16 Rehne sampun sawetawis anggenipun lelenggahan, kasuwun para tamu
kersa angrahapi pasugatan ingkang cumawis. Dhaharan lan unjukan ingkang sampun samapta, enggala dipun incipi kanthi eca lan sekeca. Sampun ngantos
tidha-tidha ewuh pakewuh, sungkan ing galih. Dipun penggalih kemawon bilih tlatah Salatiga sami kaliyan kawontenan ing wewengkon Madiun. Prayogi
kadamel manah mardika. Wiwit sawulan kepengker, brayat ageng Bapak Dahono sampun siaga ing
gati, sawega ing dhiri. Ing pangajape tumapaking upacara pahargyan ing ari kalenggahan punika lumampah kanthi gancar lancar, urut patut, luwes lan pantes.
Udhu bahu suku lan panemu rinten dalu dipun kuras ngantos telas. Parandene kados ingkang dipun pirsani, bilih titi laksana pawiwahan kathah kirang
langkungipun. Papan saha pangantan tebih saking raos pangalembana. Pramila saking menika, bapak lan ibu Dahono Suroyo sanget-sanget
panyuwunipun mligi kagem rombongan brayat penganten kakung dalah para lenggah kesdu paring lubering sih samudra pangaksami. Wusana mugi sami
basuki lestari. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
C. Kalam Ilahi
Sabda pangandikanipun Kanjeng Sinuwun Paku Buwono IV ingkang kaweca ing serat Wulangreh: Jroning Qur’an nggoning rasa jati. Jumbuh kaliyan
reroncening acara bilih ing ari kalenggahan punika badhe kababar kumandanging Kalam Ilahi.
17 Wondene ingkang kajibah maos Kitab Suci inggih punika sedherek Taufik
Ali, sinartan sari tilawah dening sedherek Siti Aminah. Papan lan wekdal sakrampungipun kawula aturaken. Sumangga kita
migatosaken kanthi manah sareh, murih wosing gati saged pikoleh.
D. Pasrah Penganten Kakung
Assalamu alaikum Wr. Wb. Katur dumateng ngarsanipun Bapak lan Ibu Dahono Suroyo ingkang
satuhu luhuring budi. Para sesepuh pinisepuh ingkang dahat kinabekten. Tuwin sanggyaning para tamu ingkang minulya.
Ngaturi kawuningan bilih kawula matur ing ngarsa panjenengan sami, awit nuhoni dhawuhipun Bapak Kuswandi saking Madiun. Gembiraning manah lir
pendah kajugrugan wukir sari, kebanjiran samodra madu. Ngantos Bapak saha Ibu Kuswandi mboten kuwawi ngandharaken pangandikan. Ukara lan sabda katutup
agenging kabagyan. Punika ingkang anjalari Bapak lan Ibu Kuswandi lajeng wewakilan dhumateng kula. Cekak aos, kula kapatah dados talang atur.
Bapak saha Ibu Dahono Suroyo ingkang kinurmatan, kanthi raos lahir batos ing madyaning pawiwahan agung menika kawula pasrah Angger Sri
Sadono. Ing pangajab Bapak miwah Ibu Dahono Suroyo kesdu nampi dados putra. Wiwit dinten punika purba wasesa sawetahipun kawula sumanggaaken.
Kula suwun Bapak Ibu Dahono Suroyo kersa momong thole Sri Sadono kados putra piyambak.
18 Mugi ndadosaken pirsa, yoga kula Sri Sadono pancen kirang pana ing
pawiyatan. Panggulawenthah ugi dereng wetah. Pramila kasuwun brayat ageng Bapak Dahono paring wulangan, wejangan lan wedharan. Murih gesangipun
tambah jejeg, patrapipun langkung madhep, wawasanipun sangsaya manteb. Bapak Ibu Kuswandi kagungan penggalih, bilih thole Sri Sadono kanthi mbangun
turut dhumateng dhawuh pangandikanipun Bapak Dahono Suroyo badhe nemahi karaharjan.
Ing pungkasan kula nyuwun pangaksami bilih rombongan saking kulawarga Kabupaten Madiun wonten solah bawa ingkang kirang nuju prana.
Matur nuwun. Wassalamu’alaikum Wr. Wb.
E. Sabda Panampi