Sesulih Pandangon Tembung Sesulih

31 Limrahipun tembung apa dipunginakaken kangge ngandharaken pandangon ngengingi barang. Ananging ugi saged kangge ngandharaken pandangon ngengingi prastawa saha kahanan, tuladhanipun kados makaten.  Apa sing kokgawa?  Apa kowe wis ngerti yen mengko ana jathilan?  Apa sing kokrasake? Tembung sesulih pandangon apa kalebet ragam basa Jawi ngoko, dene wujud ragam basa Jawi kramanipun dados menapa. Tuladhanipun kados makaten.  Menapa ingkang panjenengan bekta?  Menapa panjenengan mangertos menawi mangke wonten jathilan?  Menapa ingkang panjenengan raosaken? Tembung sesulih pandangon sapa kalebet ragam basa Jawi ngoko, dene ragam basa Jawi krama inggilipun dados sinten. Tembung sesulih pandangon sapa kalebet ragam basa Jawi ngoko, dene ragam basa Jawi krama inggilipun dados sinten, tuladhanipun kados makaten.  Iki duweke sapa?  Sapa sing mangan segaku?  Panjenengan menika sinten nggih?  Sinten ingkang dereng bayar? Tembung sesulih pandangon ngapa, yagene saha genea kalebet ragam basa Jawi ngoko, dene ragam basa Jawi krama inggilipun dados kenging menapa, tuladhanipun kados makaten.  Kowe mau ngapa?  Yagene kowe telat?  Genea kok ora bisa?  Kenging menapa ketingalipun kalawau kesesa?  Kenging menapa panjenengan kasep?  Kenging menapa boten saged? Tembung sesulih pandangon endi kalebet ragam basa Jawi ngoko, dene ragam basa Jawi krama inggilipun dados pundi, tuladhanipun kados makaten.  Endi wonge mas?  Dhuwitku endi mbak?  Pundi tiyangipun mas?  Arta kula pundi mbak? Tembung sesulih kapan saged dados ragam basa Jawi ngoko saha Krama. Tembung sesulih kapan dipunginakaken kangge nyuwun pirsa bab wekdal.  Kapan bapak kondur?  Andi kuwi lungane kapan? Tembung sesulih pandangon kepriye kalebet ragam basa Jawi ngoko, dene ragam basa Jawi krama inggilipun dados kados pundi, tuladhanipun kados makaten.  Kepriye rapate mau?  Kepriye carane gawe sega goreng mbak?  Kados pundi rapatipun kalawau?  Kados pundi caranipun damel sekul goreng mbak? 33 Tembung sesulih pandangon pira kalebet ragam basa Jawi ngoko, dene ragam basa Jawi krama inggilipun dados sepintenpinten, tuladhanipun kados makaten.  Pira regane mbak?  Mau kae batane ana pira?  Sepinten reginipun mbak?  Kalawau batanipun wonten pinten? Tembung sesulih pandangon ngendi kalebet ragam basa Jawi ngoko, dene ragam basa Jawi krama inggilipun dados wonten pundi, tuladhanipun kados makaten.  Arep ngendi mas?  Kowe mulang ana ngendi?  Badhe wonten pundi mas?  Panjenengan ngasta wonten pundi?

e. Sesulih Panyilah

Miturut Sasangka 2001: 116 ingkang dipunwastani tembung sesulih panyilah utawi pronomina relatif inggih menika tetembungan ingkang dipunginakaken kangge nyulihi tembung aran ingkang dados wosing ukara. Tetembungan ingkang kalebet tembung sesulih panyilah inggih menika sing, kang saha ingkang. Miturut Antunsuhono 1956: 62-63 tembung sesulih panyilah ugi dipunwastani tembung sesulih panggandheng awit saged misahaken tembung camboran. Sanesipun kangge nyulihi tembung aran tembung sesulih panyilah dipunginakaken kangge nyulihi papan saha wekdal. Tabel 5: Sesulih Panyilah