Sisih wetan dipunwatesi Kecamatan Sigaluh.
Sisih kidul dipunwatesi Kecamatan Pagedongan kalihan Kabupaten
Kebumen.
Sisih kilen dipunwatesi Kecamatan Bawang.
Sisih ler dipunwatesi Kecamatan Madukara kalihan Kecamatan Banjarmangu. Kecamatan Banjarnegara mawi administratif kadhapuk saking 4 desa kalihan
9 kelurahan. Papan panaliten ingkang kalebet desa inggih menika Ampelsari, Tlagawera, Sokayasa saha Cendana. Salajengipun, papan ingkang kalebet
kelurahan inggih menika Semampir, Wangon, Karangtengah, Kutabanjar, Krandegan, Semarang, Parakancanggah, Sokanandi saha Argasoka.
Topografi Kecamatan Banjarnegara menika awujud lembah saha pegunungan. Kecamatan Banjarnegara sisih ler awujud lembah utawi saged
dipunwastani zona aliran. Papan menika saged dipunwastani zona aliran awit papan menika dipunileni Lepen Serayu kalihan Lepen Belimbing. Papan ingkang
dipunileni Lepen Serayu inggih menika Kelurahan Sokanandi, Parakancanggah, Krandegan, Kutabanjar, Wangon saha Semampir. Salajengipun papan ingkang
dipunileni Lepen Belimbing inggih menika Kelurahan Semarang kalihan Karangtengah.
Kecamatan Banjarnegara sisih kidul menika awujud pegunungungan utawi zona dataran. Papan ingkang kalebet zona dataran inggih menika Desa Ampelsari,
Tlagawera, Sokayasa saha Cendana. Papan menika dipunwastani zona dataran
59
awit saperangan ageng wujudipun pegunungan ingkang boten wonten lepen ageng ingkang mili wonten ing papan menika.
c. Wiyaripun Papan Panaliten
Wiyaripun Kecamatan Banjarnegara inggih menika 2.624,195 Ha utawi 2,45 saking Kabupaten Banjarnegara. Saperangan ageng kecamatan menika
wujudipun dataran andhap. Lahan wonten ing kecamatan menika kalebet lahan basah ±99. Kecamatan Banjarnegara kadhapuk saking 4 desa, 9 kelurahan, 59
dhusun, 86 RW saha 323 RT, dene andharanipun kados makaten.
Tabel 9: Tabel adsministrasi Kecamatan Banjarnegara
No Nama Desa
Wiyaripun Ha Cacahipun
Dhusun RW
RT 1
2 3
4 5
6 1.
Argasoka 363,219
5 12
29 2.
Ampelsari 274,152
5 5
23 3.
Tlagawera 356,379
4 5
17 4.
Cendana 367,068
8 5
20 5.
Sokayasa 182,005
5 5
17 6.
Sokanandi 215,735
5 6
28 7.
Parakancanggah 173,401
2 11
41 8.
Semarang 58,446
4 6
25 9.
Krandegan 73,965
3 9
29 10.
Kutabanjar 148,200
9 8
42 11.
Karangtengah 120,318
3 3
18 12.
Wangon 119,044
4 7
14 13.
Semampir 172,263
2 4
20
Jumlah 2.624,195
59 86
323
Katrangan : a.
papan panaliten ingkang miturut status administratif menika desa saha kalebet zona dataran.
b. Papan panaliten ingkang boten wonten tandhanipun menika miturut status
administratif kalebet kelurahan saha kalebet zona aliran.
Saking tabel menika saged kapanggihaken bilih wiyaripun papan panaliten menika saged ndayani panganggening tembung sesulih ingkang beda antawisipun
desa setunggal kalihan desa sanes. Kecamatan Banjarnegara menika kaperang dados kalih zona, zona dataran saha zona aliran.
Desa-desa ingkang wonten ing dataran inggil kalebet zona dataran, lajeng desa-desa ingkang wonten ing dataran ngandhap menika kalebet zona aliran utawi
desa-desa ingkang dipunileni Lepen Serayu kalihan Lepen Belimbing. Saperangan ageng zona dataran menika wujudipun pegunungungan ingkang dipuntanduri wit
pinus. Zona aliran menika wujudipun dataran ngandhap ingkang saperangan ageng wujudipun sabin saha pemukiman pendhudhuk.
Zona dataran dunungipun wonten ing pegunungan tebih saking kutha. Saperangan ageng masarakat wonten ing papan menika masarkat asli ingkang
kathah-kathahipun gadhah pedamelan tani karet utawi buruh kajeng. Beda kalihan kahanan masarakat wonten ing zona aliran, wonten ing zona menika saperangan
ageng sanes masrakat asli. Saperangan ageng masarakat pedamelanipun wiraswasta kalihan pegawe negeri, namung saperangan alit ingkang dados tani.
Masarakat wonten ing zona dataran menika saperangan ageng pendhudhuk asli temtu kemawon tingkat mobilitas masarakat boten inggil. Beda kalihan
masarakat wonten ing zona aliran ingkang saperangan ageng menika sanes pendhudhuk asli, temtu kemawon tingkat mobilitas masarkat langkung inggil.
Perkawis menika ndayani masarakat anggenipun ngginakaken basa utawi tembung wonten ing pirembagan padintenan.