93
kaperang dados sekawan inggih menika nata papan kangge pentas, nata piranti musik, tembang kangge ngiringi pentas Badui saha Busana. Papan ingkang kangge
pentas inggih menika wonten ing latar masjid Baiturrohman ingkang kangge ngisi acara pangaosan. Piranti musik ingkang dipunginakaken inggih menika setunggal
bedhug, tigang genjring, lan setunggal sempritan. Cacahipun sedaya tembang kangge ngiringi Badui wonten 39 tembang. Syair ingkang dipuntembangaken gumantung
kesepakatan paraga Badui nalika latihan, dados boten sedaya syair
dipuntembangaken. Kostumipun para pejengklek beda kaliyan penabuh saha pambawa. Menawi pejengklek ngginakaken kupluk, klambi pethak lengen dawa,
rompi, stagen, timang, kaos tangan, sampur, jarit, kathok panji, sepatu, lan kaos kaki. Kostum ingkang dipunangge dening pejengklek ingkang taksih alit kaliyan ingkang
kawula mudha utawi tiyang sepuh meh sami. Bedanipun saking ukuran kemawon. Menawi kostum ingkang dipunginakaken dening para penabuh saha pambawa sami.
Kostumipun inggih menika klambi lengen dawa, sarung, saha pecis. Ingkang wigati ngginakaken pecis. Anggenipun ngginakaken rasukan boten kedah sami sedaya
ananging ingkang wigati ngginakaken peci kangge ciri khas kesenian Islam kadosta kesenian Badui Alimababa. Perlengkapan sanesipun ingkang dipunginakaken dening
pejengklek kejawi kostum inggih menika gembel utawi tongkat Tahapan ingkang kaping kalih inggih menika pelaksanaan. Pelaksanaan
angliputi atur pambagyaharja lan pentasipun kesenian Badui. Atur pambagyaharja dipunandharaken dening Bapak Dhukuh Klawisan inggih menika Bapak Wiyono.
Wosipun atur pambagyaharja inggih menika ngaturaken sugeng rawuh dhumateng masarakat ingkang sampun tindak wonten ing masjid Baiturrohman kangge
94
ngawontenanken pengajian rutinan malem setu wage. Pentas kesenian Badui dipunwiwiti kanthi nabuh bedhug kaping tiga ingkang dipunlajengaken kaliyan
tabuhan tigang genjring. Anggenipun pejengklek mlebet sepasang-sepasang, lajeng ngangge gerakan kurmat kanthi sirah nundhuk lajeng miwiti jengklek. Kesenian
Badui dipunpungkasi kanthi gerakan pejengklek ingkang kurmat dhumateng para penonton.
Kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan gadhah paedah kangge masarakat inggih menika paedah religius, paedah nglestantunaken tradhisi, paedah
hiburan, paedah sosial, paedah ekonomi, saha paedah kesehatan. Paedah religious kangge sarana dakwah agami islam kanthi maos sholawat saha ndadosaken tiyang
ingkang maos utawi mirengaken sholawat pikantuk pahala kaliyan raos tentrem. Paedah nglestantunaken tradhisi saking masarakat ingkang nguri-uri kesenian Badui
supados boten ical amargi ewah gingsiripun jaman. Paedah hiburan saking masarakat ingkang dhateng wonten papan pementasan kangge mirsani kesenian Badui. Paedah
sosial saking paraga lan masarakat gotong royong paring pambiyantu nalika damel papan kangge pentas Badui saha warga masarakat ingkang ngrangkul para kawula
mudha supados nderek kesenian Badui kangge kagiyatan ingkang positip. Paedah ekonomi saking arta ingkang pikantuk nalika pentas ananging artanipun boten
kangge ningkataken pendapatan paraga Badui amargi artanipun mlebet kas. Paedah kesehatan saking tiyang ingkang jengklek ndadosaken badanipun sehat lan bugar
amargi gerakanipun utawi jengklekipun energik kadosta tiyang ingkang olahraga.
95
BAB V PANUTUP
A. Dudutan
Panaliten Kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman menika gadhah ancas ngandharaken mula
bukanipun kesenian Badui, lampahing kesenian Badui, saha paedah kesenian Badui. Mula bukanipun kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa
Margoagung dipunwiwiti taun 1970 ingkang dipunrintis ingkang gadhah ide dening Bapak Boidi ingkang dipunsengkuyung kaliyan masarakat. Ancasipun
dipunwontenaken kesenian Badui kangge ngawontenaken kagiyatan ing masjid Baiturrohman amargi frekuensi jamaah mandhap. Dipunwontenaken kesenian Badui
boten wajibaken para paraga kedah sholat wonten masjid ananging kangge ngempalaken masarakat saha masjid wonten kagiyatan ingkang positif.
