commit to user
lvii
Gambar 13. Penulisan
pada lingsa yang ditulis dengan
tanda “ = “
Sumber: Naskah SW, h. 21
2 Penulisan tanda baca pungtuasi dengan dirga muluk pada akhir baris yang diakhiri dengan vokal ‘u’. Terdapat pada bait 17 h.7, bait 38 h. 15,
bait 43 h. 17, bait 46 h. 18, bait 60 h.23, dan bait 69 h. 27. Gambar 14. Penulisan dirga muluk
Sumber: Naskah SW h. 7 gatra keenam bait 17 têmbang Dhandanggula 6u, namun setelah 6u tidak
terdapat pada lingsa sebagai penanda batas memasuki gatra ketujuh.
2. Kritik Teks, Suntingan Teks dan Aparat Kritik
a. Kritik Teks
Kritik teks menurut Paul Mass dalam Darusuprapta 1984 adalah menempatkan teks pada tempat yang sewajarnya, memberi evaluasi terhadap
teks, meneliti atau mengkaji lembaran naskah dan lembaran bacaan yang
commit to user
lviii mengandung kalimat-kalimat atau rangkaian kata-kata tertentu. Berikut edisi
teks SW:
Tabel 1. Daftar Lacuna SW
No. B.
Br H
Lacuna Edisi Teks
1. 44
3 17
yèn tutut langkung mbune yèn tutut langkung ambune
2. 54
5 21
Kabakitan kabangkitan
3. 65
1 25
nanging ana pamère kêdhik nanging ana pamère
sakêdhik
Tabel 2. Daftar Adisi SW
No. B.
Br H
Adisi Edisi Teks
1. 19
7 8
tap tap-tapaning têmbung
tap-tapaning têmbung
2. 28
9 12
ing wong uripe angêta tutur kang becik
ing wong uripe angêta tutur becik
3. 38
1 15
Jating jati
4. 60
4 23
tapa ingkang tinêmu tapa kang tinêmu
5. 60
6 23
têgêse sasêpi sêpa têgêse sêpi sêpa
commit to user
lix Tabel 3. Daftar Ketidaksesuaian Konvensi Linguistik SW
No. B.
Br H
Kata Edisi Teks
1. 2
9 1
têpane tapane
2. 18
9 8
lina Lena
3. 20
8 8
ringringa riringa
4. 29
6 12
tintènana titènana
5. 37
1 15
angsring asring
6. 39
9 16
pribaddi pribadi
7. 21
1 16
katah kathah
8. 41
3 16
lannang lanang
9. 41
7 16
udut udud
10. 42
2 17
samabarang samubarang
11. 46
1 18
nana Ana
12. 54
1 18
buddi Budi
13. 56
9 22
agong agung
14. 57
9 22
ling adu lir adu
15. 61
6 24
panuwun panyuwun
commit to user
lx
b. Suntingan Teks dan Aparat Kritik
Untuk mendapatkan suatu hasil suntingan teks yang dapat dipertanggungjawabkan dalam hal ini secara filologi, maka dalam penelitian
ini tahapan suntingan teks disertai kritik teks dan aparat kritik secara bersamaan. Adapun untuk kata–kata atau baris yang dianggap keliru diberi
nomor kritik teks dan pembetulannya ditempatkan pada bagian bawah teks semacam catatan kaki sebagai bagian dari aparat kritik. Metode yang
digunakan dalam kritik teks ini adalah edisi standart. Edisi standart dipergunakan untuk mengevaluasi teks pada bacaan
yang dianggap salah. Pembetulan pada edisi standart yang sifatnya sebagai suatu usulan peneliti, ditempatkan pada aparat kritik catatan kaki serta
nomor kritik teks ditempatkan pada akhir kata atau kalimat. Hal ini merupakan suatu bentuk yang terbuka bagi pemikiran pembaca yang mempunyai argumen
lain atas pembetulan tersebut. Untuk mempermudah pembacaan dan pemahaman makna transliterasi
teks SW maka digunakan tanda–tanda sebagai berikut: a. Angka Arab
1, 2, 3, ... dst
yang berada dalam teks adalah nomor kritik teks pada kata yang terdapat kesalahan.
b. Tanda [1, 2, 3, ... dst] adalah untuk menunjukkan pergantian lembar halaman teks.
c. Tanda 1, 2, 3, ... dst yang terletak di sebelah kiri teks adalah untuk menunjukkan pergantian bait.
