43
“Niku kanjeng Nabi Muhammad SAW teng Madinah ajeng dibegal karo wong budha utawa wong alasan ninga boten kena. Kanjeng Nabi muni kowe aja do
begal aku, perkara mangan ro omah tak kei. Omah tak gaweke karo pangane yo tak tanggung. Begale takon, jenengan niku sinten kok genahe kaya naten niku,
tru Kanjeng Nabi jawab kowe aja do kaget ya, Aku kuwi sing jenenge Kanjeng Nabi. Krungu ngaten niku begale sami do ndingkluk kabeh tek pun ngertos nek
niku Kanjeng Nabi. Mulane nggon badui niku kabeh ndingkluk, nglambangke begale sing do hormat.” CLW 10
Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih kesenian badui menika nyariosaken Nabi Muhammad SAW ingkang dipunbegal kaliyan para
pambegal. Kanjeng Nabi boten ajrih nalika dipunbegal anaging ajeng nanggung pangan dumugi papanipun kangge para pambegal menawi pambegal boten
nglajengaken tumindakipun. Para pambegal mangertos menawi ingkang dipunbegal Nabi Muhammad SAW lajeng ajrih lan tundhuk utawi kurmat kaliyan Kanjeng Nabi.
Kangge ngurmati kanjeng Nabi para pambegal ngawontenaken kesenian Badui.
2. Kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung,
Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman
Kesenian Badui asalipun saking Arab, wonten tiyang Watucongol utawi
langkung dipunkenal daerah Kedu ingkang tindak haji wonten ing Arab. Nalika wonten ing ngrika, tiyang ingkang tindak haji menika mangertos kesenian-kesenian
Arab, salah satunggalipun inggih menika kesenian Badui. Amargi remen kaliyan kesenian menika, nalika wangsul saking Arab, tiyang menika ngajaraken kesenian
Badui ingkang dipunpirsani saking Arab nalika tindak haji dhumateng masyarakat ing Watucongol. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08.
“Nek riyin-riyine niku kesenian badui asline saking Arab, tiyang Watucongol utawi Kedu wonten ingkang tindak haji teng ngrika, dangu teng rika mbasan
44
mulih beta kesenian niku. Trus saking ngriku ditular-tularke tekan sakniki.” CLW 8
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 10. “Waune saking Arab trus wonten wong Watucongol sing teng ngrika pas bali
ngajarke kesenian kuwi.” CLW 10 Dudutan saking andharan ing nginggil inggih menika mula bukanipun kesenian
Badui asalipun saking tiyang Watucongol ingkang tindak haji wonten ing Arab. Nalika wonten ing Arab tiyang menika ningali kesenian-kesenian ingkang wonten
ing Arab. Sasampunipun wangsul saking Arab, tiyang Watucongol menika ngajaraken kesenian Badui ingkang dipuntingali dhumateng masarakat Watucongol.
Saking daerah Watucongol, kesenian badui ngrembaka dumugi daerah Bakalan, Nguwar, Magelang. Taun 1970-an kesenian Badui saking Bakalan
dipunundang ing Somokaton, Seyegan, Sleman wonten acara ngarak mustaka. Masarakat Somokaton remen kaliyan kesenian Badui lajeng nyuwun tulung kaliyan
pelatih Kesenian Badui saking Bakalan supados nularaken utawi ngajaraken kesenian menika. Saking Dhusun Somokaton, nularaken ing Desa sanesipun inggih menika
Dhukuh, Pundong, Kamal, Jumeneng, Kadilangu, Jonggrangan. Nalika tiyang Somokaton inggih menika Bapak Muji Pawiro ngajaraken kesenian Badui ing
Dhukuh, boten namung tiyang Dhukuh kemawon ananging wonten ugi saking Nglengis. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 08.
“Biyen ki kene sing nglatih Pak Muji Pawiro wong Somokaton mbak. Biyen ki sing mbadui teng ngriki kathah mbak wonten tiyang Nglengis ugi.” CLW 08
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 10 “Niku awale tek Somokaton ngriki ngarak mustaka taun 1970-an. Kula
ngundang kesenian Badui saking Bakalan niku, trus tiyang ngriki do seneng,
45
kula jaluk tulung kanca kula sing saking Bakalan niku nglatih teng ngriki.” CLW 10
“Suwe-suwe nek kesenian ki lak ditular-tularke to mbak, lha kuwi tekan Bakalan Nguwar Magelang trus tekan kene. Kula nggih mulang teng Dhukuh,
Pundong, Kamal, Jumeneng, Kadilangu, Jonggrangan.” CLW 10 Dudutan saking andharan ing nginggil inggih menika kesenian badui wonten
ing daerah Sleman mliginipun wonten ing daerah Seyegan dipunwiwiti kirang langkung taun 1970. Tiyang ingkang nglatih inggih menika Bapak Muji Pawiro
ingkang asalipun saking Somokaton Seyegan Sleman. Bapak Muji Pawiro ugi ngajarakaren kesenian Badui wonten ing Desa sanesipun inggih menika Dhukuh,
Pundong, Kamal, Jumeneng, Kadilangu, Jonggrangan. Nalika Bapak Muji Pawiro ngajaraken kesenian Badui ing Dhukuh, boten namung tiyang Dhukuh kemawon
ananging wonten ugi ingkang saking Nglengis. Kesenian Badui wonten ing Somokaton asalipun saking Bakalan, Nguwar, Magelang ingkang dipunundang ing
Somokaton wonten acara ngarak mustaka masjid. Amargi masarakat Somokaton remen, lajeng ngundang pelatih Badui saking Bakalan.
Taun 1985 masarakat Dhusun Klawisan mliginipun kawula muda inggih menika Bapak Boidi ingkang dipunsengkuyung kaliyan masarakat gadhah gagasan
ngawontenaken kagiyatan ing Masjid Baiturrohman. Nalika taun 1985 jamaah ingkang wonten masjid frekuensinipun mandhap. Kagiyatanipun kangge
“perkumpulan” masarakat masjid supados jamaah wonten masjid kathah lan masjid wonten kagiyatan. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01.
“Mulabukane riyin taun 90-an sampun wonten.” CLW 01 “Riyin diwontenaken badui tekne didirikaken masjid Baiturrrahman lajeng
pemuda kalebet kula gadhah ide supados ngawontenaken badui kangge perkumpulan masarakat sekitar masjid.” CLW 01