Metode Pembelajaran Kegiatan RPP BAHASA JAWA KELAS XI Smt 1
7. Pitepangan Enggal. Pacelathon
Adi : Assalamualaikum
Pak Ali : Wa’alaikumsalam O….. Adi njanur gunung sore-sore wis tekan kene, ana apa?
Adi : Inggih Pak, sowan kula mriki badhe nyuwun pirsa sejarahipun “pertempuran
5 hari” ing kitha Semarang. Pak Ali : O…. kuwi terus apa sing arep koktakokake marang bapak?
Adi : Mekaten Pak, kados pundi larah-larahipun kedadosanipun paprangan 5
dinten ing kitha Semarang? Pak Ali : Mengkene….. Sawise kamardikan Republik Indonesia wis dipratelakake
dening Ir Soekarno tanggal 17 Agustus 1945, ananging walanda lan wadya balane ora gelem ngakoni kamardikan Indonesia. Kedadeyan kaya ngono
ana ing ngendi bae kayata Medan, Surabaya lsp. Semono uga ing kutha Semarang. Nalika semono tentara Jepang nyerang anggota polisi istimewa
sing lagi tugas jaga ana ing tandhon banyu Wungkal, Siranda. Sabanjure keprungu warta yen tandhon banyu mau arep diracun dening Jepang. Yen
pawarta mau bener, ateges wong saSemarang bakal mati keracunan. Mula pangarsa Laboraturium Pusat Rumah Sakit Rakyat Perusara kutha
Semarang, dr. Karyadi enggal budhal menyang Siranda saperlu mriksa banyu tandhon Wungkal kasebut. Ananging ing dalan dicegat, banjur
diprajaya dening Jepang. Tahanan Jepang ing sekolah Pelayaran padha brontak sateruse perang wis ora bisa dialang alangi maneh. Perjuangane
para kawula mudha Semarang perang kalawan Jepang sajroning limang dina iku, katelah pertempuran 5 dina ing Semarang.
Adi : Lajeng, pasulayan menika wiwitanipun surya pinten, ngantos pinten dinten
Pak? Pak Ali : Saka tanggal, 14 Oktober 1945 nganti 19 Oktober 1945, kira-kira ya 5 dina.
Adi : Lajeng menapa wonten sesambetanipun kaliyan Monumen Tugu Muda
Pak? Pak Ali : Ana, Monumen Tugu Muda kuwi dibangun kanggo mengeti kedadean kuwi.
Adi :O… Mekaten. Samenika kula sampun mangertos Pak, matur nuwun
seserapanipun. Pak Ali : Ya, padha-padha.
Adi : Menawi mekaten kula nyuwun pamit wangsul rumiyin nggih Pak.
Pak Ali : Iya, ngati-ngati.