Cara Ngempalaken Data Panaliten Dialektologi
43
1983: 50-51 cara ingkang ingkang limrah dipunginakaken wonten ing panaliten dialektologi inggih menika kados makaten.
a
Cakapan Terarah
Wonten ing cakapan terarah tugas panaliti inggih menika ngarahaken pirembagan antawisipun panaliti saha sumber lisan. Pirembagan temtu kemawon
dipunwiwiti saking bab ingkang umum. Cara menika dipuntindakaken supados sumber lisan saged paring informasi miturut kahanan wonten ing lapangan.
b
Nyuwun Pirsa kanthi Cara Langsung
Cara menika cara paling gampil menawi dipuntindakaken, menapa malih menawi nyuwun pirsa bab ingkang nyata kadasta peranganing badan,
peranganging griya, piranti tani lan sapanunggalanipun. Ananging ugi wonten kirangipun, cara menika ewed dipuntindakaken menawi pandangon ngengingi bab
ingkang boten cetha wujudipun kadasta wosing manah, tindak tanduk, sistem kekerabatan lan sapanunggalanipun.
c
Nyuwun Pirsa kanthi Cara Mboten Langsung
Cara menika dipunginakaken supados saged jangkepi menapa kemawon ingkang kirang saking cara nyuwun pirsa langsung. Cara ingkang
dipuntindakaken inggih menika 1 anggenipun caos pandangon boten pikantuk ngengingi perkawis, panaliti kedah gayutaken kalihan bab sanes ingkang taksih
jumbuh kalihan data panaliten, 2 menapa ingkang dipunkajengaken panaliti kedah dipunandharaken kanthi cetha, 3 kangge bab-bab tartamtu panaliti saged
ngginakaken gerak saha mimik.
d
Manggihaken Wangsulan
Cara menika dipuntindakaken menawi sumber lisan ketingal kirang yakin anggenipun paring wangsulan utawi panaliti ingkang kirang yakin kalihan
wangsulan saking sumber lisan. e
Pandangon saha Wangsulan Langkung Saking Setunggal
Cara menika dipuntindakaken supados saged pikantuk data ingkang leres jumbuh kalihan kahanan ingkang wonten ing papan panaliten. Caranipun
pandangon ingkang sampun dipunaturaken, samangke sasampunipun nyuwun pirsa bab sanes, pandangon menika dipunaturaken malih.
f
Basa Baku Dipundadosaken Dialek
Cara menika dipuntindakaken supados panaliti saged pikantuk gambaran kados pundi bedanipun tata ukara basa baku kalihan tata ukara dialek. Ukara
ingkang dipunginakaken saged saking teks utawi naskah, temtu kemawon ukara ingkang dipunginakaken inggih ukara ingkang samadya.