d. Tanda diakritik ê dibaca e seperti pada kata wontên yang berarti terdapat.
commit to user
lxi e. Tanda diakritik é dibaca e seperti pada kata salawasé yang berarti
selamanya. f. Tanda diakritik è dibaca e seperti pada kata yèku yang berarti yaitu.
g. Tanda memberikan keterangan penggantian bacaan berdasarkan konvensi tembang.
h. Tanda memberikan keterangan penggantian bacaan berdasarkan pertimbangan linguistik.
i. Tanda [........] menunjukkan pembetulan berdasarkan interpretasi penulis. j. Tanda menandakan tiap pergantian baris.
k. Tanda menandakan akhir dari tiap bait. l. Penulisan hasil transliterasi dan suntingan teks SW menggunakan spasi 1,5
supaya terlihat lebih rapi.
commit to user
lxii Berikut adalah Suntingan Teks dari SW:
Pupuh I Dhandhanggula 445 ka
186 na SÊRAT WÊWULANG
1. [1] wontên pasal mangke kang winarni caritane sujalma utama
kang wus akèh luwangane mêmulang anak putu
dèn anggèa kang wuri-wuri padha sira rungokna
ing pitutur ingsun lêlèjême wong sujana
lan wong wirya wiwitan lara prihatin amatèkakên raga
2. raganira dèn sumêdya êning êningêna lan nalaring kathah
dadi wong jêmbar budine budi digdayèng tuhu
tuhu têrus lan islam batin laire dhasar tapa
batine aputus tan keguh dening bêbeka
iya iku têpane
1
wong padha mukti angati-ati tapa
1
tapane
commit to user
lxiii 3. tapa tapi tap-tapaning ati
atènira tan kêna ing lombang malar têkaa sêdyane
ingkang sinêdyèng kayun rahayune sajêge u-[2]rip
manggiha suka wirya wiryaning tumuwuh
mundhak kawuwus sujana sujanane angluwihana sêsami
sêsamaning manungsa
4. iya iku kang manut sayêkti sayêktine anut suka wirya
saking lara prihatine karane wêkasingsun
anak putu kang wuri-wuri padha sira laria
lampah kang pinunjul punjul sêsama ing jalma
malah mandar oleha sapangat nabi wali mukmin sadaya
5. sadinane sira aja lali limputêna mring nêpsu kang ala
lêlimpenên sakarêpe karêping nêpsu iku
anusupi panggawe bêcik rêricikaning basa
binubrah binuwur karane sira yitnaa
yèn wus yitna tan ana ala lan bêcik pintanên ing wardaya
commit to user
lxiv 6. yèn wus bisa minta ala bêcik
pan kalêbu rêrêsiking [3] janma kataman tuman têmêne
nêlat kang sampun luhur kaluhuran kang sampun êning
angêningakên nala nala mrih sumunu
kang sumunu wus gumawang lan kawang-wang kèh ing janma ala bêcik
katitik kang tênaga
7. tênagane kang dipuntitèni wus kapusthi èsthining wardaya
katara dèning solahe solah muna lan laku
wus kacêtha osiking ati atènira wus pana
paham ing pangrungu wruh saosiking buwana
bapa iku sawabe wong brangtèng widhi widigdèng ing ngawirya
8. prabawane wong wani prihatin yèn wus mukti nyawabi sadaya
mring sanak wong sakadange nadyan liyane
rawuh amuwuhi dahulat prapti
tur ta mundhak suwara kaprawiranipun
sugih rowang sugih [4] donya beda lawan wong nora gêlêm prihatin
barang sinêdya tuna
commit to user
lxv 9. nanging ana ujaringsun kaki
mring kang maca tuwin kang miyarsa gêdhe cilik tuwa anom
tan kêna sira guru sok sapaa dadi priyayi
anut sikuning janma gandar solahipun
sarta takdiring Hyang Suksma yèn wong iku takdire dadi wong tani
pan balubut kewala
10. nadyan bagus sagandare singgih yèn pasthene pêpancène bangsat
pasthi kumêsat ujare ujar nêka alungguh
anglungguhi ujar priyayi amrih aja katara
polahe kang mawut sawênèh ingkang sujanma
gandar ala dêgsura atine gingsir gingsiring barang karya
11. kang satêngah sujanma puniki gandar ala nylêkuthis semunya
