89
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07. “Nek kuwi ra ana pathokane Mbak, ra ditentoke kudu pira.” CLW 07
Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih paguyuban kesenian Badui wonten ing Dhusun Klawisan boten nemtokaken dana menawi ajeng
ngundhang. Bayaran utawi dananipun boten kangge ningkataken pendapatan paraga Badui anaging artanipun mlebet kas. Amargi ancas utamanipun kesenian Badui boten
kangge pados arta ananging kangge syiar agami.
6. Paedah Kesehatan
Kesenian Badui nuwuhaken paedah kesehatan kangge para pejengklek amargi kalebet kesenian ingkang jengklekipun utawi gerakan tarinipun energik.
Jengklekipun energik dadosaken badan tiyang ingkang jengklek sehat. Tiyang ingkang nderek jengklek Badui sampun kadosta tiyang ingkang olahraga lan
ndadosaken tiyangipun bugar. Andharan menika jumbuh kaliyan pratelanipun informan 02.
“Kangge olahraga, niku lak gerakane energik dadi nek marai sehat.” CLW 02
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 03. “…Kathah saged manfaate, saged ngge olahraga. Nek melu kesenian badui
niku khususe sing jengklek lak kudu fisike kuat amarga gerakane energik. Saka kuwi lakyo bisa kanggo olahraga sisan...” CLW 03
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 05. “Ngge olahraga ben do sehat, wong gerakane nika ki pun kados wong
olahraga. Jengklekane niku lak energik...” CLW 05
90
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 06. “Ngge olahraga amarga jingklikake wis kaya wong olahraga...” CLW 06
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 07. “Kangge olahraga. Kesenian Badui niku mari sehat tekne gerakane niku lak
energik...” CLW 07
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 08. “… Badui menika ngge olahraga marai sehat, wong bar badui nika kringete
metu kabeh dadi rasane awake penak. Niku istimewane mbokyo badui tekan jam 01.00 bengi, enjinge nggih bugar mawon boten kesel utawa lemes. Padahal
nek jagong sugi jam 24.00 nika enjinge pun ngantuk.” CLW 08
Andharan menika dipunsengkuyung dening pratelanipun informan 09. “Ya kui salah siji kesenian islam solawatan sing marai sehat wong pemaine
wis kaya olahraga ...” CLW 09 Dudutan saking andharan ing nginggil inggih menika tiyang ingkang nderek
kesenian Badui gadhah paedah kangge kesehatanipun. Tiyang ingkang jengklek Badui ndadosaken badanipun sehat lan bugar amargi gerakanipun utawi jengklekipun
energik kadosta tiyang ingkang olahraga. Saking andharan ing nginggil saged dipunpendhet dudutan bilih paedahing
kesenian Badui kaperang dados enem, inggih menika paedah religius, paedah nglestantunaken tradhisi, paedah hiburan, paedah sosial, paedah ekonomi, saha
paedah kesehatan. Kesenian tradhisional saged tetep lestantun awit gadhah paedah kangge masarakat pendukungipun. Terlebih lagi menawi pendukungipun generasi
enem nderek nglestantunaken kesenian tradhisional saged dadosaken kesenian tetep lestantun ing wekdal ingkang dangu.