Paedahing Panaliten Pangertosan PURWAKA
9
sakelompok tiyang ingkang gadhah titikan pengenal fisik, sosial, lan kabudayan, satemah saged dipunbedakaken saking kelompok-kelompok sanesipun. Folk sinonim
kaliyan kolektif, ingkang gadhah titikan pengenal fisik utawi kabudayan ingkang sami, lan gadhah kesadaran kapribaden kesatuan masarakat. Lore inggih menika
tradisi folk, inggih menika saperangan kabudayan ingkang dipunwarisaken turun- temurun kanthi lesan utawi kanthi tuladha ingkang disertai kaliyan gerak isyarat
utawi alat pembantu pengingat. Andharan saking Alan Dundes ing nginggil laras kaliyan pamanggihipun
Danandjaja 1994:2 bilih folklor inggih menika saperangan kabudayan kolektif ingkang kasebar lan dipunwarisaken turun-temurun ing antawisipun kolektif menapa
kemawon, kanthi tradhisional ing versi ingkang beda, dene awujud lesan utawi tuladha ingkang disertai gerak isyarat utawi alat pembantu pengingat mnemonic
device. Endraswara 2010:4-5 ngandharaken folklor Jawa inggih menika sedaya pakaryan tradhisi ingkang sampun dipunwarisaken lan wonten paedahipun kangge
masarakat pendukungipun. Miturut Yadnya Endraswara, 2009:28 folklor inggih menika perangan kabudayan ingkang sipatipun tradhisional, boten resmi unofficial,
lan nasional. Danandjaja 1994:3-5 ngandharaken titikananipun pengenal utama folklor
inggih menika mekaten. a.
Panyebaran lan pawarisan dipuntindakaken kanthi lesan, inggih menika dipunsebaraken kanthi lesan saking tiyang setunggal dhumateng tiyang
sanesipun utawi kanthi tuladha ingkang wonten gerak isyaratipun, lan alat
10
pembantu pengingat saking
satunggal generasi dhumateng generasi salajengipun.
b. Folklor sipatipun tradhisional, inggih menika dipunsebaraken kanthi bentuk
relatif tetap utawi bentukipun standar. Dipunsebaraken ing antawisipun kolektif tartamtu ing wekdal ingkang dangu minimal kalih generasi.
c. Folklor wonten versi-versinipun lan varian-varian ingkang beda jalaran
anggenipun nyebaraken kanthi lesan, boten ngginakaken cetakan utawi rekaman, satemah manungsa kesupen menawi folklor saged berubah. Pambedanipun
namung saking jawinipun kemawon ananging menawi bentuk dasaripun tetep bertahan.
d. Folklor sipatipun anonim, inggih menika asma pangripta sampun boten
dipunmangertosi tiyang malih. e.
Folklor bentukipun berumus utawi berpola. f.
Folklor gadhah paedah kangge pagesangan ing bebrayan. g.
Folklor sipatipun pralogis, inggih menika gadhah logika piyambak ingkang boten jumbuh kaliyan logika limrahipun.
h. Folklor dados gadhahipun tiyang kathah collective saking kolektif tartamtu.
i. Folklor limrahipun sipatipun polos lan lugu, mila asring ketingal kasar
spontan. Adhedhasar saking pamanggih-pamanggih ing nginggil, saged dipunpendhet
dudutan bilih folklor inggih menika kabudayan ingkang dipunwarisaken kanthi turun-tumurun ing sakelompok masarakat tertamtu kanthi lesan ingkang sipatipun
tradhisional.