Ruwatan Murwa Kala TATA CARA ADAT JAWI

55 Dhukun : Punapa talsih kirang ta pak, …. Lan punapa jangkepipun? Lanang : Iya thole … pancen isih kurang .. iki lo jangkepane … kowe tak wenehi pusaka Ceker Ayam …mbesuk men pinter ngupa jiwa….

C. Ruwatan Murwa Kala

Murwa kala saking tembung : purwa kaliyan Kala. Purwa tegesipun : wiwitan. Kala tegesipun : sambe kala utawi bilahi. Dane Murwa Kala punika tegesipun, salah satunggaling carios ing pewayangan ingkang nyariosaken mula bukaning wontenipun sambe kala, bilahi, utaei samubarang ingkang nyilakani dhateng gesangipun para titah ing madya pada. Ruwatan saking tembung Ruwat ingkang artosipun ngrimat utawi njagi. Dados ruwatan punika nggadhahi teges : salah satunggaling tumindhaipun manungsa kanthi srana Ki Dhalang Seati kersaa sabiyantu nagi kayuwananing gesang ing pangajab sageta kalis ing sambe kala. Rehning acara Ruwatan punika kalebet upacara ingkang anggadhahi Nilai Kultural, mila boten sedaya dhalang saget ngleksanaaken. Miturut kapitadosan Jawi ingkang kuwagang ngleksanaaken Ruwatan punika namung Dhalang Sejati. Sadaya kala wau kanthi pangajab supados saget kasembadan punapa ingkang dipun kersaaken murih tentreming gesang, boten manggih rubeda, kalis ing sambekala. Acara Ruwatan utawi Murwa Kala punika kanthi nggelar carios ingn pewayangan, dane wekdalipun saget siang, saget ugi wanci dalu, miturut dhateng 56 panyuwunipun ingkang kagungan kersa. Perlu kawuningan bilih Pagelaran Mggit wonten acara Ruwatan punika benten sanget kaliyan pagelaran ringgit limrahipun awis ing acara Ruwatan punika mawa Sesaji ingkang maneka wami cacahipun. Dane paraga ingkang ngayahi ing acara Ruwata punika : Dhalang Sejati, Keluarga ingkang dipun ruwat, Waranggana, Wiyaga ingkang minangka pengiring ing tata pakeliran. Gendhing Ayak kempul arang, slendro wolu. Kayon kabedhol lajeng dipun puter laras kaliyan ungeling gendhing, lajeng kasishaken manengen. Jejer Ing Kayangan Suralaya. Bathari Durga ya Dewi Umayi ingkang kaadhep Bethara Kala dalah Sang Hantogo. Kothak kadhodhog : Dhero-dhog-dhog Janturan : Ya anenggih inigeg ing gelar, menika waminipun Kahyangan Suralaya. Ing ngriku Sang Hyang Betheri Durga, ya Nini Permani Beja Bethari Uma, inggih winastan Dewi Umayi. Panjenenganipun nampi sowaning kang putra Bathara Kala ingkang sampun kathingal lenggah amarikelu yayah konjem ing bantala wedanane ing ngarsaning pun ibu. Ingkang dipun rembag bab pepancening tedhanipun Bathara Kala saking pun Rama Sang Hyang Bathara Guru ugi saking pun ibu. Bethari Durga : Hong wilaheng sekaring bawana, E..e..lae-lae ya Jagad ya Bathara mangko-mangko ngger Bathara kala, kulup ala padha raharja prapteng kina ana ngabdyantaranung pun ibu ngger? Bethara Kala : He…he… pangestunipun kaneng ibu sowan kula pinanggih raharja, hamung boten langkung keng putra mawantu-wantu 57 ngaturaken sembah sungkem konjok ing ngandhapin pepada kawula nok nun. Btri. Durga : Kaya wus ulun tampa ngger, agawe uka renaning tyas ulun, ora liwat puja pangestuning pun ibu enggal tampanana ya kulup Bathara Kala : Sanget ing panampi kula. Sembah kincuping ata kali hanampi pangestawanipun kanjeng ibu, mugya andadosaken jimat paripih. Btri. Durga : Kejaba saka iku ya ngger, mungguh kaya apa sabanjure jeneng kita sawise nampa pepancen pangan saka ramamu lan ibu, apa ya wus mangerti mungguh kersaning? Bathara Kala : He..he…Saderengipun kula sanget ngaturaken gunging panuwun, dane punapa pun putra sampun pinaringa pepancen tedhan ingkang kathahipun 172 wami. Ingkang kapantha dados tigang perkawis inggih punika , 1. Bab Kelahiran : inggih punika bilih wonten titah ingkang lahiripun boten kaleresan. Umpaminipun lahir sareng ungeling gamelan, ingkan gdipun wastani lahir SAMPIR, lan sateruse. 2. Bab Sedherek : inggih punika bilih wonten sedherek winates, kados upaminipun : lare Ontang Anting, Gendhono- gendhini,Kembang epasang, Uger-uger lawang, Sendhang kapit pancuran utawi pancuran kapit sendhang, Pandawa, lan sateruse. 58 3. Bab Sembranan : inggih punika bilih wonten titah ingkang tindhakipun sembrana ngantos damel kapitunaning sanes upaminipun : Adang rubuh dandangipun, damel griya boten di ampik-ampiki, damel bumbung bolong ngisor dhuwur, nanem waluh ing ngajeng griya tanpa dianang-anjangi lan sateruse. Sedaya kala wau dados memangsanipun Bathara Kala kalamun derang dipun Ruwat daning Dhalang Sejati. Mila saking punika dhuh kanjeng ibu, rehning sampun titi wancinipun, kalilanana putra paduka mandhap dhateng madya pada, saha pangestunipun kanjeng ibu ingkang kula suwun. Btri. Durga : ya..ya.. kulup enggal mudhuna mring madya pada, sing ati-ati, pangestune kanjeng ibu kaya banyu mili, ngger. Mungel gangsa ayak kempul kerep : Bathara Kala kaliyan Hantogo mandhap mring ngarcapada

D. Tingkeban