Pirantining Panaliten CARA PANALITEN

55 kangge manggihaken panganggening tembung sesulih ingkang beda antawisipun desa setunggal kalihan desa sanes. Wujud lembar angket utawi kuesioner saged dipunpriksani wonten ing lampiran. Piranti panaliten salajengipun inggih menika lembar observasi. Lembar observasi dipunginakaken kangge manggihaken panganggening tembung sesulih wonten ing pusat papan panaliten menika sami boten kalihan wilayah perbatasan. Salajengipun kangge manggihaken menapa batas administratif sami kalihan batas isolek menapa boten. Wujudipun angket utawi kuesioner saha lembar observasi menika saged dipunpriksani wonten ing lampiran.

G. Caranipun Nganalisis Data

Caranipun nganalisis data inggih menika, ngempalaken tembung sesulih ingkang dipunpanggihaken saking angket utawi kuesioner. Salajengipun data saking angket dipunkempalaken dados setunggal miturut papan panganggening tembung sesulih menika. Sasampunipun data kakempalaken lajeng data menika dipunjumbuhaken kalihan asiling observasi. Tabel analisis data saged dipunpriksani wonten ing lampiran. Cara ingkang pungkasan inggih menika, data dipundadosaken peta isoglos. Cara pandameling peta ingkang dipunginakaken inggih menika sistem petak. Sistem petak ingkang dipunginakaken inggih menika petak warna. Petak warna inggih menika cara pandameling peta kanthi paring warna ingkang sami papan- papan ingkang ngginakaken tembung sesulih ingkang sami. Cara menika gadhah ancas supados asiling panaliten menika langkung ketingal cetha.

H. Caranipun Ngesahaken Data

a Validitas Validitas ingkang dipuntindakaken menika awujud triangulasi sumber. Triangulasi sumber menika dipuntindakaken kanthi cara sasampunipun panaliti pikantuk data lajeng dipunpriksani malih utawi dipuntliti malih data menika valid menapa boten. Kangge manggihaken data menika valid menapa boten, cara ingkang dipuntindakaken menika njumbuhaken data utama kalihan data tambahan. b Reliabilitas Reliabilitas ingkang dipuntindakaken inggih menika expert judgesment. Expert judgesment inggih menika kangge manggihaken bab ingkang dipuntindakaken leres menapa boten, kanthi cara nyuwun pirsa dhateng ahli inggih menika dosen pembimbing.