RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN 01
Nama Sekolah :
SMA PGRI 2 KAJEN
Mata Pelajaran :
Bahasa Jawa
KelasProgram Semester
: XI IPA-IPS 1
Pertemuan ke- :
1
Alokasi Waktu :
4 X 45 menit
Standar Kompetensi :
Mendengarkan Mampu mendengarkan dan memahani wacana lisan
nonsastra maupun sastra dalam berbagai ragam bahasa Jawa.
Kompetensi Dasar :
Mendengarkan sambutan atau khotbah yang disampaikan secara langsung
Indikator :
Peserta didik mengidentifikasi pokok-pokok isi sambutan yang didengarkan
Peserta didik menyebutkan isi sambutan yang didengar Peserta didik menyampaikan secara lisan isi sambutan
yang didengarkan Peserta didik menanggapi secara lisan isi sambutan
yang didengarkan Peserta didik menyusun sambutan dengan topik lain
menggunakan ragam bahasa krama
A. Tujuan Pembelajaran
1. Peserta didik dapat mengidentifikasi pokok-pokok isi sambutan yang didengarkan secara langsung
2. Peserta didik dapat menyebutkan isi sambutan yang didengar secara langsung 3. Peserta didik dapat menyampaikan secara lisan isi sambutan yang didengarkan
secara langsung 4. Peserta didik dapat menanggapi secara lisan isi sambutan yang didengarkan
secara langsung 5. Peserta didik dapat menyusun sambutan dengan topik lain menggunakan ragam
bahasa krama secara langsung
B. Materi Ajar
Sambutan khotbah Wonten kegiatan lingkungan sekolah utawi masyarakat, biasane wonten kata
sambutan saking paanitia utawi pejabat. Tulandahnipun wonten acara kegiatan di sekolah, ketua panitia utawi kepala sekolah paring sambutan.
Sambutan kelebu jinising sesorah utawa medharsabda. Tujuane medharake isining adicara kanthi cetha. Sambutan iku nglairake gagasan sarana lisan ana
sangarepe pawongan akeh ing salah satunggaling acara kegiatan. Tuladhanipun sambutan pesta ulang tahun, sambutan acara pernikahan, sambutan upacara
bendera. Wonten sekawaan metode sambutan:
1. Metode naskah
: anggenipun sambutan kantun maos naskah ingkang sampun dipun damel.
2. Metode menghafal : anggenipun sambutan ngapalke
3. Metode impromptu : anggenipun sambutan langsung mboten mawi persiapan
4. Metode ekstemporan : anggenipun sambutan nyerat pokok-pokok sambutan
Urutane Isi Sambutan:
RPP Bahasa Jawa Kelas XI Semester 1 Tahun Pelajaran 2015-2016
1. Uluk salam salam pambuka
2. Purwaka basa: atur pakurmatan, puji syukur, atur panuwun
3. Surasane basa isi pidhato
4. Wasana basa
5. Salam Panutup
Tuladha:
Pamitan
Assalamualaikum wr.wb Bapak kepala sekolah ingkang dhahat kinabekten, bapak ibu guru ingkang
kinurmatan, saha adhik-adhik ingkang kula tresnani. Puji syukur konjuk dhumateng Gusti Allah Ingkang Maha Agung, ingkang
sampun ngluberaken rahmat tuwin hidayah satemah kula panjenengan sedaya saged makempal wonten aula SMA PGRI 2 KAJEN kangge ngawontenaken pepisahan.
Bapak ibu guru ingkang dhahat kinurmatan, boten kesupen kula ingkang minangka wakilipun putra-putri kelas tiga ngaturaken agunging panuwun ingkang
tanpa pepindhan, awit keikhlasan saha sih katresnan bapak ibu guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa, satemah saged ngrampungaken kuwajiban
sadangunipun tigang taun kanthi tinengeran tampi ijasah.
Bapak ibu guru tuwin adhik-adhik sedaya, sekedhap malih kula sakanca badhe nilar pawiyatan menika ingkang kula tresnani. Awrat anggen kula matur, jalaran
badhe nilar guru saha adhik-adhik sedaya. Jalaran kawontenan kedah mekaten, pramila kanthi awrating manah kula sakanca nilaraken bapak ibu guru tuwin adhik-
adhik. Sanadyan sampun pepisahan, ateges tebih ing netra, mawantu-wantu kula tansah nyuwun supados tansah celak ing penggalih.
Wonten pepanggihan temtu wonten pepisahan, punika kados sampun kinodrat, boten kenging dipunselaki malih. Ingkang punika sanadyan mataun-taun
kempal kaliyan bapak ibu saha adhik-adhik, ing dinten menika kula sakanca kapeksa nyuwun pamit badhe nglajengaken ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan luhur. Kula
sakanca nyuwun tambahing pangestu. Kosok wangsulipun kula tuwin kanca-kanca tansah memuji dhumateng ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Kuwaos, supados bapak
Ibu saha adhik-adhik angsal rahmating Pangeran, wilujeng boten wonten alangan satunggal menapa.
Kula kinten boten prayogi menawi atur pamitan menika kula panjang wiyaraken. Kula tansah nyuwun tambahing pangestu supados wilujeng ing
sedayanipun. Menawi wonten kirangtrepipun tuwin kirang tata krama anggen kula matur, kula nyuwun agunging samodra pangaksami. Ing wasana kula kantheni sesanti
“ali-ali ilang matane, aja lali karo kancane”. Nuwun.
Wassalamualaikum wr. wb.
C. Metode Pembelajaran