Tingkat Pendidikan Penduduk Data Monografi Dhusun Klawisan, Desa Margoagung, Kecamatan Seyegan,
35
asring dipunangge inggih menika 12 tiyang amargi gumantung cacahipun pemain ingkang saged nalika pentas. Ingkang wigati cacahipun kedah genep boten saged
menawi ganjil amargi kesenian badui kalebet kesenian ingkang ngginakaken pola berpasangan. Gambar pejengklek saged dipuntingali saking gambar ing ngandhap
menika.
Gambar 3. Pejengklek Dok. Lisa
Saking cacahipun pejengklek ingkang wonten 42 tiyang, padamelanipun wonten maneka warna. Wonten ingkang dados tani, guru, karyawan, wiraswasta,
saha wonten ingkang taksih sekolah. Yuswanipun para pejengklek boten dipunnwatesi amargi sedaya yuswa saged nderek. Yuswanipun para pejengklek
wonten ingkang taksih alit, kawula mudha, saha tiyang sepuh. Pejengklek kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan ingkang alit yuswanipun gangsal taun lan SD.
Menawi kawula mudha wonten ingkang taksih SMP, SMA, utawi nyambut damel. Pejengklek ingkang sepuh yuswanipun kirang langkung 62 taun. Andharan menika
jumbuh kaliyan pratelanipun informan 01.
36
“Akeh, umure ora ditentokake, ana sing alit 5 tahun, kawula muda sing sekolah, nyambut gawe, lan sesepuh 62 tahun…” CLW 01
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 02. “Werna-werna mbak, sing paling alit kuwi 5 taun, ana sing SD, SMP, SMA,
wong sing wis kerja, sing sepuh ya ana umure sekitar 60an”. CLW 02 “Ya werna-werna ana sing dadi wiraswasta, karyawan, tani, guru.” CLW 02
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 03. “Nek kene campur mbak, sing tuwa kaya kula ya wonten, sing alit ya wonten.
Nek sing alit lak ngge peneruse ngenjing to mbak. Ha piye mbak engko nek ora ana sing nuwani, nek sing tuwa gelem kok sing enom wegah…” CLW 03
“Sing paling alit ki 5 taun ana dani, indra, dika, ilham. Nek sing cah cilik ya iseh sekolah, nek cah enom ana sing sekolah, nek paruh baya yo ana sing
nyambut gawe dadi wong tani, wiraswasta. ” CLW 03
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 04. “Boten wonten, kita terbuka saja, na itu seperti Pak Boidi yang seumuran
dengan saya, wis mangga kita tidak batasi sing penting kumpul.” CLW 04 “Boten wonten, terbuka mawon, kadosta Pak Boidi ingkang yuswanipun meh
sami kalih kula, wis mangga mawon boten diwatesi ingkang wigati kempal.” CLW 04
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06. “… umure bebas ora dibatesi ana sing cah cilik tekan wong tuwa kaya kula.
Wong tuwa melu ben sing enom do melu tur ora isin…” CLW 06
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07.
“Bebas mbak, ana cah cilik, wong enom, sing sepuh barang...” CLW 07 “Nek ngriki niku boten beda-bedake mbak, ya ana wiraswasta, karyawan, guru,
wong tani. Sing iseh sekolah ya akeh.” CLW 07 Dudutan saking andharan ing nginggil inggih menika yuswanipun para
pejengklek bebas boten dipunwatesi. Wonten ingkang taksih alit yuswanipun gangsal taun lan siswa SD, kawula mudha ingkang taksih SMP, SMA utawi ingkang sampun
nyambut damel. Padamelanipun wonten ingkang dados tani, guru, kayawan,