43 Karkating tyas katuju, jibar-jibur adus banyu wayu, yuwanane turun-
temurun tan enting, liyan praja samyu sayuk, keringan saenggon-enggon. Tatune kabeh tuntun, lelarane waluya sadarum, tyas prihatin ginantun suka
mrepeki, wong ngantuk anemu kethuk, isine dinar sabokor. Amung padha tinumpuk, nora ana rusuh colong jupuk, raja kaya
cinancangan angeng nyawi, tan ana nganggo tinunggu, parandene tan cinolong. Diraning durta katut, anglakoni ing panggawe runtut, tyase katrem
kayoman hayuning budi, budyarja marjayeng limut, amawas pangesthi awon. Ninggal pakarti dudu, pradapaning parentah ginugu, mring pakaryan
saregep tetep nastiti, ngisor dhuwur tyase jumbuh, tan ana wahon winahon. Ngratani sapraja agung, keh sarjana sujana ing kewuh, nora kewran mring
caraka agal alit, pulih duk jaman runuhun, tyase teteg teguh tanggon.
E. Wejangan Kidung Rumeksa Ing Wengi
Kanjeng Sunan Kalijaga paring wejangan luhur lumantar Kidung Rumeksa ing Wengi. Tumraping kalangan kejawen, kidung punika wingit sanget.
Kaplalah wonten ingkang nyebat japa mantra. Sinten kemawon ingkang maos saged mbadharaken tiyang ingkang damel piawon. Mila kidung punika ugi
kuncara sanget.
Dhandhanggula
Ana kidung rumeksa ing wengi, teguh ayu luputa ing lelara, luputa bilahi kabeh, jim setan datan purun, paneluhan tan ana wani, miwah panggawe ala,
gunanging wong luput, geni atemahan tirta, maling adoh tan ana ngarah mring mami, guna duduk pan sirna.
44 Sakabehing lara pan samnya bali, sakeh ngama pan sami miruda, welas
asih pandulune, sakehing braja luput, kadi kapuk tibaning wesi, sakehing wisa tawa, sato galak lulut, kayu aeng lemah sangar, songing landhak guwaning wong
lemah miring, myang pokiponing merak. Pagupakaning warak sakalir, nadyan arca myang segara asat, temahan
rahayu kabeh, apan sarira ayu, ingideran kang widadari, rineksa malaikat, sakathahing rasul, pan dadi sarira tunggal, ati Adam uteku Baginda Esis,
pangucapku ya Musa. Napasku Nabi Musa linuwih, Nabi Yakub pamyarsaningwang, Yusup ing
rupaku mangke, Nabi Dawud swaraku, jeng Suleman kasekten mami, Nabi Ibrahim nyawaku, Edris ing rambutku, Bagendha Li kulitingwang, Getih daging
Abu Bakar singgih, Balung Bagenda Usman Sungsumingsun Patimah linuwih, Siti Aminah bayuning angga, Ayub ing
ususku mangke, Nabi Nuh ing jejantung, Nabi Yunus ing otot mami, Netraku ya Muhammad, pamuluku rasul, pinayungan Adam sarak, sampun pepak sakathahing
para nabi, dadya sarira tunggal. Wiji sawiji mulune dadi, apan pencar saisining jagad, kasamadan dening
date, kang maca kang angrungu, kang anurat kang anyimpeni, dadi ayuning badan, kinarya sesembur, yen winacakna ing toya, kinarya dus rara gelis laki,
wong edan nuli waras. Lamun ana wong kadhendha kaki, wong kabanda wong kabotan utang,
yogya wacanen den age, nalika tengah dalu, ping sawelas macanen singgih, luwar saking kabanda, kang kadhendha wurung, aglis nuli sinauran mring hyang,
suksma kang utang puniku singgih, kang agring nuli waras.
45 Lamun arsa tulus nandur pari, puwasaa sawengi sadina, iderana galengane,
wacanen kidung iku, sakeh ngama sami abali, yen sira lunga perang, wateken ing sekul, antuka tigang pulukan, musuhira rep sirep tan ana wani, rahayu ing
payudan. Sing sapa reke bisa nglakoni, amutiya lawan anawaa, patang puluh dina
wae, lan tangi wektu subuh, lan den sabar sukuring ati, Insya Allah tinekan, sakarsanireku, tumrap sanak rakyatira, saking sawabing ngelmu pangiket mami,
duk aneng kalijaga. Wondene pralambang tuwin pralampita minangka tuntunan dhateng para
ummat ingkang sampun ngambah tarekat wau, ingkang tamtu mikantuki, inggih kedah ngangge prabot saking bab-bab ingkang dipun senengi ing akathah saha
gandheng kalayan kapitadosaning agaminipun. Kasenenganing akathah ingkang makaten wau, saged pinanggih ing tetingalan ringgit purwa. Awit saking punika,
mila tetingalan ringgit purwa ingkang sampun wonten samangke punika, inggih kedah dipun ewahi kalarasaken kalayan kaislaman, dadosa srana panetah tumrap
ummat Islam ingkang sampun ngambah tarekat. Mila tetingalan ringgit purwa sami dipun senengi tetiyang kathah ingkang
gandheng kalayan kapitadosaning agami, jalaran: wontenipun tetingalan punika pancen iyasanipun para ulu-uluning agami Siwah, kangge mujudaken
piwulangipun ingkang kawrat ing serat Mahabharata. Kadosta: dumadosipun para titah, para dewa ingkang nitahaken, jim peri prayangan, suwarga naraka,
papasthining manungsa, sadayanipun saged kamot ing gambaran ringgit purwa. Jalaran saking wujud makaten wau, pangaji-ajinipun tetiyang kathah dhateng
46 tetingalan ringgit, prasasat boten beda kaliyan pangaji-ajinipuni dhateng para
dewa panutanipun. Saben tiyang nanggap wayang, tamtu boten tilar upacara sesaji tuwin kekutug dupa ratus sapanunggalipun kados dene sesaji dhateng para dewa
panutanipun. Saking agenging kapitadosan, ngantos lahiripun jabang bayi ingkang
manut kapitadosanipun agami Siwah tuwin Buda pinasthi dados mangsanipun Bathara Kala, ugeripun sampun dipun sranani tatacara ngruwat ingkang
katindakaken sarana tetingalan ringgit wayang lampahan murwakala, ngantos diwasaning bayi wau, sampun rinaos uwal saking papasthen dados mangsaning
Bathara Kala. Mila, kamosrikan ingkang ngantos samanten lebetipun punika, saking sekedhik kedah dipun icali. Nanging caranipun ngicali, kedah tansah
kanthi kawicaksanan, sampun ngantos damel kagetipun tetiyang kathah. Kapara malah kaangkah sagedipun nuju prana.
Makaten wigatosing usulipun Kangjeng Sunan Kalijaga ing parepatanipun para Wali. Usul wau ugi dipun sarujuki saha ugi katindakaken. Upacara dalah
lampah-lampahipun, angepleki usul rembagipun Kangjeng Sunan Kalijaga.
47
BAB V TATA CARA ADAT JAWI