Caranipun Nganalisis Data Caranipun Ngesahaken Data

H. Caranipun Ngesahaken Data

a Validitas Validitas ingkang dipuntindakaken menika awujud triangulasi sumber. Triangulasi sumber menika dipuntindakaken kanthi cara sasampunipun panaliti pikantuk data lajeng dipunpriksani malih utawi dipuntliti malih data menika valid menapa boten. Kangge manggihaken data menika valid menapa boten, cara ingkang dipuntindakaken menika njumbuhaken data utama kalihan data tambahan. b Reliabilitas Reliabilitas ingkang dipuntindakaken inggih menika expert judgesment. Expert judgesment inggih menika kangge manggihaken bab ingkang dipuntindakaken leres menapa boten, kanthi cara nyuwun pirsa dhateng ahli inggih menika dosen pembimbing. 57

BAB IV ASILING PANALITEN

A. Papan Panaliten

a. Kecamatan Banjarnegara

Kecamatan Banjarnegara inggih menika salah satunggal kecamatan wonten ing Kabupaten Banjarnegara, Propinsi Jawa Tengah. Kecamatan Banjarnegara inggih menika ibu kota Kabupaten Banjarnegara.

b. Letak Geografis

Letak geografis kecamatan menika 7 ⁰12‟ – 7⁰31‟ Lintang Selatan saha 109 ⁰29‟ – 109⁰45‟50” Bujur Timur. Kecamatan Banjarnegara dipunwatesi kecamatan saha kabupaten, dene andharanipun kados makaten. Gambar 1: Peta Kecamatan Banjarnegara  Sisih wetan dipunwatesi Kecamatan Sigaluh.  Sisih kidul dipunwatesi Kecamatan Pagedongan kalihan Kabupaten Kebumen.  Sisih kilen dipunwatesi Kecamatan Bawang.  Sisih ler dipunwatesi Kecamatan Madukara kalihan Kecamatan Banjarmangu. Kecamatan Banjarnegara mawi administratif kadhapuk saking 4 desa kalihan 9 kelurahan. Papan panaliten ingkang kalebet desa inggih menika Ampelsari, Tlagawera, Sokayasa saha Cendana. Salajengipun, papan ingkang kalebet kelurahan inggih menika Semampir, Wangon, Karangtengah, Kutabanjar, Krandegan, Semarang, Parakancanggah, Sokanandi saha Argasoka. Topografi Kecamatan Banjarnegara menika awujud lembah saha pegunungan. Kecamatan Banjarnegara sisih ler awujud lembah utawi saged dipunwastani zona aliran. Papan menika saged dipunwastani zona aliran awit papan menika dipunileni Lepen Serayu kalihan Lepen Belimbing. Papan ingkang dipunileni Lepen Serayu inggih menika Kelurahan Sokanandi, Parakancanggah, Krandegan, Kutabanjar, Wangon saha Semampir. Salajengipun papan ingkang dipunileni Lepen Belimbing inggih menika Kelurahan Semarang kalihan Karangtengah. Kecamatan Banjarnegara sisih kidul menika awujud pegunungungan utawi zona dataran. Papan ingkang kalebet zona dataran inggih menika Desa Ampelsari, Tlagawera, Sokayasa saha Cendana. Papan menika dipunwastani zona dataran