24
kaliyan  ancasipun  panaliten  saking  sumber  ingkang  wonten. Sumber  menika angliputi  saking  observasi  berpartisipatif  utawi  pengamatan  berperanserta,
wawancara  mendalam, foto-foto  lan  cathetan  lapangan.  Langkah  salajengipun ndamel absraksi.
Absraksi  inggih  menika  usaha  damel  rangkuman  ingkang  inti, proses, lan andharan-andharan  saking  informan.  Saderengipun dipundamel abstraksi,  data
dipunreduksi kangge ngicalaken data  ingkang boten dipunbetahaken. Salajengipun data  ingkang wonten ing abstraksi  dipundamel  kategorisasi.  Kategorisasi
dipuntindakaken  nalika  ngawontenaken  tetandhingan  ingkang  dipunlajengaken kangge  kategorisasi  salajengipun.  Tahap  salajengipun  nafsiraken  data  lan  damel
dudutan saking ancasipun panaliten.
H. Cara Ngesahaken Data
Cara ngesahaken  data  wonten  ing  panaliten  menika  ngginakaken  cara triangulasi.  Triangulasi  inggih  menika  cara  pemeriksaan  keabsahan  data  ingkang
ngginakaken  sedaya  perkawis  saking  njawi  data  saperlu  kangge  ngecek  utawi nandingaken  data  ingkang  sampun  dipunkempalaken.  Triangulasi  ing  panaliten
menika ngginakaken triangulasi sumber lan triangulasi metode. 1.
Triangulasi Sumber Miturut Endraswara  2006b:110  triangulasi  sumber  inggih  menika  pados
data  saking pinten-pinten informan inggih menika  tiyang ingkang gegayutan langsung kaliyan objek kajian utawi objek ingkang dipunteliti.  Triangulasi sumber
ing panaliten inggih menika nandhingaken asiling data  wonten ing wawancara
25
pirembagan tiyang setunggal kaliyan tiyang sanesipun.  Informan  ingkang dipunsuwun katrangan wonten ing sedaya pitakenan langkung saking kalih tiyang.
Data saged dipunsebat sah menawi datanipun sampun jenuh 2.
Triangulasi Metode Endraswara 2006b:110 ngandharaken bilih triangulasi  metode  inggih
menika  cara  ngempalaken  data  ingkang dipuntindakaken ngginakaken maneka warna metode pangempalan data saged awujud observasi pengamatan, wawancara,
dokumentasi.  Triangulasi  metode  dipunginakaken  kangge  nandhingaken  menapa ingkang dipunandharaken dening informan kaliyan data asil pengamatan observasi
lan data-data sanesipun.