Penabuh Paraga Kesenian Badui

42 peperangan utawi serombongan prajurit ingkang latihan perang. Andharan sanesipun saking Kuntawijoyo 1987:24 ingkang ngandharaken bilih kesenian Badui inggih menika kesenian ingkang nyariosaken tumindakipun tiyang-tiyang ingkang nentang Nabi Muhammad SAW boten sae ananging tiyang menika mbalik dados takluk lan nindakaken perintah Nabi mlebet agami Islam. Cariyos kesenian Badui miturut Bapak Muji Pawiro kados wonten ing ngandhap menika. Kesenian menika asalipun saking carios Nabi Muhammad SAW kaliyan para pambegal. Nalika Nabi Muhammad wonten ing Madinah, kanjeng Nabi ajeng dipunbegal dening para pambegal. Pambegal menika tiyang kafir ingkang wonten ing Arab. Kanjeng Nabi sanjang kaliyan para pambegal supados para pambegal boten begal kanjeng Nabi lan boten nglajengaken tumindakipun. Kanjeng Nabi ajeng nanggung kabutuanipun para pambegal saking pangan dumugi papan. Panganipun ajeng dipunparingi lan papanipun ajeng dipundamelaken ananging kanthi sarat supados para pambegal boten nglajengaken tumindakipun. Para pambegal nyuwun pirsa dhateng Kanjeng Nabi sajatosipun ingkang dipunbegal menika sinten amargi ajeng dipunbegal ananging maringi sedaya kabutuanipun pambegal. Kanjeng Nabi maringi pirsa menawi ingkang dipunbegal menika Kanjeng Nabi Muhammad SAW. Sanalika para pambegal ajrih lan tundhuk dhumateng Nabi Muhammad SAW. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01 “Nek filosofine ya badui kuwi seni saking Arab ingkang riyin wonten sekelompok kaum kang sifatipun pemukimane pindah-pindah nomaden. CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 10. 43 “Niku kanjeng Nabi Muhammad SAW teng Madinah ajeng dibegal karo wong budha utawa wong alasan ninga boten kena. Kanjeng Nabi muni kowe aja do begal aku, perkara mangan ro omah tak kei. Omah tak gaweke karo pangane yo tak tanggung. Begale takon, jenengan niku sinten kok genahe kaya naten niku, tru Kanjeng Nabi jawab kowe aja do kaget ya, Aku kuwi sing jenenge Kanjeng Nabi. Krungu ngaten niku begale sami do ndingkluk kabeh tek pun ngertos nek niku Kanjeng Nabi. Mulane nggon badui niku kabeh ndingkluk, nglambangke begale sing do hormat.” CLW 10 Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih kesenian badui menika nyariosaken Nabi Muhammad SAW ingkang dipunbegal kaliyan para pambegal. Kanjeng Nabi boten ajrih nalika dipunbegal anaging ajeng nanggung pangan dumugi papanipun kangge para pambegal menawi pambegal boten nglajengaken tumindakipun. Para pambegal mangertos menawi ingkang dipunbegal Nabi Muhammad SAW lajeng ajrih lan tundhuk utawi kurmat kaliyan Kanjeng Nabi. Kangge ngurmati kanjeng Nabi para pambegal ngawontenaken kesenian Badui.

2. Kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung,

Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman Kesenian Badui asalipun saking Arab, wonten tiyang Watucongol utawi langkung dipunkenal daerah Kedu ingkang tindak haji wonten ing Arab. Nalika wonten ing ngrika, tiyang ingkang tindak haji menika mangertos kesenian-kesenian Arab, salah satunggalipun inggih menika kesenian Badui. Amargi remen kaliyan kesenian menika, nalika wangsul saking Arab, tiyang menika ngajaraken kesenian Badui ingkang dipunpirsani saking Arab nalika tindak haji dhumateng masyarakat ing Watucongol. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08. “Nek riyin-riyine niku kesenian badui asline saking Arab, tiyang Watucongol utawi Kedu wonten ingkang tindak haji teng ngrika, dangu teng rika mbasan