Paedah Ekonomi Paedahipun Kesenian Badui

92 dipunsengkuyung kaliyan masarakat Dhusun Klawisan. Ancasipun kangge ngawontenaken “perkumpulan” wonten ing masjid Baiturrohman. Wonten masjid Baiturrohman sampun wonten kagiyatan TPA saha pangaosan, ananging ingkang nderek frekuensinipun tambah sekedhik. Ancasipun boten meksa masarakat supados ngaji ananging supados masjid wonten kagiyatan ingkang positif. Kesenian Badui wonten ing Klawisan dipunlatih saking Dhukuh kangge nglanyahke kemawon amargi kathah anggota ingkang sampun saged. Anggotanipun boten namung tiyang Klawisan kemawon ananging saking Dhukuh. Amargi tiyangipun kathah, Klawisan kaliyan Dhukuh dipunpisah. Naminipun grup kesenian Badui inggih menika Alimababa ingkang dipungayutaken kaliyan tokoh Arab inggih menika Alibaba. Tegesipun Alimababa wonten kalih. Ingkang sepisan, Alimababa menika singkatan saking Ali tegese kulawarga, ma tegese masjid, ba tegese badui, ba tegese baiturrohman. Dados Alimababa tegesipun kulawarga masjid Baiturrohman. Tegesipun ingkang kaping kalih inggih menika, Alima tegesipun pengajaran, baba tegesipun pintu. Dados tegesipun Alimababa inggih menika sarana pintu ingkang dipuntujukaken kangge pengajaran agami Islam. Lampahing kesenian Badui angiliputi kalih tahapan inggih menika cecawis lan pelaksanaan. Cecawis angliputi latihan kaliyan nata piranti saha perlengkapan Badui. latihan badui dipuntindakaken rutin nalika ajeng pentas. Latihan dipuntindakaken setunggal minggu kaping kalih inggih menika malem selasa lan setu. Ancasipun dipunwontenaken latihan supados ngompakaken antawisipun jengklekan, tabuhan, lan tembangipun. Nata piranti saha perlengkapan Badui 93 kaperang dados sekawan inggih menika nata papan kangge pentas, nata piranti musik, tembang kangge ngiringi pentas Badui saha Busana. Papan ingkang kangge pentas inggih menika wonten ing latar masjid Baiturrohman ingkang kangge ngisi acara pangaosan. Piranti musik ingkang dipunginakaken inggih menika setunggal bedhug, tigang genjring, lan setunggal sempritan. Cacahipun sedaya tembang kangge ngiringi Badui wonten 39 tembang. Syair ingkang dipuntembangaken gumantung kesepakatan paraga Badui nalika latihan, dados boten sedaya syair dipuntembangaken. Kostumipun para pejengklek beda kaliyan penabuh saha pambawa. Menawi pejengklek ngginakaken kupluk, klambi pethak lengen dawa, rompi, stagen, timang, kaos tangan, sampur, jarit, kathok panji, sepatu, lan kaos kaki. Kostum ingkang dipunangge dening pejengklek ingkang taksih alit kaliyan ingkang kawula mudha utawi tiyang sepuh meh sami. Bedanipun saking ukuran kemawon. Menawi kostum ingkang dipunginakaken dening para penabuh saha pambawa sami. Kostumipun inggih menika klambi lengen dawa, sarung, saha pecis. Ingkang wigati ngginakaken pecis. Anggenipun ngginakaken rasukan boten kedah sami sedaya ananging ingkang wigati ngginakaken peci kangge ciri khas kesenian Islam kadosta kesenian Badui Alimababa. Perlengkapan sanesipun ingkang dipunginakaken dening pejengklek kejawi kostum inggih menika gembel utawi tongkat Tahapan ingkang kaping kalih inggih menika pelaksanaan. Pelaksanaan angliputi atur pambagyaharja lan pentasipun kesenian Badui. Atur pambagyaharja dipunandharaken dening Bapak Dhukuh Klawisan inggih menika Bapak Wiyono. Wosipun atur pambagyaharja inggih menika ngaturaken sugeng rawuh dhumateng masarakat ingkang sampun tindak wonten ing masjid Baiturrohman kangge