Sabda Panampi Ular-ular Penganten

18 Mugi ndadosaken pirsa, yoga kula Sri Sadono pancen kirang pana ing pawiyatan. Panggulawenthah ugi dereng wetah. Pramila kasuwun brayat ageng Bapak Dahono paring wulangan, wejangan lan wedharan. Murih gesangipun tambah jejeg, patrapipun langkung madhep, wawasanipun sangsaya manteb. Bapak Ibu Kuswandi kagungan penggalih, bilih thole Sri Sadono kanthi mbangun turut dhumateng dhawuh pangandikanipun Bapak Dahono Suroyo badhe nemahi karaharjan. Ing pungkasan kula nyuwun pangaksami bilih rombongan saking kulawarga Kabupaten Madiun wonten solah bawa ingkang kirang nuju prana. Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

E. Sabda Panampi

Assalamu’alaikum Wr. Wb. Konjuk ing ngarsanipun Bapak tuwin Ibu Kuswandi ingkang winantu ing kabagyan. Ugi rombongan kulawarga saking Madiun ingkang kula hormati, sedaya para rawuh ingkang minulya. Kula dipun dhawuhi dening panjenenganipun Bapak lan Ibu Dahono Suroyo saperlu ngaturaken kasugengan. Anggen panjenengan sami rawuh ing tlatah Salatiga mugi tansah sinartan raos bagya mulya rahayu widada. Rehning sampung terang terwaca sabda pangandika ingkang miyos saking badan wakilipun Bapak Kuswandi, punika kulawarga Bapak Dahono Suroyo namung saged matur sendika dhawuh. Angger Anakmas Sri Sadono katampi lega 19 legawaning penggalih. Malah nami dhapur kalerasan bilih supeketing kekadangan tambah bakuh, raketing memitran tambah kukuh.. Menggahing pranatan ingkang lumampah bilih kulawarga Madiun kaliyan Salatiga sampun manunggal. Ibarat roning suruh, lumah kurep yen disawang seje rupane, yen digigit padha rasane. Bapak lan Ibu Kuswandi ingkang dahat kinurmatan, Anakmas Sri Sadono sampun resmi dados kanca gesangipun anak kula pun Yayuk Setiani. Miturut angger-anggering negari piwulanging agami kalih-kalihipun sampun nunggal cipta rasa karsa. Minangka jejering tiyang sepuh kulawarga Bapak Kuswandi lan Kulawarga Bapak Dahono Suroyo kantun paring puji pangastuti. Mugi dadosa salaki rabi ingkang guyub rukun pindha mimi lan mintuna. Prasajan kemawon ing dinten punika sedaya ingkang rawuh tartamtu ndherek mangayu bagya. Kanthi raos suka sukur, kita sami ndedonga dhumateng ngarsanipun Gusti Allah Swt. Hidayah lan taufik mugi-mugi tansah kaparingan dhumateng kita sedaya. Amin. Akhirul kalam, Wassalamu’alaikum Wr. Wb.

F. Ular-ular Penganten

Assalamu ‘alaikum Wr. Wb Alhamdulillahir robbil alamin, Wassholatu wasalamu ashrofil mursalin waalaihi waaskhabihi aj main, ashaduala ilahailallah, waashaduanna muhammadan rosulullah, Amma Ba’du. Langkung rumiyin mangga kita sami ngaturaken puji syukur ing Ngarsa Dalem Allah SWT ingkang sampun paring kanikmatan, kesehatan, kekiyatan lan 20 keslametan dumateng kita sedaya. Kados dhawuhipun Allah SWT ingkang kaweca ing kitab suci Al-Quran lain sakartum laazi danarkum wa lain kafartum. Inna adzabi lazadid. Artosipun sing sapa wonge tansah syukur marang ingsun, mula ingsun bakal nambah kanikmatan. Nanging sing sapa wonge kafur marang nikmat ingsun, sayekti azab lan siksaku banget larane. Kanthi ngunjukaken raos syukur punika mugi-mugi Allah SWT tansah paring pinten-pinten kanugrahan. Allahuma Amin. Salajengipun salam lan rahmat mugi-mugi tansah konjuk dhumateng ngarsanipun panutan agung Nabi Muhammad SAW ingkang sampun paring wejangan arupi ajaran Islam. Panjenenganipun kanjeng Nabi punika ingkang ngentasaken umat manungsa saking jaman jahiliyah tumuju jaman islamiyah. Jaman ingkang peteng dhedhet dados jaman ingkang terang terwaca. Kanthi atur salam dhumateng kanjeng Nabi, mbenjang ing dinten kiamat kita mugi-mugi pikantuk syafaat. Hadirin wal hadirat, khususipun sang penganten ingkang minulya, inggih punika Mas Sri Sadono lan Mbak Yayuk Setiyani. Mangun bale wisma punika saestunipun ndherek sunahipun Rasulullah SAW, trep kaliyan wulangan ingkang kaserat ing kitab Suci Al-Quran lan hadist Nabi. Tujuanipun supados dados pasangan ingkang sakinah mawaddah warrahmah. Satunggaling bebrayan ingkang kebak ing raos katentreman, kebagyan, kamulyan, kawidadan lan karaharjan. Para rawuh kakung sumawana putri ingkang kawula hormati. 21 Menawi dipun gandhengaken kaliyan angger-anggering nagari, saestunipun mangun bale wisma punika saged nambahi kukuh bakuhing bangsa, sauger katindakaken miturut piwucal ingkang leres. Kaluwarga-kaluwarga ingkang jejeg, ugi mahanani jejeging negeri. Amargi keluwarga punika peranganipun negari ingkang alit piyambak. Madhep mantep, kukuh bakuh lan adeg jejeging wewangunan kulawarga hambok bilih saged sinengkuyung mawi gegebangan ing andhap punika. Tamba ati iku lima ing warnane 1. Maca Quran angen-angen sakmaknane 2. Kaping pindho sholat wengi lakonana 3. Kaping telu wong kang sholeh kumpulana 4. Kaping papat dzikir wengi ingkang suwe 5. Kaping lima kudu luwe ing wetenge. Salah sawijining sapa bisa anglakoni, insya Allah ta’ala bakal ingajabahi. Gansal ajaran kala wau menawi dipun amalaken ing gesang, tartamtu kathah untungipun. Bebrayan ingkang kita bangun lajeng tuwuh katentreman lahir batos. Sauger gesang tansah gegondhelan kaliyan piwucal agami, saestu badhe pikantuk barokah, rohmah lan hidayah. Wusananing atur ihdinas syirathal mustaqim, wa bitaufik wal hidayah. Wassalamu alaikum wr wb. 22

G. Panutup