5
2. Kados pundi papan panganggening tembung-tembung sesulih ingkang
dipunginakaken masarakat wonten ing Kecamatan Banjarnegara, Kabupaten Banjarnegara?
3. Kados pundi peta geografis tembung-tembung sesulih ingkang
dipunginakaken masarakat wonten ing Kecamatan Banjarnegara, Kabupaten Banjarnegara?
E. Ancasing Panaliten
Panaliten menika kaserat boten tanpa ancas. Katitik saking watesaning kaliyan wosing perkawis, panaliten menika gadhah ancas kados makaten.
1. Tembung-tembung sesulih ingkang dipunginakaken masarakat wonten ing
Kecamatan Banjarnegara, Kabupaten Banjarnegara. 2.
Papan panganggening tembung-tembung sesulih ingkang dipunginakaken masarakat wonten ing Kecamatan Banjarnegara, Kabupaten Banjarnegara.
3. Peta geografis tembung-tembung sesulih ingkang dipunginakaken masarakat
wonten ing Kecamatan Banjarnegara, Kabupaten Banjarnegara.
F. Paedahing Panaliten
Panaliten ingkang irah- irahanipun “Isoglos Leksikal Tembung Sesulih Wonten
ing Kecamatan Banjarnegara ”, minangka salah satunggaling wujud dokumen
basa Jawi mliginipun subdialek Kabupaten Banjarnegara. Asiling panaliten menika temtu boten namung dados dokumen kemawon, nanging saged paring
paedah wonten ing pamulangan basa Jawi.
Dokumen menika dipunkajengaken saged nambah wawasan basa Jawi mliginipun bab Linguistik. Sanesipun, ugi saged dados referensi tumrap para
panaliti ingkang badhe nliti bab dialektologi.
G. Pangertosan
Supados ingkang maos panaliten menika sami anggenipun nafsiraken panaliten menika, wonten ing subbab menika badhe dipunandharaken pangertosan
ingkang gayut kalihan panaliten menika. 1.
Isoglos inggih menika garis ingkang ancasipun kangge ngempalaken papan ingkang gadhah variasi basa ingkang sami Tawangsih Lauder wonten ing
Mahsun, 2012:184. Isoglos ingkang kaginakaken inggih menika isoglos leksikal. Isoglos leksikal inggih menika garis wonten ing peta ingkang
misahaken leksikon ingkang beda. Gayut kalihan panaliten menika isoglos leksikal samangke nggambaraken tembung sesulih ingkang dipunginakaken
dening masarakat Kecamatan Banjarnegara. 2.
Dialek inggih menika variasi basa gayut kalihan bab gramatikal, leksikal saha fonologis Chambers saha Trudgill wonten ing Nadra saha Reniwati, 2009:2.
Wonten ing panaliten menika ingkang dipunrembag sejatosipun sanes dialek. Ananging ngrembag bab subdialek. Subdialek inggih menika variasi basa
papan setunggal kalihan papan sanes ingkang taksih setunggal dialek. Subdialek wonten ing panaliten menika temtu kemawon subdialek
Banjarnegara. Subdialek Banjarnegara menika taksih kalebet dialek Banyumas.