25
pirembagan tiyang setunggal kaliyan tiyang sanesipun. Informan ingkang dipunsuwun katrangan wonten ing sedaya pitakenan langkung saking kalih tiyang.
Data saged dipunsebat sah menawi datanipun sampun jenuh 2.
Triangulasi Metode Endraswara 2006b:110 ngandharaken bilih triangulasi metode inggih
menika cara ngempalaken data ingkang dipuntindakaken ngginakaken maneka warna metode pangempalan data saged awujud observasi pengamatan, wawancara,
dokumentasi. Triangulasi metode dipunginakaken kangge nandhingaken menapa ingkang dipunandharaken dening informan kaliyan data asil pengamatan observasi
lan data-data sanesipun.
26
BAB IV ASILING PANALITEN SAHA PIREMBAGANIPUN
A. Deskripsi Setting Panaliten
1. Andharan Papan Panaliten
Panaliten Kesenian Badui dipuntindakaken wonten ing Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman. Desa Margoagung
kaperang dados kalih welas Dhusun, inggih menika Dhusun Watukarung, Dusun Dukuh, Dhusun Banyuurip, Dhusun Beteng, Dhusun Somorai, Dhusun Tegal
Gentan, Dhusun Nganggrung, Dusun Gondang, Dhusun Krapyak, Dhusun Barepan, Dhusun Klawisan saha Dhusun Ngino. Dhusun Klawisan kalebet Dhusun ingkang
wonten kesenian Badui. Dhusun menika kanthi administratif gadhah wates kaliyan Dhusun sanesipun. Watesan Dhusun Klawisan inggih menika kados mekaten.
a. Sisih eleripun kanthi dipunwatesi kaliyan Dhusun Gondang Desa Margoagung,
Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman. b.
Sisih wetanipun kanthi dipunwatesi kaliyan Dhusun Krapyak Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman.
c. Sisih kidulipun kanthi dipunwatesi kaliyan Desa Margokaton, Kecamatan
Seyegan, Kabupaten Sleman. d.
Sisih kilenipun kanthi dipunwatesi kaliyan Dhusun Ngino Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan, Kabupaten Sleman.
Dhusun Klawisan wiyaripun inggih menika kirang langkung 349.149 ha ingkang kaperang dados pemukiman kaliyan sabin. Wiyaripun ingkang kangge
pemukiman kirang langkung 138.606 ha saha kangge sabin wiyaripun 210.543.
27
Dhusun Klawisan kaperang dados 9 RT inggih menika RT 1, RT 2, RT 3, RT 4, RT 5, RT 6, RT 7, RT 8, saha RT 9. Sedaya RT ingkang wonten ing Dhusun Klawisan
derek nyengkuyung kesenian Badui. Supados langkung gampil anggenipun mangertosi papan panaliten kesenian
Badui saged dipuntingali saking peta ing ngandhap menika.
Gambar 1. Peta Desa Margoagung
Jarakipun Dhusun Klawisan kirang langkung 2 km saking Desa Margoagung saha kirang langkung 4 km saking pusat pemerintah Kecamatan Seyegan. Kesenian
Badui dipunwontenaken ing masjid Baiturroman wonten ing Dhusun Klawisan.