17
mencerminkan satunggaling kultur ingkang kalebet asil saking ciptakan kolektif masarakat. Salah satunggaling wujud kesenian tradhisional inggih menika
sholawatan. Sholawatan inggih menika jinising kesenian ingkang gegayutan kaliyan agami Islam lan ngginakaken alat musik terbang lan sajinisipun. Tuladhanipun
kesenian ingkang awujud sholawatan inggih menika kesenian Badui. Kesenian Badui inggih menika kesenian sholawatan ingkang nyariosaken
adegan serombongan tiyang ingkang latihan perang. Manpangat kesenian Badui kangge sarana dakwah agami Islam. Salah satunggaling kesenian Badui ingkang
taksih ngrembaka inggih menika kesenian Badui ingkang wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman. Masarakat
ngawontenaken kesenian Badui amargi kangge nguri-uri supados supados boten ical amargi pengaruh jaman ingkang modern.
B. Panaliten ingkang Relevan
Panaliten menika mengkaji kesenian tradhisional. Awit saking menika panaliten ingkang relevan inggih menika Kearifan Lokal dan Fungsi Kesenian Rodat
di Desa Bateh, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah dening Ari Pratiwi 2011. Panaliten menika ngandharaken kearifan lokal lan fungsi
kesenian wonten ing kesenian Rodat. Perkawis ingkang sami antawisipun panaliten ingkang dipunlampahi dening
panaliti kaliyan Ari Pratiwi inggih menika sami-sami nindakaken panaliten ingkang gegayutan kaliyan kesenian tradhisional. Kesenian tradhisional saking aspek mula
bukanipun kesenian, lampahing kesenian, saha paedahipun kesenian. Saking segi
18
lampahing panaliten, perkawis ingkang sami inggih menika wonten cecawis kaliyan nata piranti saha perlengkapan kesenian Badui, sarta pelaksanaan. Menawi saking
segi paedah kesenian, perkawis ingkang sami inggih menika paedah spiritualreligius, paedah nglestantunaken tradhisi, paedah hiburan, paedah sosial,
saha paedah ekonomi. Perkawis ingkang bedakaken antawisipun panaliten ingkang dipunlampahi
dening panaliti kaliyan Ari Pratiwi inggih menika sumber panaliten saha fokus panaliten. Panaliten dening panaliti menika sumberipun wonten ing Dhusun
Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman saha ingkang dados fokus panaliten inggih menika kesenian Badui. Dene panaliten dening Ari
Pratiwi sumberipun wonten ing Desa Bateh, Kecamatan Candimulyo, Kabupaten Magelang, Jawa Tengah saha fokusipun kesenian Rodat.
19
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Panaliten ngengingi Kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman ngginakaken metode kualitatif