5
BAB I TATA CARA LAMARAN
A.  Pranata Adicara Lamaran
Assalamu ‘alaikum wr.wb. Kula  nuwun.  Dhumateng  ngarsanipun  para  rawuh  sedaya,  kakung
sumawana  putri  ingkang  satuhu  dahat  kinurmatan.  Langkung  rumiyin  mangga kula  dherekaken  ngaturakan  puja  puji  pudyastuti,  dhumateng  ngayunan  dalem
Gusti  Allah  SWT  ingkang  sampun  paring  kanugrahan,  karaharjan,  dalah kasantosan, saengga  ing titi wekdal  menika kita saged  makempal  lan  manunggal
wonten  ing  dalemipun  Bapa  Permadi  umpaminipun  sakulawarga,  ing  Perum Jatiasri, Surabaya.
Angka  kalih,  kula  ngaturaken  sugeng  rawuh,  dhumateng  rombongan saking  kulawarga  Bapa  Waluyo  umpaminipun  ingkang  sampun  saestu  rawuh
wonten  ing  mriki.  Salajengipun,  kulawarga  Bapa  Permadi  ngaturakan  gunging panuwun  ingkang  tanpa  pepindhan.  Sedaya  kemawon,  dipunaturi  satata  lenggah
ingkang sakeca, sawontenipun. Bapak  ibu,  saha  para  rawuh  ingkang  satuhu  dahat  sinudarsana.
Saderengipun  adicara  kawiwitan,  keparenga  kula  ngaturaken  menggah rantamaning adicara ingkang badhe kita tindakakan ing kalodhangan menika.
Angka  sepisan,  atur  pangandika  saking  Bapa  Waluyo,  ingkang  badhe dipun  pangarsani  dening  panjenenganipun  Kyai  Haji  Ahmadi  Srikaloka
umpaminipun.  Panjenenganipun  Bapa  Waluyo  badhe  ngaturaken  menggah punapa wigatosipun rawuh ing dalemipun Bapak  Permadi ing wekdal menika.
6 Angka    kalih,  atur  panjenenganipun  Bapa  Permadi  ingkang  hamengku
gati,  saperlu  hananggapi  punapa  ingkang  dados  atur  pangandikanipun  Bapa Waluyo.  Bapak  Ir.  Bambang  Parikesit,  kepareng  dados  sulih  saliranipun  Bapa
Permadi. Dungkap  adicara  salejengipun,  inggih  menika  srah-srahan,  minangka
tandha talining   sih katresnan,  ingkang dipunasta  dening keluarga  Bapa  Waluyo, ingkang  badhe  dipunsalirani  dening  Ibu  Magdalena  Tuminem  umpaminipun,
saha  badhe  katampi  dening  keluarga  Bapak  Permadi,  ingkang  badhe dipunsulihsalirani dening panjenenganipun Ibu Candra umpaminipun.
Dene pitepangan antawisipun keluarga Bapak  Waluyo, ugi Bapa  Permadi karacik  ing  adicara  ingkang  angka  tiga.    Saksampunipun  para  rawuh  sedaya
katuran dhahar sawetawis, lan adicara menika badhe dipunpungkasi mawi adicara pamitan saking Bapa Waluyo. Bapa Permadi kepareng badhe caos angsul-angsul,
minangka tandha tinampining tali katresnan. Mekaten  menggah rantamaning adicara  ing wekdal  menika. Mangga para
rawuh sedaya kula dherekaken mlebet ing adicara ingkang angka sepisan, inggih menika    atur  pangandika  saking  Bapa  Waluyo,  ingkang  badhe  dipun  salirani
dening panjenenganipun Bapa Kyai Haji Ahmadi Srikaloka. Suasana saha sasana kula sumanggakaken.
Para  sedherek  ingkang  kajibah  mandhegani  titi  laksana  adicara  prayogi menawi  kersa  maos  pustaka  saha  reriptanipun  para  sarjana  kados  ing  ngandhap
punika:  Karkono  Kamajaya  kanthi  reriptan  Serat  Centini  Latin,  Nayawirangka kanthi  reriptan  Serat  Tuntunan  Padhalangan,  Padmosukoco  kanthi  reriptan
7 Memetri  Basa  Jawa  lan  Silsilah  Wayang  Purwa  Mawa  Carita,  Sayid  kanthi
reriptan  Bauwarna  Wayang,  Sri  Hartati  Agoes  kanthi  reriptan  Kiat  Sukses Menyelenggarakan Pesta Perkawinan Adat Jawa Gaya Surakarta  Yogyakarta,
Sudi  Yatmana  kanthi  reriptan  Tuntunan  Kagem  Para  Panatacara  Tuwin Pamedhar  Sabda,  Sinartan  Tuladha-tuladha  Medhar  Sabda,  Ulem,  Panyandra,
lan  Suyadi  Respationo  kanthi  reriptan  Upacara  Mantu  Jangkep  Gagrag Surakarta.
B. Atur Pambagya Adicara Lamaran