Jinising Panaliten Setting Panaliten

23 saking informan lan nggampilaken menawi wonten seratan ingkang kesupen dipunserat. Wonten ing panaliten menika panaliti dados human instrument. Panaliti dipunwastani human instrument amargi panaliti ingkang damel rencana, nindakaken panaliten, pangempalan data, nganalisis data, saha ngandharaken asiling panaliten. Endraswara 2006b:119 ngandharaken bilih titikanipun panaliti piyambak ingkang saged mendhet data inggih menika sipatipun responsif tegesipun saged tanggap tumrap kawontenan, saged adaptasi kaliyan empan papan pangempalan data, menekankan keutuhan, ngginakaken dhasar pengetahuan, saged nganalisis data, saged pados data saha ngandharaken tumrap informan bab ingkang awrat, saha ngginakaken wekdal kangge pados respon ingkang dereng kulina. Awit saking menika panaliti piyambak ingkang dados instrument ingkang wigati.

G. Caranipun Nganalisis Data

Analisis data ingkang dipunginakaken inggih menika analisis data induktif. Analisis data induktif utawi induktif analitik inggih menika kemampuan panaliti ndamel kategorisasi lan abstraksi saking fenomena budaya Endraswara, 2006a:32. Analisis induktif dipunginakaken kangge nganalisis perkawis ingkang sampun dipunfokusaken ing panaliten kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan, inggih menika mula bukanipun kesenian, lampahing kesenian, lan paedah kesenian. Analisis data dipuntindakaken nalika ngempalaken data lan sasampunipun pangempalan data kanthi ngginakaken kategorisasi. Data ingkang sampun dipunkempalaken lajeng dipunwaos, dipunpelajari, lan dipuntelaah ingkang jumbuh 24 kaliyan ancasipun panaliten saking sumber ingkang wonten. Sumber menika angliputi saking observasi berpartisipatif utawi pengamatan berperanserta, wawancara mendalam, foto-foto lan cathetan lapangan. Langkah salajengipun ndamel absraksi. Absraksi inggih menika usaha damel rangkuman ingkang inti, proses, lan andharan-andharan saking informan. Saderengipun dipundamel abstraksi, data dipunreduksi kangge ngicalaken data ingkang boten dipunbetahaken. Salajengipun data ingkang wonten ing abstraksi dipundamel kategorisasi. Kategorisasi dipuntindakaken nalika ngawontenaken tetandhingan ingkang dipunlajengaken kangge kategorisasi salajengipun. Tahap salajengipun nafsiraken data lan damel dudutan saking ancasipun panaliten.

H. Cara Ngesahaken Data

Cara ngesahaken data wonten ing panaliten menika ngginakaken cara triangulasi. Triangulasi inggih menika cara pemeriksaan keabsahan data ingkang ngginakaken sedaya perkawis saking njawi data saperlu kangge ngecek utawi nandingaken data ingkang sampun dipunkempalaken. Triangulasi ing panaliten menika ngginakaken triangulasi sumber lan triangulasi metode. 1. Triangulasi Sumber Miturut Endraswara 2006b:110 triangulasi sumber inggih menika pados data saking pinten-pinten informan inggih menika tiyang ingkang gegayutan langsung kaliyan objek kajian utawi objek ingkang dipunteliti. Triangulasi sumber ing panaliten inggih menika nandhingaken asiling data wonten ing wawancara