Tujuan Pembelajaran Materi Ajar PAMITAN SISWA KELAS XII

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN 02 Nama Sekolah : SMA PGRI 2 KAJEN Mata Pelajaran : Bahasa Jawa KelasProgram Semester : XI IPA-IPS 1 Pertemuan ke- : 2 dan 3 Alokasi Waktu : 4 X 45 menit Standar Kompetensi : Berbicara Mampu mengungkapkan pikiran, pendapat, gagasan, dan perasaan secara lisan sastra maupun nonsastra dengan menggunakan berbagai ragam dan unggah- ungguh bahasa Jawa. Kompetensi Dasar : Menyampaikan sambutan dalam bentuk pambagyaharja Indikator :  Menentukan pokok-pokok isi sambutan dalam bentuk pambagyaharja  Menyusun kerangka sambutan dalam bentuk pambagyaharja  Mengembangkan kerangka sambutan yang berbentuk pambagyaharja sesuai dengan unggah- ungguh bahasa Jawa  Menyampaikan secara lisan sambutan berbentuk pambagyaharja sesuai dengan lafal, intonasi dan irama yang tepat.

A. Tujuan Pembelajaran

 Peserta didik dapat menentukan pokok isi sambutan dalam bentuk pambagyaharja melalui penyampaian pambagyaharja dalam bentuk lisan  Peserta didik dapat menyusun kerangka sambutan dalam bentuk pambagyaharja melalui penyampaian pambagyaharja dalam bentuk lisan  Peserta didik dapat mengembangkan kerangka sambutan yang berbentuk pambagyaharja sesuai dengan unggah-ungguh bahasa Jawa  Peserta didik dapat menyampaikan secara lisan sambutan berbentuk pambagyaharja sesuai dengan lafal, intonasi dan irama yang tepat.

B. Materi Ajar PAMITAN SISWA KELAS XII

Assalamu’alaikum Wr Wb. Bapak Kepala Sekolah ingkang pantes sinudarsana, tamu undangan, bapak ibu guru saha karyawan ingkang kinurmatan, adhik-adhik kelas X, XI, lan kanca-kanca ingkang kula tresnani. Muji syukur konjuk wonten ngarsanipun Gusti Ingkang Maha Agung, dene ing wekdal menika kita sedaya taksih pinaringan rahmat, saengga ing wekdal punika kita saged makempal kanthi pinayungan karaharjan. Kula minangka wakil saking siswa kelas XII, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami dhumateng bapak ibu guru awit saking sih katresnan anggenipun nggulawenthah dhumateng kula sakanca, saengga saged ngrampungaken kuwajiban anggen kula sakanca ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan punika. Kula sakanca namung saged memuji, mugi-mugi sedaya amal lan kasaenan bapak ibu guru pikantuk piwales saking Gusti ingkang Maha Agung saha tansah pinaringan kasarasan, kawilujengan lan katrenteman saengga saged anggulawentah dhateng adhik-adhik sedaya nganti dumugi paripurna kanthi biji ingkang maremaken. Boten kesupen kula RPP Bahasa Jawa Kelas XI Semester 1 Tahun Pelajaran 2015-2016 sakanca ugi nyuwun pangapunten, awit kula sakanca asring ndamel bapak ibu duka lan kuciwa awit saking atur saha solah bawa kula sakanca ingkang boten mranani penggalih panjenengan. Dhumateng adhik-adhik kelas XI lan X ingkang satuhu kula tresnani, mugi-mugi tansah sregep anggenipun ngangsu kawruh ing pawiyatan punika. Dadosa siswa ingkang tansah setya tuhu dhateng dhawuhipun guru, tansah ngurmati lan ngajeni dhateng tiyang sepuh. Bapak ibu guru, karyawan saha adhik-adhik ingkang kula tresnani, kula sakanca ngraosaken awrat sanget badhe nilaraken panjenengan sedaya ing pawiyatan punika, amargi raos sih katresnan saking panjenengan sami sampun rumasuk wonten ing manah kula sakanca, nanging kula sakanca mangertos bilih menawi wonten pepanggihan temtu kemawon wonten pepisahan. Mila wekdal punika kula badhe nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu, mugi-mugi sasampunipun medal saking pawiyatan punika, kula sakanca saged nglajengaken anggenipun ngangsu kawruh wonten ing pawiyatan ingkang langkung inggil. Dhumateng bapak ibu lan adhk-adhik sedaya sepisan malih kula ndedonga mugi tansah pinaringan rahmat saha barokahing Gusti Allah. Amin. Wasana cekap semanten atur kula, menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa ingkang boten mranani penggalih, kula nyuwun pangapunten. Wassalamu’alaikum Wr Wb.

C. Metode Pembelajaran