macapat Gambuh. Menawi sampun dipuntemtokaken materi tembang macapat Gambuh salajengipun damel media interaktif Flash.

3. Tataran Damel Media

Sasampunipun pados materi ingkang badhe dipunlebetaken ing media, salajengipun damel flowchart, damel naskah media, ngempalaken piranti kangge damel desain-ipun, desain produk-ipun, lajeng damel produk-ipun. Piranti kangge desain produk-ipun inggih menika nemtokaken ikon menapa kemawon ingkang badhe dipundamel, arupi menunipun, gambaripun, saha aluripun media. Desain produk ingkang dipuntindakaken inggih menika: nemtokaken theme-nipun, tampilan menu utama, profil, materi, video, gladhen, glosarium, tampilan lataripun, saha backsound-nipun.

4. Tataran Validasi saha Ujicoba

Salajengipun inggih menika validasi kaliyan dosen ahli materi lan media. Salajengipun dipuntindakaken pambiji dening guru mata pelajaran basa Jawi saha dipuntindakaken uji coba tumrap siswa. Validasi menika dipuntindakaken kangge mangertosi kualitasipun media pamulangan ingkang dipundamel kangge nyinau babagan tembang macapat Gambuh ing SD. Media pamulangan ingkang dipunvalidasi adhedhasar angket ingkang dipunginakaken panaliti ngengingi saenipun media ingkang badhe dipundamel. Salajengipun dipuntindakaken ujicoba winates tumrap siswa kelas IV SD Budi Utama. Ujicoba winates awujud pamulangan wonten ing sekolah dipuntindakaken siswa piyambak ngginakken media pamulangan tembang macapat Gambuh kanthi Adobe Flash CS 5. Salajengipun siswa ngisi angket evaluasi. Data ingkang dipunkempalaken lajeng dipunanalisis saha dipunginakaken kangge ngoreksi sarta ndandosi media pamulangan ingkang dipundamel supados kualitasipun sae.

5. Revisi saha Damel Produk ingkang Pungkasan