Sumber Tulis Sumber Panaliten Dialek

kalih inggih menika naskah saha kamus utawi atlas basa, dene andharanipun kados makaten. a Naskah Wontenipun dialek utawi basa menika ugi saged saking wontenipun naskah. Saben naskah menika tamtu kemawon beda, gumantung saking yuswa, nilai saha panganggening basa. Naskah kuno menika saged narik kawigatosan, awit menika sumber kangge wekdal masarakat ingkang dereng tepang kamus menapa malih seratan tata basa. Menapa malih ingkang gadhah unsur sastra ingkang dipunserat mawi basa saha dialek ingkang beda. b Kamus saha Atlas Basa Bab menika minangka sumber utama wonten ing panaliten basa Guiraud wonten ing Ayatrohaedi, 1983: 12. Perangan ingkang dereng cetha saged langkung cetha menawi ginakaken kamus dialek ingkang sampun wonten. Amargi kasusun rikala jaman rumiyin pramila wujudipun susunan kamus menika kathah ingkang dereng cetha. Saperangan namung susunan tembung, lajeng kados tandha fonetik saha sanesipun menika kirang dipungatosaken.

F. Cara Ngempalaken Data Panaliten Dialektologi

Cara ingkang dipunginakaken kangge ngempalaken data wonten ing panaliten dialektologi menika boten namung setunggal kemawon. Kadhangkala panaliti ngginakaken cara campuran. Bab menika dipuntindakaken supados saged pikantuk data ingkang dipunkajengaken. Panaliten bab basa mliginipun dialektologi ugi kados makaten, ngginakaken cara campuran. Miturut Ayatrohaedi 43 1983: 50-51 cara ingkang ingkang limrah dipunginakaken wonten ing panaliten dialektologi inggih menika kados makaten. a Cakapan Terarah Wonten ing cakapan terarah tugas panaliti inggih menika ngarahaken pirembagan antawisipun panaliti saha sumber lisan. Pirembagan temtu kemawon dipunwiwiti saking bab ingkang umum. Cara menika dipuntindakaken supados sumber lisan saged paring informasi miturut kahanan wonten ing lapangan. b Nyuwun Pirsa kanthi Cara Langsung Cara menika cara paling gampil menawi dipuntindakaken, menapa malih menawi nyuwun pirsa bab ingkang nyata kadasta peranganing badan, peranganging griya, piranti tani lan sapanunggalanipun. Ananging ugi wonten kirangipun, cara menika ewed dipuntindakaken menawi pandangon ngengingi bab ingkang boten cetha wujudipun kadasta wosing manah, tindak tanduk, sistem kekerabatan lan sapanunggalanipun. c Nyuwun Pirsa kanthi Cara Mboten Langsung Cara menika dipunginakaken supados saged jangkepi menapa kemawon ingkang kirang saking cara nyuwun pirsa langsung. Cara ingkang dipuntindakaken inggih menika 1 anggenipun caos pandangon boten pikantuk ngengingi perkawis, panaliti kedah gayutaken kalihan bab sanes ingkang taksih jumbuh kalihan data panaliten, 2 menapa ingkang dipunkajengaken panaliti kedah dipunandharaken kanthi cetha, 3 kangge bab-bab tartamtu panaliti saged ngginakaken gerak saha mimik.