Sesulih Panyilah Tembung Sesulih

Miturut Antunsuhono 1956: 62-63 tembung sesulih panyilah ugi dipunwastani tembung sesulih panggandheng awit saged misahaken tembung camboran. Sanesipun kangge nyulihi tembung aran tembung sesulih panyilah dipunginakaken kangge nyulihi papan saha wekdal. Tabel 5: Sesulih Panyilah No Tembung Sesulih Panyilah Wujud 1. Papan, tembung aran, wosing pirembagan sing, kang, ingkang 2. wekdal wektu, wayah, nalika Tembung sesulih panyilah sing, kalebet ragam basa Jawi ngoko. Tembung sesulih panyilah kang, kalebet ragam basa Jawi krama madya. Tembung sesulih panyilah ingkang, kalebet ragam basa Jawi krama inggil. Panganggening tembung sesulih panyilah ugi saged kangge ngandharaken bab ingkang dipunkajengaken dados wosing pirembagan. Sanesipun kangge nyulihi papan, tembung aran saha wosing pirembagan, tembung sesulih panyilah dipunginakaken kangge nyulihi papan saha wekdal, dene tuladhanipun kados makaten.  Bocah wadon sing nganggo klambi abang kae ayu. nyulihi tembung aran  Kaya ngene iki kang dikersakake simbah. nyulihi wosing pirembagan  Kula boten mangertos bab menapa ingkang panjenengan kersakaken. nyulihi wosing pirembagan  Dhuwite ana ing lemari kang madhep ngidul. nyulihi papan  Aku bali nalika kowe lagi turu. nyulihi wekdal  Wektu semana aku esih turu. nyulihi wekdal 35  Jam 12 bengi, wayah wong sirep aku lagi bali tekan ngomah. nyulihi wekdal f. Sesulih Sadhengah Miturut Sasangka 2001: 116 ingkang dipunwastani tembung sesulih sadhengah utawi pronomina indeterminatif inggih menika tetembungan kangge nyulihi tiyang, perkawis utawi barang ingkang kahananipun dereng cetha. Tetembungan ingkang kalebet tembung sesulih sadhengah inggih menika sawijining, apa-apa, apa bae, sapa-sapa, saben uwong, kabeh, sing sapa bae saha salah siji, tuladhanipun kados makaten.  Iku kalebu sawijing bab kang rada angel dipikir.  Apa-apa kok ora bisa, gumun aku.  Kowe mau tuku apa bae?  Sapa-sapa mesti krungu kabare.  Saben uwong mung entuk jatah siji.  Kuwi gawanen kabeh.  Sing sapa liwat kudu mbayar.  Salah sijine ya wong kae.

D. Subdialek Banjarnegara

Miturut Uhlebeck wonten ing Ida Zulaeha, 2010: 74 basa Jawi menika dipunperang dados 4 dialek inggih menika dialek Banyumas, Pesisir, Surakarta- Yogyakarta saha Jawa Timur. Saben papan ingkang taksih setunggal dialek, temtu wonten panganggening tetembungan ingkang beda. Kahanan menika ingkang mujudaken subdialek. wujuding subdialek wonten ing basa Jawi menika wonten 13, dene andharanipun kados makaten. Tabel 6: Dialek saha Subdialek No Dialek Subdialek 1. Banyumas Purwokerto saha Kebumen 2. Pesisir Pemalang, Banten ler, Tegal, Pekalongan, Semarang, Rembang 3. Surakarta-Yogyakarta Surakarta saha Yogyakarta 4. Jawa Timur Surabaya, Madiun saha Banyuwangi Dialek Banyumas dipunginakaken masarakat wonten ing Cilacap, Banyumas, Purbalingga saha Banjarnegara. Subdialek saking dialek Banyumas inggih menika