[5] sarta dhêndhêng cêlukane sinêmon datan wêruh
dipunsarah datan udani kinêras datan êsak
ginêbug malupuh sawênèh ingkang sujanma
api kêras nyêngangas ungas yèn angling nyaliwing ing wardaya
commit to user
lxvi 12. kang sawênèh sujanma puniki
bêg sujana pangucap miyarsa lèjême wali dèn amè
Jawa Arab wus putus ing sarengat tarekat kaki
makripat kang cinêtha ing kandhêg pamuwus
kayêktène nora nana ambag lomba sêmbrana tan bêtah ngêlih
trocoh rusaking bala
13. basanira ambêg kumaluwih saru lamun nênggih amicara
manggung agrayuk
basane baya manut ing siku
pasêmone angulêr sêrit dene bataling drajad
wit pangucap rusuh amimi wus sabên dina
nalarira arupè-[6]k sêsêg kacêpit kajêlit dèntingala
14. satêngahe malih kang sujanmi pan ambulus malih ambêkira
alus ngaluwus semune solahe nyanyak-nyunyuk
kadi munyuk tan wruh ing krami krama kinarya entra
jatine lir badhut balubut kataning basa
kang mangkono angèl dadia priyayi pasthi dadi urakan
commit to user
lxvii 15. aja dumèh yèn ala puniki
gandarira yèn dhasar pasaja sarta kathah kawignyane
lan wênês sêmonipun kathah ingkang dadi priyayi
dene ugêring janma ing tindak lan tanduk
lan têtêp mantêp ing basa sabobote ana kamuktène ugi
tinimbang lan wong ala
16. kang satêngah sujanma puniki gandar alus solahe prasaja
lèjêm priyayi dènangge ing solah bawanipun
[7] pan rineka-reka priyayi nanging tan bêtah tapa
sarta untungipun arang kang dadi dangdanan
ewuh têmên pratingkahe wong aurip riptanên ing wardaya
17. nanging ana masalahe malih yèn wong iku anggêgulang tapa
yêkti ana pamalêse mungguh ing hyang puniku
nora samar solahing dasih saosiking wardaya
Hyang Suksma wus mêngku Pangeran asipat rahman
luwih murah ya rabil kang luwih asih asih mring wong nastapa
commit to user
lxviii 18. nadyan silih saliring kumêlip
kabèh iku ya sinungan murah sapancène dhewe-dhewe
nadyan mancia iku ora kaya wong mangun tèki
kinacèk ing sêsama ing daulatipun
iya ta lawan kangelan [8] kangèlane pan wus lina
2
kang kariyin anyêgah pangan nèndra
19. karantêne dènaemut sami kang wong anom anganam-anama
sakèhe kawigyan kabèh kabèh ungsêdên iku
kaprawiran lair lan batin batinira dèntata
tap tap-tapaning têmbung
3
têmbung-têmbunge ing basa basaning wong wangwangên dipunkalingling
dêlingêna ing nala
20. nalarira dèn sumêdya rampid rampidana lan udanagara
iku kang dadi ugêre ugêrirêng tumuwuh
aja lali tata lan titi dêduga lan prayoga
poma aywa limput ringringa
4
lawan wetara
2
lena
3
tap-tapaning têmbung
4
reringa
commit to user
lxix angsal sira lalia kang nêm prakawis
tan wande manggih cèla
21. upamane rêraga puniki yèn praua kang aran prayoga
[9] iku minangka dhayunge wêtara satangipun
kang dêduga iku kêmudhi reringa iku layar
poma dika etung pradadaning
ing sarira kabèh iku lamun ora dènkawruhi
mangsa sira arjaa
22. nadyan ikêt bêbêd lawan kêris lamun ora bênêr panganggonya
dadya cêlaning awake karane ing tumuwuh
ewuh têmên angangkah budi nganggea sawêtara
poma wêkasingsun sabarang ingkang prakara
aja lali wiwiting ala lan bêcik rêrêsikên wardaya
23. nadyan ngucap sakêcap puniki nadyan laku wong iku satindak
yèn ora bênêr patrape nadyan silih dêdulu
yèn tan bênêr agawe wèsthi karane ing a-[10]gêsang
sangkanana ayu
commit to user
lxx amrih rahayuning bala
witing ayu andhap asor aja lali iku patrap pusaka
24. lawanana kang pusaka malih pusakane ing ngèlmu punika
