Wiyaripun Papan Panaliten Papan Panaliten

Saking tabel menika saged kapanggihaken bilih wiyaripun papan panaliten menika saged ndayani panganggening tembung sesulih ingkang beda antawisipun desa setunggal kalihan desa sanes. Kecamatan Banjarnegara menika kaperang dados kalih zona, zona dataran saha zona aliran. Desa-desa ingkang wonten ing dataran inggil kalebet zona dataran, lajeng desa-desa ingkang wonten ing dataran ngandhap menika kalebet zona aliran utawi desa-desa ingkang dipunileni Lepen Serayu kalihan Lepen Belimbing. Saperangan ageng zona dataran menika wujudipun pegunungungan ingkang dipuntanduri wit pinus. Zona aliran menika wujudipun dataran ngandhap ingkang saperangan ageng wujudipun sabin saha pemukiman pendhudhuk. Zona dataran dunungipun wonten ing pegunungan tebih saking kutha. Saperangan ageng masarakat wonten ing papan menika masarkat asli ingkang kathah-kathahipun gadhah pedamelan tani karet utawi buruh kajeng. Beda kalihan kahanan masarakat wonten ing zona aliran, wonten ing zona menika saperangan ageng sanes masrakat asli. Saperangan ageng masarakat pedamelanipun wiraswasta kalihan pegawe negeri, namung saperangan alit ingkang dados tani. Masarakat wonten ing zona dataran menika saperangan ageng pendhudhuk asli temtu kemawon tingkat mobilitas masarakat boten inggil. Beda kalihan masarakat wonten ing zona aliran ingkang saperangan ageng menika sanes pendhudhuk asli, temtu kemawon tingkat mobilitas masarkat langkung inggil. Perkawis menika ndayani masarakat anggenipun ngginakaken basa utawi tembung wonten ing pirembagan padintenan. 61

B. Asiling Panaliten

Asiling panaliten wonten ing panaliten menika awujud panganggening tetembungan ingkang beda antawisipun desa setunggal kalihan desa sanes wonten ing Kecamatan Banjarnegara. Asiling panaliten menika dipunandharaken mawi tabel, andharanipun kados makaten. Tabel 10: Panganggening tetembungan ingkang beda antawisipun papan setunggal kalihan papan sanes wonten ing Kecamatan Banjarnegara No Tembung Sesulih Jinis Variasi Glos Papan 1 Sesulih purusa Utama purusa tunggal nyong aku Sokayasa, Semampir, Wangon, Karangtengah, Kutabanjar, Krandegan, Parakancanggah, Sokanandi, Semarang, Argasoka inyong Ampelsari, Tlagawera, Cendana, Semarang, Argasoka, Sokayasa, Karangtengah, Kutabanjar, Krandegan, Parakancanggah Utama purusa jamak nyong ko padha kita Semampir, Wangon, Karangtengah, Kutabanjar, Argasoka nyong ko sekabehane Kutabanjar, Krandegan, Wangon nyong ko bangsane Tlagawera, Sokayasa, Cendana, Parakancanggah, Sokanandi, Krandegan No Tembung Sesulih Jinis Variasi Glos Papan dhewek Semarang, Argasoka, Ampelsari, Parakancanggah, Krandegan, Kutabanjar, Sokayasa, Ampelsari nyong padha kami Semampir, Wangon, Kutabanjar, Karangtengah, Krandegan, Semarang nyong bangsane Krandegan, Semarang, Parakancanggah, Sokanandi, Sokayasa, Ampelsari nyong kabeh Argasoka, Ampelsari, Sokayasa, Sokanandi, Tlagawera, Cendana, Semarang, Karangtengah Madyama purusa tunggal ko kamu Semampir, Wangon, Karangtengah, Kutabanjar, Krandegan, Semarang, Parakancanggah, Sokanandi, Ampelsari, Sokayasa, Argasoka rika Ampelsari, Tlagawera, Sokayasa, Cendana, Argasoka, Karangtengah, Semarang, Parakancanggah, Sokanandi Madyama purusa jamak ko pada anda semua kalian Semampir, Wangon, Karangtengah, Semarang, Kutabanjar, Argasoka