32
BAB IV WEDHARING SABDA ADITAMA
A. Tepa Palupi Panganten Putri
Saderengipun winengku kakung, prayogi sanget menawi para pawestri sinau babagan tatan bale wisma. Kados pundi bekti dhumateng tiyang sepuh,
garwa lan kadang wredha. Langkung-langkung panggulawenthahing putra. Menika kedah angsal kawigatosan. Pratelan ing ngandhap menika saestu piguna
sanget kagem para putri ingkang badhe nambut silahing akrami. Para sedherek ingkang kadhapuk dados Pamedhar Sabda prayogi sanget ngginakaken rerepen
sekar yasan para pujangga Jawi punika.
Kinanthi
Dhuh ger putra putraningsun, nadyan wus kanthi pinusthi, Marang Hyang Kang Murbeng Titah, graitaning para putri, saprahastha para putra, tarantananging
pamikir. Marma ger aywa sireku, pasang sumeh jroning ati, katitik tyas lan
sembada, marang apngaling Hyang Widdhi, kang widagda tuhu wignya, anyolahken bawa maring.
Iya ing manungsa sagung, luwih maning dera kardi, solah bawaning narendra, kang datan sepi pambudi, gyanya ngampil ing agama, kasuciyaning
dumadi. Tinindakken lawan patut, pinantes-pantes tiniti, tinimbang lan isinira,
nagara Surakarta di, tan kena ge kinukuhan, angkuhing tyas anglakoni.
33 Nini putri putraningsun, marma-marma sira sami karjeting duga watara,
rasakna dipunsatiti, tata kang terang, pangroncenira pamikir. Kekeren aywa kasusu, sukuring ati sinipi, piridanira kang kurang, mring
lelakoning dumadi, dumadine kadi sarah, anut ombaking jaladri. Yen dinadak tanpa usul, asaling nalar linuri, nalurining kang lelakyan, yen
tinalar datan luwih, winayu purbaning suksma, suksmanen dipunkatitik. Yen kasusu tan katemu, mung nemu tyas datan titi, tyas keker katiban tata,
tataning sang kang tumitih, e yatalah awakingwang, dadi gandrung maweh wangsit.
Wasita mring putraningsun, gandrunga sira ningali, lelakon kang molah saka, kaki kinira Hyang Widdhi, mugi putraning narendra, pracaya nalongseng
Widdhi. Supaya was cipta ayu, yuwana manungku manis, ywa ngenes dulu
kahanan, lelakon dunya puniki, mung kudu sumanggeng karsa, karsa karsaning Hyang Widdhi.
Dadi tyasireku banjur, jembar nora ngijir-ijir, jari jwa angetang etang, mung denetung budi langes, ngipatken karseng Hyang Suksma, suksmanen ywa
age dalih. Leladan, karsaning napsu, sungkawa kasedan swami, nora ngangge miyak
maya, maya-mayaning tyas ening, o ngger ywa mangkono sira, lelakoningsun puniki.
34 Satuhuni sira durung, terang lir Hyang Murbeng Pasthi, marma ger putra
wanudya, samya sedyaa ing ati, tata titining cuawang, angadhang tekdiring Widdhi.
Di-adining putri prabu, utameng tyas kang pinusthi, tegese utama sabar, mring pancabyaning ati, tinampan sukur lan rila, legaweng tyas nrus ing budil.
Budiman pinangkul-pangkul, kasmaran kinempit-kempit, pinupu-pupu tan pisah, sasat kadi sun mang brangti, lya marang ibunira, kang tega ninggal wak
mami. Pirangbara putraningsun, gonira darbe sudarmi, kang lagya gandrung
asmara, pujinen bisa tumuli, ana sihing takdirolah, paring wahyu wanitaa di. Katitisan Jiwanipun, ibunta kang uwis kalis, lilaa yen wus pranyata,
katiban wahyuning sori, sira para putraningwang, wanudya putra narpati. Mrih pinasthia rahayu, yen rahyu sapa manggih, gumuyu denya
kasrambah, basuki sajroning puri, pura ya bisa angambar, nglimputi marang nagari.
Gara-gara kadi tedhuh, wawiyat ima na wedi, sakabehe pandaming rat, surem kawaranan riris, nadyan kalamun dennalar, mingseting masa sayekti.
Nging sira pra putriningsun, sumurupa, sira sami, kabeh kahananging jagad,ing dalil kang denarani, sakathahing Asya mangka, dudu pangeranireki.
Nanging wenang iku lamun, tinampan wangsiting Widdhi, utawa dadi cundhaka, cundhakanira Hyang Widdih, dipunawas ing sasmita, jroning jagad den
ta titik.
35 Titi pan asthaning wuruk, mring putraningsun pra putri, ri Soma tanggal
sapisan, Ruwah Be dipuntengeri, osiking rat esthi nata, nata nitik wruh utami.
B. Tepa Tuladha Panganten Priya