angkat-angkatên karepe dadya ngajia ngèlmu
yèn tan bisa kalimah kalih ujare wong ulama
têksir ngèlmunipun dening pusakaning tapa
kang tawêkal marang hyang kang maha suci asrah aja ambèka
25. dene ingkang pamuwus sayêkti sok niyata wong iku nastapa
kang sarta osike dhewe wus lumrah ing tumuwuh
sok janmaa kapengin mukti tapane ora ana
apa marganipun yèn wani mêsu sarira
sakarêpe hyang suksma iya nuruti sawêtaraning lampah
26. [11] ing wong anom padhaa angreti dening witing wong tapa punika
angkat-angkatên karêpe kalamun sira mêsu
nêpsu hawa ngiwa pribadi lan sartane èngêta
commit to user
lxxi sira ing tumuwuh
yèn wong ora potang tapa dadya angèl sabarang kang dènsenêngi
anggayuh-gayuh tuna
27. karantène wong urip puniki kêdhik kang mukti kang dama kathah
awêdi luwe wêtênge yèn esuk kudu muluk
lingsir wetan amangan malih yèn bêdhug dharêdhêgan
surup thêkul bêskup datan kêna towong iwak
karantêne wong urip arang kang mukti nuruti budi hawa
28. budi awak angèwuh-ewuhi amakewuh nèng sajroning nala
dadya arusuh nalare witing hawa puniku
doyan mangan lan doyan guling lan ora bisa nyêgah
ujar [12] kang tan patut karane wêkas manira
ing wong uripe angêta tutur kang bêcik
5
rêrêsik jroning nala
29. basa rinicik ingatik-athik anggènên saprapataning basa
linaras ala bêcike lamun bêcik rinasuk
5
ing wong uripe angêta tutur bêcik
commit to user
lxxii lamun ala dipunsinggahi
nanging ta tintènana
6
gêgêlitanipun manawa kaworan ala
lamun ora matêng denira nitèni akèh karoban basa
30. basa basan dènengêt ngawruhi dènkalingling delingna ing nala
nalar wit lan wêkasane ana wiwit rum-arum
t êngah
onta wêkasan pahit
paekaning sujanma kathah margènipun
sami lan margining pêjah sajatine pari puniku sawiji
wiji-wijining karsa
31. karsa ala lawan karsa bêcik dèn katitik clêkuthiking basa
kang ala lan basukine kinira-kira kalbu
bu-[13]dèning wong sawiji-wiji tan kajajah sadaya
kanyataanipun nadyan wasising carita
yèn tan ana yêktine kang dènrasani yèku janma dol nama
32. aja kagèt yên sujanma wêgig nadyan lantip pintêr amicara
6
titènana
commit to user
lxxiii yèn tan katêmu yêktine
titènana ing kalbu bêbudène sawiji-wiji
ana kandhêging solah kandhêging pamuwus
maluwus angawus basa kang satêngah kumètes èthês yèn angling
amrih kadêlingêna
33. amrih kèringan sêsami sami tur yêktine bêbudèning bangsat
mila kumêsat ajare satêngah wong puniku
sampun tuwa ambêke rêsik tur rêsik jroning nala
nalare arusuh kapatuh kumêd ing donya
satêngahe ana karêthel mujati jatine tan sêmbada
34. basan sê-[14]mbada têgêse ugi yèn wong gulang jatining sarira
kang têrus lair batine batin ambêg rahayu
lairira andhaping krami suka lila ing donya
tan grantêsing kalbu iku wong wrêksa cêndhana
jaba sarèh tètêla wigya ing krami ngramani ing sêsama
commit to user
lxxiv 35. sêsamanya akèh padha asih
sih ing basa basuki tètêla tètèh titih pambêkane
iku wênang tiniru ginurunan tinulur tuwi
sênadyan wong nonoman angsring ana muwus
muwus amrih kaluhuran sarta nyata yêktine kang dènrasani
wênang yèn tinirua
36. aja dumèh wong tuwa puniki yèn tan bêcik kalakuanira
poma aja sira angge dene sayêktinènipun
basa ala puniku ugi wong gulang gagêmbyakkan
gêgo-[15]njakan udud dhadhu kêplèk kècèk kêmpyang
iya iku pucuking ala sayêkti yèn tan tajêm ing manah
37. yèn wong karêm wêwadonan angsring
7
yèku kabèh dadi pêpancadan yèn tan mikir pambudine
