45
Zulaeha 2010: 36 isoglos inggih menika garis salebeting peta basa ingkang gayutaken papan setunggal kalihan papan sanes ingkang ngginakaken unsur basa
fonologi, gramatikal saha leksikal ingkang sami. Menika gayut kaliyan pangertosan ingkang dipunandharaken dening Dubois
wonten ing Ayatrohaedi 1983: 5 bilih isoglos menika sami kalihan watesing panganggening tetembungan antawisipun papan setunggal kalihan papan sanes.
Saking pangertosan kalawau sampun cetha bilih isoglos menika wujudipun garis. Garis menika dados watesing panganggening dialek utawi basa antawisipun
papan setunggal kalihan papan sanes. Panganggening dialek utawi basa ingkang beda antawisipun papan setunggal kalihan papan sanes menika ngemu bab
fonologi, morfologi, semantik, leksikal saha sintaksis.
H. Peta Basa
Asiling panaliten ingkang dipuntindakaken menika awujud peta. Peta ingkang paring gambaran kados pundi kahanan basa utawi dialek wonten ing Kecamatan
Banjarnegara, Kabupaten Banjarnegara ngengingi bab tembung sesulih. Bab menika jumbuh kalihan menapa ingkang dipunandharaken dening Ayatrohaedi
1983: 31 bilih panaliten ingkang nliti geografi dialek kedah paring gambaran mawi peta basa.
Peta basa menika kedah dipundamel supados kahanan basa utawi dialek wonten ing papan panaliten langkung cetha. Sinten kemwon ingkang maos
menika dados saged mriksani kados pundi variasi basa wonten ing papan menika. Wonten ing panaliten geografi dialek, saderengipun panaliti ngawontenaken
panaliten langkung rumiyin kedah damel peta dhasar. Peta dhasar inggih menika peta ingkang paring gambaran papan panaliten menika.
a Jinising peta
Peta wonten panaliten dialektologi miturut Mahsun 1995: 58-59 68 dipunperang dados kalih inggih menika peta peragaan display map saha peta
penafsiran interpretative map. a.1.
Peta peragaan inggih menika peta ingkang wosipun tabulasi data saking papan panaliten kanthi ancas supados data-data menika kagambar mawi
wujud geografis. a.2.
Peta penafsiran inggih menika peta ingkang wosipun bedaning unsur linguistik minangka asiling panaliten ingkang sampun dipunkempalaken.
b Cara damel peta
Miturut Ayatrohaedi wonten ing Mahsun, 1995: 59-60 cara damel peta menika wonten tiga, dene andharanipun kados makaten.
b.1. Sistem langsung
Sistem langsung inggih menika cara damel peta kanthi cara mindhah unsur basa ingkang gadhah variasi wonten ing salebeting peta. Cara menika
dipunpenggalih langkung pas, gampil saha efektif, nanging cara menika kadhangkala ewed menawi dipuntindakaken. Bab menika dados ewed menawi
papan panaliten wiyar utawi tembungipun gadhah teges langkung saking setunggal.