Papan Panaliten Wekdal Panaliten

Papan sakiwa tengenipun Kecamatan Banjarnegara menika wonten kecamatan saha kabupaten, dene andharanipun kados makaten. a. Sisih wetan menika wonten Kecamatan Sigaluh. b. Sisih kidul menika wonten Kecamatan Pagedongan kalihan Kabupaten Kebumen. c. Sisih kilen menika wonten Kecamatan Bawang. d. Sisih ler menika wonten Kecamatan Madukara kalihan Kecamatan Banjarmangu.

D. Wekdal Panaliten

Wekdal panaliten menika dipuntindakaken saking Pebruari 2014 ngantos dumugi Juli 2014, dene andharanipun kados makaten. Tabel 8 : Wekdal Panaliten No Wekdal Bab ingkang dipuntindakaken Katrangan 1. Pebruari 2014 Pra survei Pra survei dipuntindakaken kangge manggihaken perkawis ingkang badhe katliti. Perkawis ingkang dipuntliti inggih menika tembung sesulih. 2. Maret 2014 Manggihaken data kanthi cara nyaosaken angket Manggihaken data wonten ing panaliten menika kanthi cara nyaosaken angket utawi kuesioner 53 dhateng para informan dhateng para informan. Cacahing informan saben desa utawi kelurahan menika 1 tiyang. 3. April - Mei 2014 Observasi Observasi dipuntindakaken kangge manggihaken panganggening tembung sesulih wonten ing papan perbatasan antawisipun desakelurahan kalihan desakelurahan sanes. 4. Pebruari - Juli 2014 Nganalisis data saha nyerat laporan Analisis data menika saking Pebruari 2014 dumugi Juli 2014. Nyerat laporan saking bab 1 dumugi pungkasan.

E. Caranipun Ngempalaken Data

Cara ngempalaken data wonten ing panaliten menika wonten kalih. Cara ingkang sepisan inggih menika caos angket dhateng para informan saha observasi wonten ing papan perbatasan antawisipun desakelurahan setunggal kalihan desakelurahan sanes, dene andharanipun kados makaten. a Caos Angket utawi Kuesioner Miturut Suharsimi 1992: 124 ingkang dipunwastani angket utawi kuesioner inggih menika pandangon ingkang wujudipun seratan. Angket utawi kuesioner gadhah ancas manggihaken informasi saking responden utawi informan. Wonten ing panaliten menika cacahing informan wonten 13 tiyang saking 13 desa. Saben informan pikantuk setunggal angket. Angket menika kangge manggihaken panganggening tembung sesulih antawisipun desa setunggal kalihan desa sanes wonten ing Kecamatan Banjarnegara. Tembung sesulih ingkang dipunpanggihaken inggih menika tembung sesulih purusa, panuduh, pandarbe saha pandangon. b Observasi Miturut Suharsimi 1992: 111 observasi inggih menika ngamati salah satunggaling obyek ngginakaken panca indra. Observasi ingkang dipunandharaken menika sami kalihan observasi langsung. Observasi langsung dipuntindakaken kanthi ancas manggihaken menapa leres batas administratif menika ugi dados batas panganggening tembung sesulih. Panaliti ngginakaken metode simak, miturut Mahsun 1995: 98 metode simak inggih menika cara ngempalaken data kanthi cara nyemak panganggening basa. Panaliti ngamati pirembagan ingkang saweg dipunltindakaken dening tiyang setunggal kalihan tiyang sanes wonten ing papan tartamtu. Teknik ingkang dipunginakaken inggih menika teknik sadap awujud catat saha rekam. Panaliti ingkang sampun dipuncathet kalihan dipunrekam menika lajeng dipunanalisis. Lembar analisis saged dipunpriksani wonten ing lampiran

F. Pirantining Panaliten

Piranti panaliten ingkang dipunginakaken inggih menika lembar angket utawi kuesioner saha lembar observasi. Lembar angket utawi kuesioner dipunginakaken