Padamelan Warga Data Monografi Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan,
34
ingkang asring dipunangge 12 tiyang. Ingkang wigati cacahipun pejenglek menika kedah genep. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01.
“Biasane 16 wong, 8 pasang”. CLW 01 Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02.
“Biasane 16 wong ninga ya kadang 12 wong, tergantung ana sing melu ora. Biasane nek wis main pisan wis kesel dadi ra melu meneh, ninga nek iseh kuat
ya melu meneh”. CLW 02
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 03. “Kurang luwih 1 jam, 16 wong per babak, dadi 16 x 3 nek medal ping 3”.
CLW 03
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04. “Biasane 16 wong, ana 3 babak dadi 16 x 3.” CLW 04
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06. “Kurang luwih ya 50an, per babak nika 16.” CLW 06
“Nggih boten, niku sing penting ki genep, kadang ya 14 barang per babak, ora mesthi mbak tergantung sing jengklek ana pira.” CLW 06
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07. “Kurang luwih ya 50an. Niku sekali tampil perbabak 16 tiyang, nek boten
wonten 16 nggih sing maen awal wau maen malih teng babak salajengipun, saling mengisi.” CLW 07
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “Boten mesthi niku sing penting genep ana pasangane, nek ganjil mangkih
bubrah.” CLW 08 Dudutan saking andharan ing nginggil inggih menika cacahipun pejengklek
utawi penari kesenian badui wonten 42 tiyang ingkang dipunperang perbabak. Cacahipun perbabak saged 12 tiyang, 14 tiyang, 16 tiyang utawi langkung. ingkang
35
asring dipunangge inggih menika 12 tiyang amargi gumantung cacahipun pemain ingkang saged nalika pentas. Ingkang wigati cacahipun kedah genep boten saged
menawi ganjil amargi kesenian badui kalebet kesenian ingkang ngginakaken pola berpasangan. Gambar pejengklek saged dipuntingali saking gambar ing ngandhap
menika.
Gambar 3. Pejengklek Dok. Lisa
Saking cacahipun pejengklek ingkang wonten 42 tiyang, padamelanipun wonten maneka warna. Wonten ingkang dados tani, guru, karyawan, wiraswasta,
saha wonten ingkang taksih sekolah. Yuswanipun para pejengklek boten dipunnwatesi amargi sedaya yuswa saged nderek. Yuswanipun para pejengklek
wonten ingkang taksih alit, kawula mudha, saha tiyang sepuh. Pejengklek kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan ingkang alit yuswanipun gangsal taun lan SD.
Menawi kawula mudha wonten ingkang taksih SMP, SMA, utawi nyambut damel. Pejengklek ingkang sepuh yuswanipun kirang langkung 62 taun. Andharan menika
jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01.