milane wêkasingsun mring wong anom-anom prasami
aywa pêgat gêgulang budi kang mrih puguh
amrih kukuh jroning nala nalarira rampidên lan ngèlmu jati
7
asring
commit to user
lxxv amrih aywantuk cêla
38. jawanira basa ngèlmu jating
8
sajatine iya raganira akèh ana wilangane
jaba jro ngisor dhuwur apadene kanan lan kèring
sajroning pamicara ana kang amêngku
pangambu myang pamiyarsa jroning tingal jroning ati dènjagani
marang butaning suksma
39. ana dene kang angel pribadi sratènane kang nèng jroning ra-[16]ga
tigang prakara kathahe arang kang bisa ngangkus
ati irêng abang lan kuning puniku kaprakosa
jroning raga iku ping sakawan ati pêthak
iya iku mung ingkang mulas pribaddi
9
amrih arjaning praja
40. nanging arang kang bisa ngrêtèni marang ati putih kang utama
amung sandhing tongga bae iku upamènipun
beda lawan ati kang kuning abang irêng punika
sadaya angrangkul
8
jati
9
pribadi
commit to user
lxxvi sakèhe kang sipat janma
padha ngakêt ati abang irêng kuning mila kathah wong ala
41. mila katah
10
wong bêgal amaling cêler juput brandhal lawan nayap
lannang
11
wadon dadi lonthe tuwin wong ngapus-apus
kêplèk kècèk dhadha lan bêlit lawan ja sêsumbungan
manggung gulang udut
12
lan kèkere aning pasar lan wong climut balurut lawan wong ngutil
[17] wit sangking ati abang
42. ati kuning anggung mêmalangi samabarang
13
karêm mring raharja sami ingadangan kabèh
amrih bubuning laku tuwin janma arsa prihatin
nuli binatalêna amrih aja tutug
dene ati irêng ika kawasane asangêt sabarang runtik
andabra ngambra-ambra
43. iya iku kang ngadhang-ngadhangi marang kosiking amrih raharja
dene kang abang gawene
10
kathah
11
lanang
12
udud
13
samubarang
commit to user
lxxvii sakèh panganan iku
lan panganggo kang adi-adi milane ingkang lamba
sujanma puniku wit sangking tigang prakara
arang ingkang wong iku bisa nyratèni marang ati têtiga
44. tur ta lamun gêlêm angêmasi marang ati kang tigang prakara
yèn tutut langkung mbune
14
ati putih bèn ugung iya iku sujanma luwih
angluwih-[18]i sêsama ing dahulatipun
karane wêkas manira mring wong anom dènawas cirining ati
karêpe kawruhana
45. pan wus titi wirayating tulis mring kang maca tuwin kang miyarsa
dèn padha èstokna kabèh sabarang ungêlipun
jroning tulis kang amrih bêcik dene kang amrih ala
gêgêlitanipun iku padha yêktènana
poma-poma sira dèn padha nastiti wirayat mrih prayoga
14
yèn tututa langkung mbune
commit to user
lxxviii 46. lamun ora nana
15
kang niteni ingkang maca tuwin kang miyarsa
dadi wong ngurakan bae pasthi pancène buruh
tur katutuh lumuh ing becik dadi janma katula
tula alanipun dene kang sumarah ingkang
amiyarsa amaca kang durung bakit wong anom mêksih mudha
47. basa jêjaka dipunmaknani jaja ngarêp ênggone [19] maknanya
panganggone ing ngarepe liring pangarêp iku
dipunbisa abasa krami yèn wus kapanggih tuwa
tuwuk ing pangawruh wruhing ngèring subasita
aja kaya jêjakaning jaman mangkin pangarêp ati lamba
48. basa lamba iku angêlebi angêlebi wêtêng kêbak sêga
dadi grangsang sakarêpe dadi wong abêburuh
munmuk radèn ing ngaranêki daya lamun rosaa
wong iku mêmikul wus têlas wêkas manira
poma kaki dèn padha anêstitèni
15
ana
commit to user
lxxix lêlèjêming sujana
Pupuh II Dhandhanggula
49. sun amurwa atêmbang artati caritane sujanma utama
kang tate ngêmbani rajèng anênggih wastanipun
ajejuluk Sèh Tèka wrêdi salamine mandhita
