19
BAB III CARA PANALITEN
A. Jinising Panaliten
Panaliten ngengingi Kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman ngginakaken metode kualitatif
naturalistik. Endraswara 2009:87 ngandharaken bilih panaliten naturalistik inggih menika panaliten ingkang dipuntindakaken kanthi menapa wontenipun saha
tumindak tuwin tetembungan masarakat panyengkuyungipun ingkang dados dhasaring teges. Miturut Endraswara 2006a:15 panaliten budaya ngginakaken
metode kualitatif amargi data saking lapangan limrahipun boten terstruktur lan relatif kathah, satemah memungkinkan panaliti kangge nata, mengkritisi, lan
nggolongaken ingkang dipunginakaken kangge panaliten. Metode panaliten kualitatif menika metode ingkang ngginakaken papan
ingkang alami utawi boten dipunreka.Wonten ing panaliten menika, panaliti dados human instrument kangge ngempalaken data supados saged mangertosi fenomena
ingkang dipunamati wonten ing lapangan.
B. Setting Panaliten
Setting panaliten inggih menika papan panaliten wonten ing lapangan ingkang sampun dipuntemtokaken kaliyan panaliti kangge objek panaliten. Setting panaliten
kesenian Badui dipuntindakaken wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman. Panaliten dipuntindakaken wulan Maret-
20
Juni 2013. Pelaku wonten ing kesenian Badui inggih menika anggota kelompok kesenian lan masarakat pendukungipun.
C. Data lan Sumber Data
Data utama wonten ing panaliten kualitatif ngginakaken data deskriptif ingkang awujud tembung-tembung utawi ukara-ukara ingkang dipunandharaken
saking informan. Data ingkang dipunkempalaken wonten ing panaliten menika awujud mula bukanipun kesenian, lampahing kesenian, lan paedah kesenian Badui.
Sumber data asalipun saking setting ingkang dipunteliti inggih menika papan panaliten saha pelaku utawi anggota kesenian Badui ingkang wonten ing Dhusun
Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman.
D. Informan Panaliten
Informan inggih menika tiyang ingkang dados narasumber wonten ing panaliten. Cara ingkang dipunginakaken kangge nemtokaken informan inggih
menika kanthi snowball. Miturut Endraswara 2006a:57 cara snowball inggih menika informan kunci saking cacah tiyang sekedhik setunggal tiyang, lajeng
saking rekomendasi tiyang kasebut, informan kunci langkung kathah ngantos gunggung tartamtu. Informan langkung ngrembaka ngantos pikantuk data jenuh.
Informan ingkang dipuntemtokaken dados informan kunci utawi key informan inggih menika pendiri paguyuban ingkang gadhah ide ngawontenaken kesenian
amargi ingkang mangertos informasi saking kesenian Badui. Informan sanesipun inggih menika pejengklek, pambawa, penabuh, saha anggota perkumpulan kesenian
21
Badui wonten ing Dhusun Margoagung, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman.
E. Caranipun Ngempalaken Data
Cara pangempalaning data ingkang dipunginakaken awujud data kualitatif inggih menika pangempalan data ingkang boten ngginakaken angka-angka, ananging
adhedhasar kasunyatan ingkang saged dipuntingali saking observasi berpartisipatif, wawancara mendalam lan dokumentasi.
1. Observasi berpartisipatif
Endraswara 2006a:209 ngandharaken bilih wonten ing observasi berparsitipasif utawi pengamatan berperanserta panaliti nderek kagiyatan pasif
utawi aktif wonten ing tindakan budaya. Panaliti peran sarta wonten ing aktivitas- aktivitas ingkang dados objek panaliten.
Observasi berpartisipatif dipuntindakaken kanthi pengamatan langsung dhumateng objek panaliten ingkang angliputi ningali lan ngamati pementasan
kesenian Badui, nderek peran sarta ing fenomena budaya, nindakaken pencatatan ngengingi data utawi informasi ingkang gegayutan kaliyan panaliten. Ancasipun
observasi berpartisipatif supados pikantuk data primer amargi data dipunpendhet langsung saking lokasi pementasan kesenian Badui.
2. Wawancara Mendalam
Wawancara mendalam dipuntindakaken langsung kanthi terbuka antawisipun informan lan pewawancara. Wawancara terbuka tegesipun wawancara dhumateng
informan ingkang mangertos menawi informan nembe dipunwawancarai lan