21
Badui wonten ing Dhusun Margoagung, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman.
E. Caranipun Ngempalaken Data
Cara pangempalaning data ingkang dipunginakaken awujud data kualitatif inggih menika pangempalan data ingkang boten ngginakaken angka-angka, ananging
adhedhasar kasunyatan ingkang saged dipuntingali saking observasi berpartisipatif, wawancara mendalam lan dokumentasi.
1. Observasi berpartisipatif
Endraswara 2006a:209 ngandharaken bilih wonten ing observasi berparsitipasif utawi pengamatan berperanserta panaliti nderek kagiyatan pasif
utawi aktif wonten ing tindakan budaya. Panaliti peran sarta wonten ing aktivitas- aktivitas ingkang dados objek panaliten.
Observasi berpartisipatif dipuntindakaken kanthi pengamatan langsung dhumateng objek panaliten ingkang angliputi ningali lan ngamati pementasan
kesenian Badui, nderek peran sarta ing fenomena budaya, nindakaken pencatatan ngengingi data utawi informasi ingkang gegayutan kaliyan panaliten. Ancasipun
observasi berpartisipatif supados pikantuk data primer amargi data dipunpendhet langsung saking lokasi pementasan kesenian Badui.
2. Wawancara Mendalam
Wawancara mendalam dipuntindakaken langsung kanthi terbuka antawisipun informan lan pewawancara. Wawancara terbuka tegesipun wawancara dhumateng
informan ingkang mangertos menawi informan nembe dipunwawancarai lan
22
mangertos menapa ancasipun saking wawancara panaliti. Endraswara 2006a:214 ngandharaken bilih wawancara mendalam dipuntindakaken kanthi santai, informal,
saha sedaya pihak boten wonten beban psikologis. Satemah asiling pirembagan saged pikantuk sedaya data saha langkung wonten paedahipun.
Wawancara mendalam dipuntindakaken dhumateng informan ingkang mengertos informasi ngengingi kesenian Badui inggih menika pendiri paguyuban
ingkang gadhah ide, pambawa, pejengklek, penabuh, saha anggota perkumpulan. Wawancara dipuntindhakaken kanthi cara panaliti nyemak wicantenan, panaliti
ndherek ing wicantenan, lan panaliti nyerat asiling wicantenan. 3.
Dokumentasi Data dokumentasi dipunginakaken kangge jangkepi data wonten ing panaliten
supados langkung akurat. Data dokumentasi ingkang dipunginakaken awujud cathetan asiling wawancara, cathetan lapangan, foto-foto, lan rekaman wawancara
ingkang gegayutan kaliyan kesenian Badui. Dokumentasi dipunginakaken kangge jumbuhaken data ingkang dipunserat lan data saking informan.
F. Pirantining Panaliten
Pangempalaning data ngginakaken piranti utawi alat bantu ingkang awujud buku catetan, kamera digital, lan recorder. Buku catetan dipunginakaken kangge
nyerat informasi ingkang gegayutan kaliyan panaliten. Kamera digital dipunginakaken kangge maringi dokumen ingkang awujud foto-foto saking
pementasan kesenian Badui. Recorder dipunginakaken kangge ngrekam informasi
23
saking informan lan nggampilaken menawi wonten seratan ingkang kesupen
dipunserat.
Wonten ing panaliten menika panaliti dados human instrument. Panaliti dipunwastani human instrument amargi panaliti ingkang damel rencana, nindakaken
panaliten, pangempalan data, nganalisis data, saha ngandharaken asiling panaliten. Endraswara 2006b:119 ngandharaken bilih titikanipun panaliti piyambak ingkang
saged mendhet data inggih menika sipatipun responsif tegesipun saged tanggap tumrap kawontenan, saged adaptasi kaliyan empan papan pangempalan data,
menekankan keutuhan, ngginakaken dhasar pengetahuan, saged nganalisis data, saged pados data saha ngandharaken tumrap informan bab ingkang awrat, saha
ngginakaken wekdal kangge pados respon ingkang dereng kulina. Awit saking
menika panaliti piyambak ingkang dados instrument ingkang wigati.
G. Caranipun Nganalisis Data
Analisis data ingkang dipunginakaken inggih menika analisis data induktif. Analisis data induktif utawi induktif analitik inggih menika kemampuan panaliti
ndamel kategorisasi lan abstraksi saking fenomena budaya Endraswara, 2006a:32. Analisis induktif dipunginakaken kangge nganalisis perkawis ingkang sampun
dipunfokusaken ing panaliten kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, inggih menika mula bukanipun kesenian, lampahing kesenian, lan paedah kesenian.
Analisis data dipuntindakaken nalika ngempalaken data lan sasampunipun pangempalan data kanthi ngginakaken kategorisasi. Data ingkang sampun
dipunkempalaken lajeng dipunwaos, dipunpelajari, lan dipuntelaah ingkang jumbuh