8
namung wonten ing panalaranipun manungsa saha boten saged dipuntingali. Wujud ingkang kaping kalih menika kalebet sistem sosial ingkang dipuntindakaken dening
manungsa saha saged dipuntingali. Wujud ingkang kaping tiga kalebet asiling karya manungsa ingkang awujud benda-benda ingkang saged dipuntingali saha sipatipun
nyata utawi konkret. Miturut Koentjaraningrat 1994:2, kabudayan wonten pitu unsur, inggih
menika kados mekaten. a.
Kapitadosan Sistem religi saha upacara keagamaan b.
Sistem saha organisasi sosial kemasarakatan c.
Ngelmu Sistem pengetahuan d.
Basa Bahasa e.
Kesenian f.
Padamelan Sistem mata pencaharian hidup g.
Sistem teknologi saha peralatan Adhedhasar unsur kabudayan ing nginggil, salah satunggalipun inggih menika
kesenian. Kesenian kalebet kabudayan ingkang dipunwarisaken kanthi turun- temurun dening masarakat. Salah satunggaling kesenian inggih menika kesenian
tradhisional kadosta kesenian Badui.
2. Folklor
Tembung folklor asalipun saking basa Inggris folklor. Tembung folklor inggih menika tembung majemuk ingkang asalipun saking kalih tembung folk lan lore.
Miturut Alan Dundes wonten ing Danandjaja 1994:1 folk inggih menika
9
sakelompok tiyang ingkang gadhah titikan pengenal fisik, sosial, lan kabudayan, satemah saged dipunbedakaken saking kelompok-kelompok sanesipun. Folk sinonim
kaliyan kolektif, ingkang gadhah titikan pengenal fisik utawi kabudayan ingkang sami, lan gadhah kesadaran kapribaden kesatuan masarakat. Lore inggih menika
tradisi folk, inggih menika saperangan kabudayan ingkang dipunwarisaken turun- temurun kanthi lesan utawi kanthi tuladha ingkang disertai kaliyan gerak isyarat
utawi alat pembantu pengingat. Andharan saking Alan Dundes ing nginggil laras kaliyan pamanggihipun
Danandjaja 1994:2 bilih folklor inggih menika saperangan kabudayan kolektif ingkang kasebar lan dipunwarisaken turun-temurun ing antawisipun kolektif menapa
kemawon, kanthi tradhisional ing versi ingkang beda, dene awujud lesan utawi tuladha ingkang disertai gerak isyarat utawi alat pembantu pengingat mnemonic
device. Endraswara 2010:4-5 ngandharaken folklor Jawa inggih menika sedaya pakaryan tradhisi ingkang sampun dipunwarisaken lan wonten paedahipun kangge
masarakat pendukungipun. Miturut Yadnya Endraswara, 2009:28 folklor inggih menika perangan kabudayan ingkang sipatipun tradhisional, boten resmi unofficial,
lan nasional. Danandjaja 1994:3-5 ngandharaken titikananipun pengenal utama folklor
inggih menika mekaten. a.
Panyebaran lan pawarisan dipuntindakaken kanthi lesan, inggih menika dipunsebaraken kanthi lesan saking tiyang setunggal dhumateng tiyang
sanesipun utawi kanthi tuladha ingkang wonten gerak isyaratipun, lan alat