nênggih anèng gunung Maligèrêtna wastannya
du-[20]k nom titi tatal ngêrèhkên nagari nagri Garbasumandha
50. pambêkkane Ki Sèh Tèkawrêdi salamine nèng Maligè rêtna
amêmulang pakaryane dhatêng kang para wiku
kang ginêlar kang sabda gati artine wong nèng donya
yata kang tinutur dening kang para satriya
kang ginêlar lêlungid udanagari pepeka anèng praja
51. miwah ingkang wayah-wayah nangkil sakathahe wong Garbasumandha
têngah tuwuh sêpuh anèm sampun pêpak sadarum
angandika Sèh Tèkawrêdi sakèhe putuningwang
commit to user
lxxx kang anom kang sêpuh
padha sira pirsakêna pratingkahe ngawula lan olah ngèlmi
tan beda pangarsanya
52. ingkang anom sun wulang kariyin liring anom iku maksih tuna
durung kathah wulangane beda lan kang wus sêpuh
liring sêpuh iku nyêpuh-[21]i nyêpuhi têgêsira
nyawabi sadarum milane jênêng wong tuwa
liring tuwa awênang tinuwi-tuwi mring anak putunira
53. lamun ora mangkanaa kaki ora jumênêng aning tuwa
16
dadi têtuwan arane basa tuwuhan iku
ngandêlakên tuwane ugi iku wong tuwa ampas
liring ampas iku wastaning raga punika
raganira wus cape luwas ing kardi mangka ing jro suwunga
54. iya iku wong cupêt ing buddi
17
duk anome tan purun têtannya ngandêlkên kuwat rosane
tan etang ulah ngèlmu
16
[tan jumênêng arane wong tuwa]
17
budi
commit to user
lxxxi kabakitan
18
tan dên kawruhi amung eca mêmangan
esuk nyamuk-nyamuk tan ngetang wêkasing gêsang
kang kaetang mung nikmat pucuking pêrji lan nikmat pucuk ngilat
55. datan nêdya angling jroning ati yèn wong gêsang wêkasane pêjah
[22] nèng donya sêsanjan bae milane wêkasingsun
mring wong anom-anom ta kaki padha sira estokna
ing pitutur ingsun aywa pêgat atêtannya
mring wong luwih barang kaluwihan kaki padha sira gulanga
56. anadene yèn wus luwih kaki olêhira gêgulang kawigyan
anadene romahane nanging pangarêpipun
andhap asor tan kêna lali sabarang karêpira
yèn tan lali iku angajia ngawulaa
amêrtapa andhap agong
19
aywa lali wêkasan dadi guna
57. nadyan guna yèn ora tabêri gunanira pan maksih kuciwa
18
kabangkitan
19
agung
commit to user
lxxxii dadya kurang utamane
lan malih wêkasingsun panggrahita gulangên kaki
iku minongka wungkal anglungiding sêmu
sêmu bêcik lawan ala upamane ling adu
20
pucuking [23] êri yèn wong alul sasmita
58. sinaua nganam-anam kaki lan dèn bisa sira mardi guna
lan nglanggana pakèwuhe dèn bisa têngkas nambung
lan anukma ing agal alit ya ulah kridhaningrat
sarjana kawêngku jana sêmu sarsadhela
yèn wus nyandhak lêlungiding ala bêcik sinêbut wong sujana
59. basa sujana puniku luwih angluwihi sêsamaning janma
dadi sujana arane karane putuningsun
aja wirang atèki-tèki wong wirang têmah nganggrang
liring nganggrang suwung liring suwung iku sirna
liring sirna budi istiyare kênting dadi wong tanpa karya
20
lir adu
commit to user
lxxxiii 60. kang mêksih nom ana kang dipunprih
mikul rosa kinongkona kêbat yèn wus tuwa kang ya priye
tapa ingkang tinêmu
21
raga cape atine sêpi têgêse sasêpi sêpa
22
[24] tanpa ngrasa iku dadine wong tuwa bangka
iya bangka tegese bangka sayekti kumlêkêr tanpa sila
61. karantène gulang êntas mangkin sakathahing kawigyaning janma
mumpung sira maksih anom ingkang wayah umatur
inggih lêrês sabda sang yogi nanging panuwun
23
kula dhumatêng sang wiku
pratingkahe wong ngawula mung punika kawula suwun rumiyin
ingkang amrih utama
62. angandika sang Sèh Tèka Wêrdi luwih angèl kaki wong ngawula