Lampahing kesenian Badui angiliputi tahapan-tahapan. Tahapan ingkang sepisan inggih menika cecawis. Cecawis angliputi latian kaliyan nata piranti saha
perlengkapan Badui. Nata piranti saha perlengkapan Badui kaperang dados sekawan inggih menika nata papan kangge pentas, nata piranti musik, tembang kangge
ngiringi pentas Badui saha busana. Tahapan ingkang kaping kalih inggih menika pelaksanaan. Pelaksanaan angliputi atur pambagyaharja saha pentasipun kesenian
Badui ingkang paraganipun wonten pejengklek, penabuh, saha pambawa. Paedah kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung,
Kabupaten Sleman kangge masarakat inggih menika paedah religius, paedah nglestantunaken tradhisi, paedah hiburan, paedah sosial, paedah ekonomi, saha
96
paedah kesehatan. Paedah religius saking kesenian Badui kangge sarana dakwah agami Islam kanthi maos sholawat saha ndadosaken tiyang ingkang maos utawi
mirengaken sholawat pikantuk pahala kaliyan raos tentrem. Paedah nglestantunaken tradhisi saking masarakat ingkang nguri-uri kesenian Badui supados boten ical
amargi ewah gingsiripun jaman. Paedah hiburan saking masarakat ingkang dhateng wonten papan pementasan kangge mirsani kesenian Badui. Paedah sosial saking
paraga lan masarakat gotong royong paring pambiyantu nalika damel papan kangge pentas Badui saha warga masarakat ingkang ngrangkul para kawula mudha supados
nderek kesenian Badui kangge kagiyatan ingkang positip. Paedah ekonomi saking arta ingkang pikantuk nalika pentas Badui ananging artanipun boten kangge
ningkataken pendapatan paraga Badui amargi artanipun mlebet kas. Paedah kesehatan saking tiyang ingkang jengklek Badui ndadosaken badanipun sehat lan
bugar amargi gerakanipun utawi jengklekipun energik kadosta tiyang ingkang olahraga.
B. Pamrayogi
Kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman kalebet salah satunggaling warisan budaya saking
leluhur kanthi turun temurun. Awit saking menika kedah dipunlestantunaken supados tetep lestantun boten ical amargi ewah gingsiripun jaman. Pramila panaliti paring
suka pamrayogi bilih kesenian Badui menika dipundamel buku supados saged dipunginakaken kangge nambahi referensi babagan kesenian Badui wonten Sleman
97
saha supados masarakat mliginipun generasi penerus saged mangertos ngengingi kesenian Badui.
C. Implikasi
Asiling panaliten menika gadhah ancas kangge ngandharaken mula bukanipun kesenian Badui, lampahing kesenian Badui saha paedahipun kesenian Badui kangge
masarakat. Kesenian Badui ingkang taksih dipuntindakaken dumugi samenika ingkang ngemot paedah-paedah tartamtu minangka usaha nglestantunaken
kabudayan.
98
DAFTAR PUSTAKA
Danandjaja, James. 1994. Folklor Indonesia. Jakarta: PT Temprint. Endraswara, Suwardi. 2006a. Metodologi Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta:
Gadjah Mada University Press. _______. 2006b. Metode, Teori, Teknik Penelitian Kebudayaan. Yogyakarta:
Pustaka Widyatama _______ 2009. Metodologi Penelitian Folklor; Konsep, Teori, dan Aplikasi.
Yogyakarta: MedPress. _______ 2010. Folklor Jawa; Bentuk, Macam, dan Nilainya. Jakarta: Penaku.
Gazalba, Sidi. 1968. Pengantar Kebudayaan sebagai Ilmu. Djakarta: Pustaka Antara. Kayam
,
Umar. 1981. Seni Tradisi Masyarakat. Jakarta: Sinar Harapan. Koentjaraningrat. 1984. Kebudayan Jawa. Jakarta: Balai Pustaka.
_______ 1990. Pengantar Ilmu Antropologi. Jakarta: PT Rineka Cipta. _______ 1994. Kebudayaan Mentalis dan Pembangunan. Jakarta: PT Gramedia.
Kuntawijoyo lan kanca-kanca. 1987. Tema Islam dalam Pertunjukan Rakyat Jawa: Kajian Aspek Sosial, Keagamaan, dan Kesenian. Yogyakarta: Javanologi.
Pratiwi, Ari. 2011. Kearifan Lokal dan Fungsi Kesenian Rodat di Desa Bateh, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah. Skripsi S1.
Yogyakarta: Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa, FBS UNY.
Rohidi, Tjejtep Rohendi. 2000. Kesenian dalam Pendekatan Kebudayaan. Bandung: STISI Press.
Sedyawati, Edi. 1981. Pertumbuhan Seni Pertunjukan. Jakarta: Pustaka Jaya. Soedarsono. 1986. Kesenian, Bahasa dan Folklor Jawa. Yogyakarta: Javanologi.
Suharyoso. 2000. “Teater Tradisional di Sleman, Yogyakarta: Jenis dan Persebarannya” dalam Heddy ed. Ketika Orang Jawa Nyeni. Yogyakarta:
Galang Press.
99
Sutiyono. 2009. Puspawarna Seni Tradisi dalam Perubahan Sosial-Budaya. Yogyakarta: Kanwa Publisher
Widyosiswoyo, Supartono. 2004. Ilmu Budaya Dasar. Jakarta: Ghalia Indonesia.