Wonten ing panaliten menika cacahing informan wonten 13 tiyang saking 13 desa. Saben informan pikantuk setunggal angket. Angket menika kangge
manggihaken panganggening tembung sesulih antawisipun desa setunggal kalihan desa sanes wonten ing Kecamatan Banjarnegara. Tembung sesulih ingkang
dipunpanggihaken inggih menika tembung sesulih purusa, panuduh, pandarbe saha pandangon.
b
Observasi
Miturut Suharsimi 1992: 111 observasi inggih menika ngamati salah satunggaling
obyek ngginakaken
panca indra.
Observasi ingkang
dipunandharaken menika sami kalihan observasi langsung. Observasi langsung dipuntindakaken kanthi ancas manggihaken menapa leres batas administratif
menika ugi dados batas panganggening tembung sesulih. Panaliti ngginakaken metode simak, miturut Mahsun 1995: 98 metode
simak inggih menika cara ngempalaken data kanthi cara nyemak panganggening basa. Panaliti ngamati pirembagan ingkang saweg dipunltindakaken dening tiyang
setunggal kalihan tiyang sanes wonten ing papan tartamtu. Teknik ingkang dipunginakaken inggih menika teknik sadap awujud catat saha rekam. Panaliti
ingkang sampun dipuncathet kalihan dipunrekam menika lajeng dipunanalisis. Lembar analisis saged dipunpriksani wonten ing lampiran
F. Pirantining Panaliten
Piranti panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika lembar angket utawi kuesioner saha lembar observasi. Lembar angket utawi kuesioner dipunginakaken
55
kangge manggihaken panganggening tembung sesulih ingkang beda antawisipun desa setunggal kalihan desa sanes. Wujud lembar angket utawi kuesioner saged
dipunpriksani wonten ing lampiran. Piranti panaliten salajengipun inggih menika lembar observasi. Lembar
observasi dipunginakaken kangge manggihaken panganggening tembung sesulih wonten ing pusat papan panaliten menika sami boten kalihan wilayah perbatasan.
Salajengipun kangge manggihaken menapa batas administratif sami kalihan batas isolek menapa boten. Wujudipun angket utawi kuesioner saha lembar observasi
menika saged dipunpriksani wonten ing lampiran.
G. Caranipun Nganalisis Data
Caranipun nganalisis data inggih menika, ngempalaken tembung sesulih ingkang dipunpanggihaken saking angket utawi kuesioner. Salajengipun data
saking angket dipunkempalaken dados setunggal miturut papan panganggening tembung sesulih menika. Sasampunipun data kakempalaken lajeng data menika
dipunjumbuhaken kalihan asiling observasi. Tabel analisis data saged dipunpriksani wonten ing lampiran.
Cara ingkang pungkasan inggih menika, data dipundadosaken peta isoglos. Cara pandameling peta ingkang dipunginakaken inggih menika sistem petak.
Sistem petak ingkang dipunginakaken inggih menika petak warna. Petak warna inggih menika cara pandameling peta kanthi paring warna ingkang sami papan-
papan ingkang ngginakaken tembung sesulih ingkang sami. Cara menika gadhah ancas supados asiling panaliten menika langkung ketingal cetha.