nanging aluwih gampange puniku basa ewuh
liring èwuh durung mangrêti basa mangrêti ika
ngawruhi sêdarum sabarang karsaning nata
21
tapa kang tinêmu
22
têgêse sêpi sêpa
23
panyuwun
commit to user
lxxxiv iya iku panêngêran kang janmadi
widigdèng cipta maya
63. maya iku utusaning kapti kapti suka lawan kapti duka
anèng netra sasumuke lair wrêma lumaku
lair iku utusan batin angsa-[25]l sira kaduga
ujar kang puniku supaya yèn katrimaa
ing angèle yèn sira durung mangrêti barang karsaning nata
64. nanging ana bedanipun kaki angawula ing sang prabu tuwa
kalawan satriya anèm sabarang karsanipun
ing satriya anom puniki karya prêlu lan sunat
sami patrapipun upami dipunpopoa
karya prêlu kalawan kang nora gati sami sih asatira
65. nanging ana pamère kêdhik
24
angawula ing satriya mudha kang tahan dènsêmu age
sabarang karyanipun dene akêbat cukat têrampil
sabarang kaduk kêbat
24
nanging ana pamere sakêdhik
commit to user
lxxxv trampil yèn umatur
cêgaha pangan lan nêndra jurungana ing puji sarta sêmèdi
amrih dhanganing karta
66. yèn angadhêp gustinira runtik poma kaki sira dèn prayitna
aja mapasi karsane nênggih upa-[26]mènipun
ing satriya anom yèn runtik pan kadya banjir bandhang
sing katrajang larut balikkan dèn angrerêpa
nêtyanira dèn adoh asêmu wêdi amrih dhangani duka
67. yèn ingutus dening gusti runtik tan wukira dèn matra kilata
amrih lêmpêra dukane yèn aturira tambuh
dadi sira kasabêt runtik ingkang sangsaya dadra
dukane sang prabu lêlakonira dèn kêbat
jroning kêbat akanthia ngati-ati manawa kawadaka
68. yèn wus prapta denira tinuding aturira kaki dèn tètêla
dèn asru asêmu sarèh yèn sêngak sira matur
dadi sira mêwahi runtik
commit to user
lxxxvi yèn asru esmu lêmbah
trustha sang aprabu pan wus kocaping saloka
satriya nom sabarang kang dèn karsani anggampangakên mongta
69. pan wus kocap wirayating tulis ingkang aran satriya taru-[27]na
basa taruna têgêse taru godhong puniku
na pituduh maknane ugi mungguh caraka basa
iku têgêsipun liring tuduh barang karta
karya prêlu kalawan kang nora gati kandêl tipis dèn padha
70. basa taru artine winarni kaya godhong upamane ika
yèn lagi ana gaweane kalangkung ajènipun
nora kètung mitung sukoni tur ta amung sadina
gawene kang prêlu yèn uwis dadi sarahan
iya iku maknane taruna kaki kang wus kocap carita
71. benèh lawan prabu tuwa kaki liring tuwan pan ora anasar
kang bangsa nasar artine sabarang karsanipun
commit to user
lxxxvii nora supe akathi uwit
wit bêcik lawan ala kapyarsa sadarum
ngranggoni jênênging tuwa basa jênêng artine iku jênêngi
jênêngi nora pisah
72. beda lawan basa anom kaki liring a-[28]nom maksih nganaman-nam
sabarang ing kawigyane yèn wus kapanggih sêpuh
nuli bisa anamba iki karsa bêcik lan ala
kapirsa sadarum milane ana wong ngucap
sapa bisa wonge amrangkani kudhi ngabdia ratu mudha
73. iya iku wong cupêt ing budi ingkang purun angucap mangkana
dadi wong cupêt kawruhe beda kang sampun luhung
kang wus wêruh ing ala bêcik ngawula ratu mudha
ing ibaratipun sira ngêmban rare mothah
lamun wigya ngarih-arih anyindhèni kèndêl lajêng anèndra
74. yèn anglilir bocah dèn sandhangi kêkêmbangan kuning ngabang-abang
bungah lêngêh-lêngêh bae
commit to user
lxxxviii iku upamanipun
angsal sira bisa ngladèni marang satriya mudha
ing sakarsanipun yèn olèh sih lan dêrajad
sarta olèh satriya kang ambêg jugig ngranggoni galih tuwa
3. Terjemahan